Luluk Hadiyanto
| Luluk Hadiyanto | |
|---|---|
![]() |
|
| Informasi Pribadi | |
| Tanggal lair | 8 Juni 1979 (umur 32) |
| Papan lair | Blora,Jawa Tengah |
| Dhuwur | 1.71 m (5 ft 7 in) |
| Ganda Pria | |
| Negara | |
| Tangan sing dipigunaaké | Tengen |
| Ranking paling dhuwur | 1 (30 Desember 2004) |
| Ranking saiki | 52 Candra Wijaya, 235 Imam Sodikin Irawan (26 Juni 2011) |
Luluk Hadiyanto (lair Blora, Jawa Tengah; 8 Juni 1979) yakuwi pemain pebulutangkis ganda putra asal Indonesia sing dipasangaké karo Alvent Yulianto. Putra kelairan dusun Njajar, Pengkol, Kecamatan Ngawen, Kabupaten Blora saka pasangan Edy Sunarto lan Sulami iki miwiti main bulutangkis nalika umur 11 taun. Saking kepenginé bisa main badminton kaya idholané, Christian Hadinata, Luluk pindhah sekolah nyang SMP 7 Solo terus sabanjuré pindhah menyang Kudus, nanging bareng wis lumaku wolung sasi pindhah bali manèh menyang SMP 7 Solo. Pengalaman Luluk, pemain asal klub bandminton PB Djarum iku antara liya ing Piala Thomas (2004 lan 2006) sarta Piala Sudirman (2003 lan 2005), déné prestasi paling dhuwur naté dadi ranking I Dunia nalika taun 2004 bebarengan karo pasangan mainé Alvent Yulianto.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Melu Pelatnas
Wektu lungguh ning bangku SMP Solo mau taun 1995 Luluk dipercaya mèlu pelatnas junior ing Cipayung. Abot marang pendhidhikané Luluk kepeksa mondhar-mandhir Solo - Jakarta kanggo ngayahi tugas latihan badminton lan nerusaké sinauné. Taun 1999 Luluk dipanggil mèlu Tim Nasional senior.
[sunting] Prestasi
- Medali Perak, Asian Games 2006
- Medali Perunggu, Kajuwaraan Donya Anaheim 2005
- Semifinalis, All England 2005
- Ranking I Donya 2004
- Juara I Indonesia Open 2004
- Juara I Korea Open 2004
[sunting] Tandha kaurmatan
Luluk naté dianugerahi tadha kaurmatan saka Presiden RI yakuwi arupa:
- Parama Krida Madya taun 2004
- Parama Krida Utama taun 2005
