Iwak pari
| Manta birostris | |
|---|---|
![]() |
|
| Pari manta saka Pasifik | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Chondrichthyes |
| ordo: | Rajiformes |
| kulawarga: | Myliobatidae |
| Subkulawarga: | Mobulinae |
| Genus: | Manta |
| Species: | M. birostris |
| Jeneng binomial | |
| Manta birostris Walbaum, 1792 |
|
Iwak pari (jeneng latin: Manta birostris) iku kalebu salah sijiné iwak kang nduwèni ukuran paling gedhé ing donya.[1] Salah sijiné spesies iwak pari yaiku iwak pari manta utawa kang nduwèni jeneng latin Manta Birostris.[1] Ambané iwak pari saka pucuk sirip dhadha nganti pucuk sirip liyané tekan 7 meter.[1] Boboté iwak pari nganti tekan 3 ton.[1]
Iwak pari ditemokaké ing lautan tropis ing kabèh segara ing donya, kurang luwih antarané 15 drajat lintang lor nganti 35 drajat lintang kidul.[1] Panyebarané kang amba lan penampilané kang unik ndadèkaké iwak iki nduwèni akèh jeneng yaiku "manta Pasifik", "manta Atlantik", "devil fish", lan "sea devil".[1]
Ing Indonésia, pari manta nduwèni jeneng lokal kang béda-béda antarané siji dhaérah karo dhaérah liyané.[1] Jeneng iki kayata cawang kalung, plampangan, lan pari kebo.[1] Diarani pari kebo amarga ana bagéyan awaké kang mèmper kaya sungu kebo ing ndhasé saéngga dianggep mèmper kebo.[1]
Iwak pari khususé pari manta kalebu kéwan kang akèh diburu.[2] Ananging IUCN nerangaké yèn cacahé pari manta durung kalebu kéwan kang dianggep punah.[2] Pupulasi pari manta dianggep arang amarga kagiyatan ing laut lan kahanan laut kang akèh kena polusi, ananging rasio réprodhuksi iwak pari kang asor.[2]
Manta kagolongaké famili Myliobatidae kang cacahé ana 40 spesies.[2]
