Kebo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kebo
Kebo ing Thailand
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Mammalia
ordo: Artiodactyla
kulawarga: Bovidae
Subkulawarga: Bovinae
Genus: Bubalus
Species: B. bubalis
Jeneng binomial
Bubalus bubalis
(Kerr, 1792)

Kebo iku sawijining kéwan sing isih klebu jroning subkulawarga bovinae. Kebo liar utawa diarani uga Arni isih bisa ditemokaké ing dhaérah-dhaérah Pakistan, India, Bangladesh, Nepal, Bhutan, Vietnam, Cina, Filipina, Taiwan, Indonésia, lan Thailand. Panjinakan kebo umum ing Asia, Amérika Kidul, Afrika Lor, lan Eropah. Kebo liar akèh urip lan ditemoni ing Asia Kidul-Wétan, senajan asal-usul kebo iki isih dipitakokaké.

Saiki populasi kebo liar ing Asia wiwit medhun lan dikuwatirké yèn ing mangsa ngarep ora ana manèh populasi kebo liar sing bisa ditemokaké. Kebo diwasa bisa duwé bobot watara 300 kg nganti 600 kg. Kebo liar bisa duwé bobot luwih, kebo liar wadon boboté bisa tekan 800 kg lan kebau liar lanang bisa nganti 1200 kg. Bobot rata-rata kebo lanang yaiku 900 kg lan dhuwur rata-rata ing bagéyan pundhak kebo yaiku 1,7 m. Salah siji ciri sing mbédakaké kebo liar karo kebo dhomèstik yaiku yèn kebo dhomèstik duwé weteng sing bulet. Kanthi anané pacampuran keturunan antarané kebo-kebo karo populasi sing béda, bobot awak kebo bisa manéka warna. Kebo diprakirakaké asalé saka Asia Kidul.

Klasifikasi kebo isih durung cetha. Sapérangan autoritas nglompokaké kebo minangka sawinijing spesies Bubalus bubalis kanthi telung subspesies yaiku Kebo kali (B. bubalis bubalis) sing asalé saka Asia kidul, Kebo (B. bubalis carabanesis) utawa kebo rawa sing asalé saka Asia kidul-wétan lan Arni utawa kebo liar (B. bubalis arnee). Jinis liya biasané isih kerabat cerak karo subspesies iki. Kebo rawa sing bisa ditemokaké ing Asia kidul-wétan duwé 48 kromosom. Kebo kali duwé 50 kromosom. Keturunan saka loro subspesies iki bisa ditemokaké lan bisa ngasilaké keturunan, senajan kebo-kebo mau ora bisa tangkar-tumangkar karo sapi sing duwé 60 kromosom.

Susu kébo akèh dipigunakaké déning manungsa. Contoné minangka bahan kèju Mozzarella. Daging kebo uga arupa asil èkspor utama ing India. Senajan mangkono daging kebo kurang disenengi ing Asia amarga atos. Kulit kebo asring dipigunakaké uga minangka sepatu lan hèlm pit motor.

Asia[sunting | sunting sumber]

Kebo ing Indonésia

Asia iku papan asal kebo. 95% saka populasi kebo ing donya ana ing Asia. Akèh negara-negara Asia sing gumantung marang spesies iki, dialap dagingé, susuné, utawa tenaga kerjané. Nalika taun 1992 populasi kebo ing Asia diprakirakaké nganti 141 yuta. Kadhar lemak saka susu kebo iku dhuwur banget. Ana loro subspesies sing urip ing Asia yaiku kebo kali sing bisa ditemokaké ing Nepal tekan ing kadhuwuran 2.800 m, lan kebo rawa sing urip ing dhataran asor. Kebo bisa urip kanthi èfisièn jroning mangsa-mangsa kekurangan pakan, sing marakaké kéwan iku tahan urip. Kebo asring dipigunakaké kanggo ngluku sawah, amarga kebo bisa obah ing lendhut adoh luwih apik tinimbang sapi.

