Kabupatèn Blora

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kabupatèn Blora
Lambang Kabupatèn Blora
Lambang Blora
Motto: "Çaçana Jaya Kerta Bhumi"
Peta Lokasi Kabupatèn Blora
Dina Dadi: 11 Desember 1749
Ibukutha: Blora
Bupati: Drs. Djoko Nugroho
Wakil Bupati: H. Abu Nafi SH
Jembar
 - Total:

1.794,40 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

16 Kecamatan
Pedunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 0,827 yuta
+/- 461 / km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buddha
Basa: Dhialek Blora, Basa Jawa lan Basa Indonesia

Kabupatèn Blora iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasine ing sisih wetan, tapel wates karo Propinsi Jawa Wétan, udakara 127 km sisih wétané Semarang. Kutha Blora iku ibukutha kabupatèné, déné kutha-kutha liyane : Cepu, Ngawen, Kunduran, Jepon, Jiken, Doplang, Randublatung, Kradenan lan liya-liyané. Jembaré wilayah Kabupatèn iki ± 1.794,40 km2 utawa 179.440 hektar. Salah sawijining daerah aliran Bengawan Solo sing diarani Bengawan Soré, kawentar minangka daerah sing dadi lokasi perang antarané Arya Penangsang lan Sutawijaya sing dicritaaké ana ing Legenda Arya Jipang. Liyané Legenda Arya Penangsang karo jaran Gagak Rimangé, Kabupatèn Blora uga kawentar dening anané ajaran Saminisme sing asalé saka tlatah Klopodhuwur Blora. Masyarakat Samin iki kerep banget didadèkaké obyèk penelitian dening para mahasiswa utawa peneliti liyané saka Universitas Gadjah Mada lan Lembaga Pawiyatan Luhur liyané.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Kirab Dina Dadi Kabupaten Blora ke-261

Kawit jaman Keraton Pajang nganti jaman Keraton Mataram Kabupatèn Blora arupa daerah wigati tumrap Pemerintahan Pusat Kraton, amarga Blora kawentar alas jatiné. Blora wiwit owah statusé saka apanage dadi daerah Kabupatèn ana ing dina Kamis Kliwon, tanggal 2 Sura tahun Alib 1675, utawa tanggal 11 Desember 1749 Masehi, lan nganti saiki dadi DINA DADI KABUPATEN BLORA. Bupati sing kapisan yaiku WILATIKTA. Sejarah perlawanan Rakyat Blora nglawan penjajah Walanda sing dipelopori déning para among tani diwiwiti ing akhir abad ka 19 lan awal abad ka 20. Perlawanan para tani iku mau magepokan karo sangsaya munduré kaanan sosial lan ekonomi warga desa. Pajak Kepala sing ditrapaké nalika taun 1882 pancèn dirasa abot déning para petani saéngga para petani dipimpin déning Samin Surosentiko miwiti perlawanan sing dikenal ana sejarah minangka Gègèr Samin.[1].

Geografis[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Blora nduwèni tlatah sing paling endhèk 30 nganti 280 mèter sak ndhuwuré permukaan segara, déné sing paling dhuwur nganti 500 mèter sak ndhuwuré permukaan segara. Kecamatan Japah minangka tlatah sing paling dhuwur, déné Kecamatan Cepu minangka tlatah sing paling endhèk dhéwé. Wilayah Kabupatèn Blora diapit déning Pagunungan Kendheng Lor lan Pagunungan Kendheng Kidul, kanthi susunan lemah arupa 56 % gromosol, 39 % mediteran lan 5 % aluvial. Miturut tata guna tanah, daerah alas minangka tlatah sing paling amba dhéwé yakuwi kurang luwih saka 90 hektar utawa 49,66 persèn, disusul lahan sawah kurang luwih 46 hektar lan tegalan 26 hektar. [2] Kecamatan Cepu sing kawentar sugih kekandutan lenga patra (Blok Cepu), minangka wates karo Propinsi Jawa Wetan (Kabupatèn Bojonegara lan Kabupatèn Ngawi). Tapel wates mau arupa tapel wates alam, yakuwi Kali Bengawan Solo.

Dunungé[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Blora dumunung ana ing wilayah paling pucuk wétan Propinsi Jawa Tengah. Jarak paling adoh saka kulon mengétan antara 57 km lan jarak paling adoh saka lor mengidul kira-kira 58 km.

