Bongko

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bongko
Informasi
Asal Indonésia
Dhaérah Jawa
Penyajian lan bahan
Bahan beras

Bongko iku salah siji jinising panganan khas ing Jawa Tengah, kang digawé saka tepung beras. Bongko iku panganan kang digawé nalika ana khajatan. Tuladhané nalika ana adicara pengantènan, lamaran, khitanan, lan sapanunggalané. Nanging, ana kapercayan yèn ana jajan bongko diiderké/diterké ing tangga teparo ing wayah wengi iku pratandha ana lamaran. Bongko dibungkus nganggo godhong gedhang, wujudé kaya bungkus bothok.

Bongko ana werna-werna jinis antara liya sing misuwur yaiku: Bongko menir lan Bongko gedhang. Ana manèh sajinis bongko nanging isiné degan (klapa anom)lan roti, jenengé jangkong.

Carané Panggawéné [sunting]

  1. Glepung beras diulèni, diwènèhi santen klapa, uyah, gula(bisa uga diwènèhi isi gula jawa)
  2. Banjur diwadhahi godhong gedhang
  3. Banjur di dang.

Deleng uga [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bongko&oldid=682475"