Siwalan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Siwalan | |
|---|---|
| Borassus flabellifer | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Tanduran mawa isi (Spermatophyta) |
| Subdivisio: | Tanduran wijine ketutup |
| kelas: | Tumbuhan wiji siji |
| ordo: | Arecales |
| kulawarga: | Arecaceae |
| Genus: | Borassus |
| Species: | B. flabellifer |
Gambar:Lontar-kupang.jpg
Wit-wit siwalan ing Nusa Tenggara Timur.
Siwalan (Borassus flabellifer, uga dikenal kanthi jeneng lontar utawa tal) iku jinising palma sing urip ing Asia Kidul lan Asia Tenggara. Wit iki utamané thukul ing panggonan sing garing. Ing IndonesiaIndonesia, siwalan utamané thukul ing sisih wétan pulo Jawa, Madura, Bali, Nusa Tenggara Kulon lan Nusa Tenggara Wetan.
Pigunané [sunting]
Godhongé kagunakaké kanggo barang kerajinan lan uga kanggo bahan panulisan naskah rontal. Bahan-bahan kerajinan sing digawé seka godhong siwalan antara liya kipas, tiker, lan sasando.
Wohé uga bisa dipangan. Banyuné (sing sejatiné endosperma cair) bisa difermentasi dadi tuak lan disebut legèn ing basa Jawa.