Pintu Gerbang ke Blora saka arah Purwodadi

Wates Astronomis[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Blora dumunung ana ing antarané 111°0'16" nganti 111°33'8" Bujur Wetan lan antarané 6°5'28" nganti 7°2'48" Lintang Kidul.[3]

Wates Administratif[sunting | sunting sumber]

Pemerentahan[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Blora ketata jroning 16 kecamatan, 24 kelurahan lan 271 désa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Blora yaiku:

Bakul Legen ning Alun-alun Blora

Ékonomi[sunting | sunting sumber]

Gambar:Kerajinan Jati saka Jepon Blora.jpg
Kerajinan Jati di Jepon Blora
Alas Jati Blora

Tetanèn[sunting | sunting sumber]

Pertanian minangka sektor utama perekonomian Kabupatèn Blora. Pari, téla pohung, lombok abang, dadi produk unggulan masyarakat petani ing Blora. Nanging kuciwané akèh sawah sing durung keduman pengairan saéngga panèné mung setahun pisan. Yèn mangsa ketiga para among tani padha nandur semangka, timun, utawa krai. Dene sub sektor kahutanan pancèn Kabupatèn Blora wis kawentar biyèn mula minangka tlatah sing ngasilaké kayu jati sing kualitasé paling apik ing Pulo Jawa. Kurang luwih 49,66 persen luas tlatah Kabupatèn Blora dipigunakan kanggo alas negara, kapara dadi telung kesatuan administrasi yaiku KPH Randublatung, KPH Cepu, lan KPH Blora.

Dedagangan[sunting | sunting sumber]

Komoditas perdagangan sing paling utama ing Blora arupa produk kayu jati, kayata industri asil kayu, mèbel, kerajinan kayu gémbol, kerajinan sovenir saka bahan kayu jati. Saliyané kuwi produk-produk hasil tetanèn arupa pari utawa beras, gedhang, jagung, téla, lombok abang, lan liya liyané.

Pertambangan[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Blora wiwit jaman Walanda wis kawentar minangka daerah penghasil lenga patra. Jaman biyèn diolah déning Perusahaan Walanda BPM. Nganti sapréné isih ana tilasé arupa sumur-sumur lenga sing isih migunaaké pompa angguk. Liyané kuwi uga ana Akademi Migas ing tlatah Sorogo sing saiki jenengé dadi Pusat Pendidikan Latihan Migas. Sawisé mati puluhan taun, ora ana penambangan manèh, ujug-ujug taun 2006 ditemokaké cadangan lenga sing akèh banget ing tlatah Blora lan Bojonegoro sing kawentar kanthi jeneng Blok Cepu. Ladang lenga patra sing kawentar kanthi jeneng Blok Cepu ambané 45 km saka sisih wétan daerah Kapas, Kabupatèn Bajanegara nganti sisih kulon ing Kedung Tuban, Kabupatèn Blora iku, kira-kira ngandut cadangan lenga patra nganti 650 yuta barel lan 1,7 triliun cubic feet gas alam. Masyarakat Indonesia utamané warga Blora lan Bojonegoro mesthi waé ngrasa bungah lan antusias arep diwiwitiné pengeboran sumur-sumur lenga Blok Cepu ana ing pungkasan taun 2007.

Transportasi[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Blora diliwati dalan propinsi sing nyambungaké kutha Semarang lan kutha Surabaya ngliwati Kutha Purwodadi. Dalan liyané sing klebu wigati yakuwi dalan sing nyambungaké kutha Rembang, Blora, Cepu, Bojonegoro, Suroboyo. Sing parané ngidul saka Cepu bisa liwat Ngawi terus Mediun utawa Sragen. Jalur sepur uga ngliwati tlatah Kabupatèn Blora, yakuwi jurusan Jakarta-Suroboyo sing mandheg ana ning Stasiun Cepu.

Dhaptar Bupati Blora[sunting | sunting sumber]

Potrèt Raden Toemenggoeng Ario Said, Bupati Blora kaping sewelas (1921).

