Gudheg
Gudheg punika daharan khas saking Yogyakarta lan Jawi Tengah, ingkang dipun damel saking gori (nangka ingkang tasih enèm),dipun kekep kaliyan ron jati lan dipun godhog ngagem uyah, moto, kluwek lan bumbu sanèsipun. Dipunperlokaken wekdal lami kanggé masak gudheg. Werni coklat biasanipun dipunasilaken saking ron jati ingkang dipunmasak sesarengan. Gudheg dipundhahar nganggé sekul lan dipunsajèkaken nganggé kuah santen kenthel (arèh), ayam kampung, tigan, tahu lan sambel gorèng krècèk.
Wonten werni-werni varian gudheg, ing antawisipun:
- Gudheg garing, inggih punika gudheg ingkang dipunsajèkaken nganggé arèh kenthel, langkung kenthel tinimbang santen wonten ing masakan padang.
- Gudheg teles, inggih punika gudheg ingkang dipunsajèkaken nganggé arèh èncèr.
- Gudheg Solo, inggih punika gudheg ingkang arèhipun awarni pethak.
[sunting] Caranipun nyajekaken gudheg
Gudheg biyasa dipunsajèkaken kalian tigan bacem, tempe bacem, tahu bacem, sambel goreng krecek ingkang dipun damel saking kulit lembu ugi wonten ingkang dipunsajèkaken kalian ayam goreng kalasan[1]. Wadhah kangge nyajèkaken gudheg ugi warni-warni, antawisipun tampah alit saking pring, wadhah kendil utawi piring kados dedhaharan liya[2].
[sunting] Cathetan suku
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.