Moho
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Moho |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | glepung beras |
Moho iku salah siji jènising panganan kang digawé saka glepung beras. Moho iku panganan khas ing tlatah Jawa utamané ing Kabupatèn Blora lan saubengé. Panganan iki uga tinemu ing tlatah Kabupatèn Cirebon. Wujud panganan moho biasané bunder awarna putih lan pérangan dhuwuré mekrok mèmper wujud kuwé apem cingkir.