Dhaptar Bupati Blora saka taun 1749-2012:[4]

  1. Toemenggoeng Wilatikta (1749-1762)
  2. Toemenggoeng Djajeng Tirtanata (1762-1782)
  3. R.T. Tirtakoesoema (1782-1812)
  4. R.T. Prawirajoeda (1812-1823)
  5. R.T. Tirtanegara (1823-1742)
  6. R.T.A. Tjakranegara I (1842-1843)
  7. R.T. Tirtanegara (1843-1847)
  8. R.T. Natawidjaja (1847-1857)
  9. R.T.A. Tjakranegara II (1857-1886)
  10. R.M.T. Tjakranegara III (1886-1912)
  11. R.M. Said Abdoelkadir Djaelani (1912-1926)
  12. R.M. Tjakraningrat (1926-1938)
  13. R.M. Moerdjana Djajadigda (1938-1942)
  14. R.M. Soedjana (1942-1945)
  15. Mr. Iskandar (1945-1948)
  16. R. Wibisono (1948-1949)
  17. R. Siswadi Djajadigda (1949-1952)
  18. R. Soedjono (1952-1957)
  19. R. Soenartio (1957-1960)
  20. R. Soekirno Sastrodimedjo (1960-1967)
  21. Srinardi (1967-1973)
  22. Soepandi Joedodarmo (1973-1979)
  23. H. Soemarno, S.H (1979-1989)
  24. H. Soekardi Hardjoprawiro, MBA (1989-1999)
  25. Ir. H. Basuki Widodo (1999-2007)
  26. R.M. Yudhi Sancoyo (2007-2011)
  27. Djoko Nugroho (2011-saiki)

Pendidikan[sunting | sunting sumber]

No. Jenis Sekolah Jumlah Sekolah/Akademi/PT Jumlah Guru/Dosen
1 Sekolah Dasar 663 4 690
2 Sekolah Lanjutan Tingkat Pertama 75 1 577
3 Sekolah Lanjutan Tingkat Atas 39 1 151
4 MIN / MIS (Ibtidaiyah) 53 438
5 MTsN / MTsS (Tsanawiyah) 37 513
6 MAN / MAS (Aliyah) 7 157
7 Akademi 2 38
8 Perguruan Tinggi 1 26

Sumber Data : Deptan 2000 [1]

Budaya[sunting | sunting sumber]

Kasenian[sunting | sunting sumber]

  • Seni Tayuban. Tayuban iku sawijining seni kabudayan tradisional sing sumebar ana ing tlatah Blora lan sakubengé. Saliyané kanggo nyambut tamu kaurmatan, tayuban uga dipéntasaké nalika sedekah bumi utawa pesta-pesta adat liyané. Ing sajroning tayuban para tamu sing ketiban sampur olèh kaurmatan kanggo njogèt bareng karo penari tayub.[5] Perkembangan sakbanjurè seni tayub uga ngetutaké perkembangan seléra masyarakat yaiku lebur dadi siji karo musik [dangdut] lan [campursari] sing lagi digandrungi warga. Sawetara kuwi dampak negatipé uga ana yaiku banjur dicampuri ananing minuman keras lan tindak tanduk sing mengarah kurang trapsila, kayadéné sing katulis ana ing majalah Intisari lan kalawarti Kompas.[6], [7], [8]
    Wayang Krucil koleksi Museum Mahameru Blora
  • Barongan. Kesenian Barong utawa Barongan minangka sawijining kesenian rakyat Jowo Tengah. Nanging yèn dibandingaké karo saerah-daerah liya ing Jowo Tengah, sumebaré seni barongan ing Blora pancèn luwih akèh. Liwat Barongan, katon sipat kerakyatané masyarakat Blora, antara liya sipat spontan, kulawargan, prasaja, kasar, kuat, rukun, lan wani lalandhesan kebenaran. Kesenian iki awujud tarian kelompok sing nirokaké Singabarong sing prakosa lan tokoh liyané yakuwi Bujangganong, Joko Lodro, Reog, Noyontoko, lan Untub.[9]
  • Wayang Krucil. Tontonan Wayang Krucil wis rada langka. Sisa-sisa wayangé ana ing tlatah Blora kari didarbèni déning sawetara warga antarané déning dalang Wayang Krucil Supangkat (45), penduduk Desa Janjang Kecamatan Jiken, Blora. Wayang Krucil, utawa ing tlatah liya dijenengi Wayang klithik kuwi digawé saka kayu. Nanging rada béda karo Wayang Golek sing awaké wangun gilig kaya manungsa, wayang krucil wanguné gèpèng, mèmper wayang kulit. Déné gedebog sing biasané dienggo nancepaké wayang diganti nganggo kayu sing di bolongi.[10]
  • Kentrung. Kesenian kentrung awujud seni ndongèng sing dalangé crita sinambi nabuh kentrung, yakuwi sawijiné alat tetabuhan kaya rebana.

