Kupat
|
Kupat |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | beras |
Kupat utawa ketupat iku panganan khas Asia Kidul-Wétan mawa bahan dhasar beras sing dibungkus nganggo selongsong saka nam-naman godhong klapa (janur). Kupat paling akèh tinemu wektu prayaan Lebaran, nalika umat Islam ngrayakaké rampungé sasi pasa.
Panganan khas sing miunakaké kupat antara liya: kupat tahu (Grabag, Kabupatèn Magelang), lan kupat glabet (Kutha Tegal). Kupat uga kerep dihidangaké nganggo saté utawa Opor. Saliyané ing Indonesia, panganan kupat uga ditemokaké ing Malaysia, Brunei lan Singapura.
Ana rong jinis wangun kupat yaiku kepel (luwih umum) lan jajaran genjang. Saben wangun nduwèni alur nam-naman sing béda. Kanggo gawé selongsong kupat perlu dipilih janur sing kualitasé apik, yaiku sing dawa, ora kanomen lan ora ketuwan.
[sunting] Panggunaan liya
Ing sawetara kalangan ing Jawa, kupat kerep digantung ing sandhuwuring lawang omah minangka jimat. Masyarakat ing dhaérah kasebut isih ngugemi tradhisi supaya ora gawé kupat ing dina-dina biasa, saéngga kupat mung disuguhaké wektu lebaran lan nganti sepasar sawisé kuwi. Déné ing Bali, kupat kerep dipersembahaké minangka sesajèn upacara.
[sunting] Delengen uga
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||