Ing alam liar mung sethithik populasi kerbo liar sing isih urip. Kebo liar India bisa ditemokaké ing India, Pakistan, Bangladesh, Nepal, Bhutan lan Thailand. Kebo iki duwé sungu sing gedhé banget mawa rata-rata ukurané 1 m. Senajan mangkono kebo sing ditembak nalika taun 1955 duwé sungu sing ukurannya saka pucuk siji tekan pucuk sijiné tekan 4,24 m. Iki uga salah saji sebab ngapa kebo arang diserang déning kéwan pamangan daging. Macan iku salah siji kéwan pemangan daging sing isa matèni kebo sing boboté tekan 1000-1200 kg. Lan mung macan sing wis pengalaman bakal nyerang kebo ing bagéan sikil luwih dhisik. Yèn diserang kebo bakal ngadhang macan nganggo sungu lan irungé sarta mbentuk barisan. Kebo uga ditepungi minangka kéwan sing asring nyerang senajan ora diprovokasi. Iki nyebabakaké kebo isih dadi kéwan sing bisa mbebayai kanggo manungsa.

Saiki populasi kebo liar diprakirakaké tekan 4000. Senajan jroning gunggung iki uga klebu jinis campuran lan kebo liar sing wis didhomèstikasi. Diprakirakaké uga yèn mèh ora ana manèh kebo liar sing urip ing alam liar.

Kebo uga arupa kéwan nasional Filipina.

Australia[sunting | sunting sumber]

Kebo pisanan ditepungaké ing kawasan lor Australia sing banjur lolos saka dhomèstikasi. Status iki nyebabaké kebo ing Australia dadi kéwan buron. Ing pulo Melville kebo asring didadèkaké objèk buron, ing papan iki ana watara 4000 iji populasi kebo. Kebo uga urip ing Arnhem Land.

Kebo urip utamané ing bagéan sing mbanyu lan ing mangsa udan kebo bisa nyebar jroning kawasan gedhé. Kebo ing Australia bisa duwé wangun sing béda saka kebo ing Indonésia, papan asalé kebo iku.

Eropah lan Wétan Tengah[sunting | sunting sumber]

Kebo ditepungaké ing Afrika Lor lan Wétan Tengah watara taun 600 Masehi. Ing jaman pertengahan kebo digawa menyang Eropah lan saiki bisa ditemokaké ing Bulgaria lan Italia. Kayadéné ing Asia kebo ing kéné uga urip ing lapangan sing vegetasiné arang. Kebo-kebo iki dadi bahan pangan, sarta bahan invèstasi kanggo keluwarga. Ing sapérangan dhaérah kebo uga dadi bagéan saka fèstival taunan. Jinis sing urip ing kéné umumé yaiku kebo kali, senajan amarga isolasi genetis kebo-kebo iku bisa duwé wangun sing béda. Susu kebo iki uga dipigunakaké minangka bahan keju Mozzarella.

Kagunaan[sunting | sunting sumber]

Kebo saliyané dipigunakaké minangka pangasil susu lan daging uga asring dipigunakaké tenagané. Ing Minangkabau, Sumatra Kulon, susu kebo uga diolah dadi dhadhih (sajinis yoghurt). Tléthong kebo bisa dipigunakaké minangka rabuk utawa bahan bakar yèn digaringké.

Liya-liya[sunting | sunting sumber]

  • Bison Amérika uga asring disebut buffalo (mèmper karo sebutan water buffalo kanggo kebo), iki sabeneré ora trep. Bison sing kapérang saka bison Amérika lan bison Eropah isih ana pautané karo keluwarga bovinae liar, cerak karo Yak, sarta hubungané luwih adoh karo sapi lan banthèng. Keluwarga buffalo nyakup kebo, tamarau lan anoa ing Asia sarta buffalo Afrika.
  • Miturut legenda ing Filosofi Tiongkok, Lao Tzu ninggalaké negeri Tiongkok liwat terusan Han Gu kanthi nunggang kebo.
  • Miturut mitologi Hindhu, déwa Yama yaiku déwa pati uga asring digambaraké nunggang kebo.
Kebo jawa

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kebo&oldid=826381"