Ajaran Samin (Saminisme)[sunting | sunting sumber]

  • Ajaran Kebathinan Samin. Miturut warga Samin ing desa Tapelan, Samin Surosentiko iku bisa nulis lan maca aksara Jowo, katilik saka anané buku paninggalan sing ditemokaké ing Tapelan lan desa-desa liyané. Buku peninggalan Samin Surosentiko sing ana ing desa Tapelan diarani Serat Jamus Kalimasada. Buku iki kapèrang dadi sawetara buku antara liya Serat Uri-Uri Pambudi, yakuwi buku sing isiné ngupakara budi pekerti manungsa. Ajaran Kebatinan Samin Surosentiko apunjer ing kawruh manunggaling kawula gusti utawa sangkan paraning dumadi sing di ibarataké warangka manjing curiga. Kanggo nglawan Pemerentah Kolonial Walanda, Samin Surosentiko ngajak para pendhèrèké nulak mbayar pajek, nulak ndandani dalan, nulak ronda wengi lan nulak kerja peksa/rodi. Perkara kanegaran uga ana ing Serat Pikukuh Kasajaten ajaran Samin Surosentiko, yakuwi negara bakal kawentar lan wibawa yèn bisa didadèkaké panggonan ngeyub kanggo wargané lan para warga tansah nguri-uri ilmu pangetahuan lan urip damai.[11]
  • Geger Samin. Samin Surosentiko lair tahun 1859, ing desa Ploso Kedhiren, Randublatung, Kabupatèn Blora. Bapaké sing jenengé Raden Surowijaya nanging luwih koncar kanthi tetenger Samin Sepuh. Jeneng asliné sakbeneré Radèn Kohar, nanging tembé mburi diowahi dadi Samin, jeneng sing luwih kemrakyat. Wiwit tahun 1890, Samin Surosentiko nyebaraké ajarané ana ing tlatah Klapadhuwur, Blora. Akèh warga desa sakubengé sing uga kepéncut marang ajarané, saéngga jroning wektu ora suwé wis akèh warga sing dadi muridé. Wektu iku Pemerentah Kolonial Walanda durung pati ngrèwès merga dianggep ajaran kebathinan biasa utawa agama anyar sing ora mbebayani tumraping pemerentah kolonial. Ana ing tahun 1903 Residen Rembang nglapuraké yèn ana sawetara 711 pendhèrèk Samin sing nyebar ana ing 34 desa ing Blora bagèan kidul lan Bojonegoro lagi padha nyebaraké ajaran Samin. Tekan titi wanci tahun 1907 warga Samin wis tambah ngrembaka dadi limang èwunan. Pemerentah Kolonial Walanda wiwit ngrasa was-was saéngga akèh pendèrèk Samin sing dicekel lan dikunjara. Nalika tanggal 8 Nopember 1907, Samin Surosentiko diangkat déning pendhèrèké dadi Ratu Adil, kanthi gelar Prabu Panembahan Suryangalam. Patang puluh dina sakwisé pemgangkatan mau Samin Suryosentiko dicekel déning Radèn Pranolo, Asisten Wedana Randublatung. Sakwisé dicekel, Samin lan 8 pendhèrèké dibuang ning luar Jawa nganti sak tilar donyané ing tahun 1914. Kanthi dicekelé Samin tibaké ora matèni Gerakan Samin. Tahun 1908, Wongsorejo, salah sawijining pendhèrèk Samin nyebaraké ajaran Samin nèng Madiun. Ning kéné warga desa diasut supaya ora mbayar pajek marang pemerentah Kolonial. Sidané Wongsorejo lan pendhèrèké uga dicekel lan dibuang ning luar Jawa. Tahun 1911, Surohidin, mantuné Samin Surosentiko karo Engkrak, salah sawijining pendhèrèké, nyebarake ajaran Samin ning tlatah Grobogan; déné Karsiyah nyebaraké ajaran Samin ing tlatah Kajèn, Pathi. Ana ing tahun 1912 pendhèrèk ajaran Samin nyoba nyebaraké ajaran ning tlatah Jatirogo, Tuban, nanging ora kasil. Tahun 1914, minangka pucuking Geger Samin, amerga Pemerentah Walanda ngunggahaké pajek, malahan ing sawetara tlalah kayata ing Purwadadi, Madiun, Pathi lan Bojonegoro, wong-wong Samin wis ora ngregani para Pamong Desa lan Pulisi. Tahun 1930 perlawanan Samin tumrap Pemerentah Kolonial mandheg merga ora ana figur pemimpin sing kuat. Saka data sing ditemokaké ing Serat Punjer Kawitan, disimpulaké yèn Samin Surosentiko iku sawijining Pangèran utawa bangsawan sing nyamar dadi wong cilik kanggo ngumpulaké kekuatan rakyat supaya nglawan pemerentah Kolonial Walanda.[12]

Panganan Khas Blora[sunting | sunting sumber]

  • Saté Blora. Sing paling populèr arupa saté pitik sing disundhuki cilik-cilik nganggo bumbu kacang. Bubar mangan sing di itung sujèné sing digawé saka sada. Salah sawijine bakul sate ayam sing kawentar enak lan bukak rina (sing akeh sate ayam bukak mbengi) yakuwi sate Pak Kadirun, kidul Kantor Polantas anyar - biyen Polres Blora. Jinis saté liyané yakuwi saté jagal utawa saté daging sapi lan saté wedhus.
Mangut Iwak Pé
  • Soto Klethuk. Ora pati béda karo soto saka daerah liya, mung ning Blora sotoné nganggo klethuk, yakuwi gorèngan gemblong telo sing diirisi cilik-cilik marakké tambah mirasa lan duduhe biasane bening.
  • Mangut. Bahan dasar masakan iki arupa iwak panggang “Pé”, yaiku sajenis iwak pari yang diproses kanthi pengasapan nganggo kayu khusus saéngga ngasilaké aroma sing khas. Paling sedhep dicampur témpé lan lombok ijo terus dibumboni lan digodhok nganggo santen. Saliyané dimasak mangut, panggang iwak “Pé” uga énak dipenyèt nganggo sambel trasi.
  • Tahu Lonthong. Tahu Lontong Blora (nèng tlatah liya asring dijenengké Lontong Tahu), pancèn mirasa tenan. Tahu digorèng setengah mateng terus dipress nganggo piring supaya banyune tahu ilang. Banjur tahu ditumpangké sandhuwuring lontong, njur disiram nganggo bumbu kacang kécap. Ning ndhuwuré maněh di wur-wuri kacang lan brambang gorèng. Sing kawentar ning Blora yakuwi Tahu Lontong Yu Tun sing dhasar ing Depot Gajah, Alun alun Blora. Ing kutha-kutha liya uga ana sawetara sing dodol Tahu Lontong Blora, kayata ing Semarang Tahu Lontong Blora mas Aris ing dalan Citarum. Ing Jakarta ana Tahu Lontong / Sate Blora Agus sing bukak warung ning Klender lan Sate Blora Kalibata ing plataran TMP Kalibata. Yèn ing kutha Yogyakarta uga ana Tahu Lontong Blora Bu Puji sing bukak warung ning Baciro.
Lembarang (Rahasia Resep Ibu Poeryoto Ngawen Blora)
  • Lembarang. Lembarang mono klebu golongan janganan / sayuran sing bahan bakune iwak pitik / daging ayam. Bahan : Daging ayam, tewel, labusiem, lombok abang sakcukupe, brambang, bawang, tumbar, kunir, uyah, godong sereh, godong jeruk, santen, kemiri lan laos. Cara masaké: Bumbu-bumbu diulek nganti alus, sakliyané godong serèh, godong jeruk, laos lan santen. Sakwise alus, nembé digongsèng nganggo minyak gorèng nganti mambu wangi. Daging ayam / Sayuran dicemplungké sawisé sauntara wektu, nembé dijogi santen. Sakwise daging ayamé empuk, nembé bisa di hidangké.[13]
  • Jajanan. Saliyané saté lan Soto, akèh panganan utawa jajanan khas Blora antara liya: sangkolun, godrès, gandhos, iwel-iwel, moho, thathakriyak, dumbeg, pasung, cempura, horog-horog, grontol, gendar, gemblong, gendar, untir-untir, lepet jagung.
  • Ombènan. Limun kawis, legèn, wédang cemoè.
  • Woh-wohan. Siwalan, Mindhik, Juwet, Jambu Ménté.
  • Janganan. Krai, Plonco utawa Gendhoyo, Temu Kunci.
  • Krupuk Sarmiyer (Samiler). di gawe soko puhung, diproduksi paling akeh nang deso Wantilgung Kecamatan Ngawen. biasane diiderne gawe pikulan nyampek Suroboyo, Semarang, Malang lan liya-liyane. tapi paling akeh diiderne nang Suroboyo.

Jarak Antarané Ibukutha Kecamatan ing Kabupatèn Blora (KM)[sunting | sunting sumber]

Kecamatan Jati Randublatung Kradenan Kedungtuban Cepu Sambong Jiken Bogorejo Jepon Blora Banjarejo Tunjungan Japah Ngawen Kunduran Todanan
Jati 12 KM 21 KM 26 KM 38 KM 44 KM 53 KM 58 KM 49 KM 43 KM 47 KM 50 KM 43 KM 34 KM 22 KM 38 KM
Randublatung 12 KM 9 KM 14 KM 26 KM 32 KM 41 KM 46 KM 37 KM 29 KM 35 KM 38 KM 50 KM 53KM 34 KM 50 KM
Kradenan 21 KM 9 KM 12 KM 24 KM 30 KM 50 KM 55 KM 46 KM 38 KM 44 KM 47 KM 59 KM 50 KM 43 KM 59 KM
Kedungtuban 26 KM 14 KM 12 KM 12 KM 18 KM 34 KM 47 KM 38 KM 43 KM 49 KM 52 KM 64 KM 55 KM 48 KM 64 KM
Cepu 38 KM 26 KM 24 KM 12 KM 6 KM 22 KM 35 KM 26 KM 34 KM 46 KM 43 KM 55 KM 46 KM 58 KM 74 KM
Sambong 44 KM 32 KM 30 KM 18 KM 16 KM 16 KM 29 KM 20 KM 28 KM 40 KM 37 KM 49 KM 40 KM 52 KM 68 KM
Jiken 53 KM 41 KM 50 KM 34 KM 22 KM 16 KM 13 KM 4 KM 13 KM 24 KM 21 KM 33 KM 24 KM 36 KM 52 KM
Bogorejo 58 KM 46 KM 55 KM 47 KM 35 KM 29 KM 13 KM 9 KM 17 KM 9 KM 29 KM 38 KM 29 KM 41 KM 57 KM
Jepon 49 KM 37 KM 46 KM 38 KM 26 KM 20 KM 4 KM 9 KM 8 KM 20 KM 17 KM 29 KM 20 KM 32KM 48 KM
Blora 43 KM 29 KM 38 KM 43 KM 34 KM 28 KM 13 KM 17 KM 8 KM 12 KM 9 KM 21 KM 12 KM 24 KM 40 KM
Banjarejo 47 KM 35 KM 44 KM 49 KM 46 KM 40 KM 24 KM 9 KM 20 KM 12 KM 21 KM 15 KM 6 KM 18 KM 34 KM
Tunjungan 50 KM 38 KM 47 KM 52 KM 43 KM 27 KM 21 KM 29 KM 17 KM 9 KM 21 KM 22 KM 13 KM 25 KM 41 KM
Japah 43 KM 50 KM 59 KM 64 KM 55 KM 49 KM 33 KM 38 KM 29 KM 21 KM 15 KM 22 KM 9 KM 21 KM 13 KM
Ngawen 34 KM 41 KM 50 KM 55 KM 46 KM 40 KM 24 KM 29 KM 20 KM 12 KM 6 KM 13 KM 9 KM 12 KM 28 KM
Kunduran 22 KM 34 KM 43 KM 48 KM 58 KM 52 KM 36 KM 41 KM 32 KM 24 KM 18 KM 25 KM 21 KM 12 KM 16 KM
Todanan 38 KM 50 KM 59 KM 64 KM 74 KM 68 KM 52 KM 57 KM 48 KM 40 KM 34 KM 41 KM 13 KM 28 KM 16 KM

Plesiran[sunting | sunting sumber]

  • Gua Terawang. Gua Terawang minangka obyèk wisata alam, dumadi saka endapan watu gamping (limestone), Pegunungan Kendheng Utara sing umuré udakara 10 yuta tahun. Dumunung ana ing Desa Kedhungwungu, Keacamatan Todanan, tlatah alas KPH Blora, kurang luwih 35 km sisih kuloné Kutho Blora. Gua Terawang dawané kurang luwih 180 meter lan jeroné 5-11 meter ing ngisor lemah. Ing njeroné ana stalagmit lan stalagtit sing nyata éndah. Ing tlatah iki uga ana sawetara gua liyané yakuwi Gua Kidang, Gua Suru, Gua Manuk lan sapunanggalané.
  • Waduk Bentolo. Waduk Bentolo dumunung ora pati adoh saka lokasi Gua Terawang, yaiku ing Kecamatan Todanan. Waduk Bentolo minangka sumber irigasi kanggo sawah-sawah ing tlatah sakubengé. Sakliyané kuwi Waduk Bentolo uga dadi salah sawijiné obyek wisata lan lokasi Bumi Perkemahan Pancasona.
  • Waduk Tempuran. Waduk Tempuran minangka sarana irigasi, wisata alam lan sarana pembinaan olah raga dayung . Masyarakat sakubengé uga nggunaaké Waduk Tempuran kanggo budidaya iwak karamba. Waduk iki dumunung kurang luwih 10 km sisih lor étane Kutha Blora.
  • Waduk Grènèng. Waduk Grènèng ambané udakara 45 ha, dumunung ana ing Kecamatan Tunjungan, kurang luwih 12 km lor kuloné Kutha Blora. Sakliyané kanggo irigasi, waduk iki uga nduwèni fungsi kanggo miara iwak, pemancingan lan minangka obyèk wisata
    Gambar Loko Tour Cepu Sumber saka: http://www.blorakab.go.id/04_walam.php
  • Loko Tour. Loko Tur ngrupaaké pakèt wisata perjalanan kia-kira patang jam ing alas Cepu Blora nganggo sepur sing digèrèt lokomotip tuwa gawéan Berliner Maschinnenbaun Jerman taun 1928.
  • Pemandian Sayuran. Pemandian Sayuran dumunung kurang luwih 14 km lor étané Kutha Blora. Pemandangan saka tlatah iki pancèn éndah lan hawané seger merga klebu tlatah pegunungan. Pemandian Sayuran uga dilengkapi pemandian kanggo anak-anak lan padhépokan kanggo para wisatawan.
  • Agro Wisata Temanjang. Obyek wisata iki dumunung ana ng tlatah alas jati 16 km kidulé Kutha Blora. Daerah iki kawentar ana sawijining obyek wisata Dungmandur, arupa kedhung sing ora tau sat banyuné lan dikubengi déning sakèhé wit-witan. Ing obyek wisata Temanjang kéné uga ana panggonan kanggo nginep utawa tetirah.
  • Obyek Wisata Gunung Manggir. Arupa wisata alam pegunungan sing dumunung ing pebukitan Manggir, desa Ngumbul, Kecamatan Todanan, udakara 38 km kuloné Gua Terawang. Kayadéné Gua Terawang, obyèk Gunung Manggir iki uga nduwèni gua sing njeroné ana stalagtit stalagmit-é. Sak loré Gua Manggir ana manèh Gua Mangklih sing njeroné ana sendhangé.
  • Obyek Wisata Geologi. Wisata Geologi yakuwi wisata alam utawa wisata ilmu kebumian kanthi obyek sing magepokan karo proses geologi, contoné lenga patra lan gas bumi. Ing tlatah Kabupatèn Blora akèh sumur lenga patra sing diketemoaké déning BPM ing taun 1890. Saka kurang luwih 648 sumur mau 112 sumur isih ngasilaké lenga patra. Nganti saiki isih akèh sumur lenga patra tua sing di budidayaaké déning warga kanthi cara tradisional.
  • Taman Budaya lan Seni Tirtonadi. Sawijining taman rekreasi ing tengah kutha Blora kang senajan cilik nanging pepak saranané kayata kolam renang kanggo diwasa lan bocah cilik, panggung hiburan, kurungan manuk lan liya liyané. Taman Tirtonadi iki jaman biyèn tau dadi Kebun Kewan sing ramé ditekani keluarga, bocah-bocah cilik lan remaja.
Taman Rekreasi Tirtonadi Blora

Tokoh Asal Blora[sunting | sunting sumber]

Mangga Kapurih Ugi Mriksani[sunting | sunting sumber]

Referensi[sunting | sunting sumber]

Pranala Jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kabupatèn_Blora&oldid=880763"