Kabupatèn Banjarnegara

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kabupatèn Banjarnegara
Lambang Kabupatèn Banjarnegara
Lambang Kabupatèn Banjarnegara
Motto: "Wani Memetri Rahayuning Praja"
Péta lokasi Kabupatèn Banjarnegara
Dina Dadi: 22 Agustus 1831
Ibukutha: Banjarnegara
Bupati: Drs. H. Djasri ST MM (2006-2011)
Wakil Bupati: Drs. Soehardjo (2006-2011)
Jembar
 - Total:

1.069,74 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

20 Kecamatan
Pedhunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 1 yuta
+/- 935 / km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu dan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonésia
Web: www.banjarnegarakab.go.id

Kabupatèn Banjarnegara iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasine ing wilayah Tengah, kutha Banjarnegara iku ibukutha kabupatene, kota-kota liyane : Purwanegara, Wanadadi, Mandiraja, Klampok, Karangkobar, Wanayasa lan liya-liyane. Luas wilayah Kabupatèn iki ± 1,064,52 km² utawa 106,970,99 hektar.

Bab lan Paragraf

[sunting] Sajarah

Amarga lelabuhané marang Pamaréntah Mataram jroning Perang Diponegoro, R. Tumenggung Dipayudha IV banjur diusulaké déning Pakubuwono VII dadi Bupati Banjar ing tanggal 22 Agustus 1831 (sadurungé status Bupati Banjar wis dibusak). Wektu semana ibukutha kabupatèn dumunung ing Banjarmangu. Mudalé Kali Serayu dianggep minangka kendala transportasi karo ibukutha Kasunanan Surakarta, saéngga ibukutha kabupatèn wusanané dipindhah menyang lokasi sing anyar ing sisih kidul kali, kanthi jeneng Banjarnegara (Banjar: sawah; Negara: kutha).

Tumenggung Dipayudha mengku jabatan minangka bupati nganti taun 1846, lan pengganti Bupati Banjarnegara sabanjuré yaiku:

  • R. Adipati Dipadiningrat (1846-1878)
  • Mas Ngabehi Atmodipuro (1878-1896)
  • Raden Mas Jayamisena (1896-1927)
  • Raden Sumitro Kolopaking Purbonegoro (1927-1949)
  • R. Sumitro (1949-1960)
  • R. Mas Soedjirno (1960-1967)
  • R. Soedibjo (1967-1973)
  • Drs. Soewardji (1973-1980)
  • Drs. H. Winarno Surya Adisubrata (1980-1986)
  • H. Endro Soewarjo (1986-1991)
  • Drs. H. Nurachmad (1991-2001)
  • Drs. H. Djasri, MM - Drs. Hadi Supeno. MSi(2001 - 2006)
  • Drs. H. Djasri, MM - Drs. Soehardjo (2006-2011) minangka pasangan bupati - wakil bupati banjarnegara sing kapilih sepisanan liwat Pilkada langsung.

[sunting] Geografis

Antara 7°12' nganti 7°31' Lintang kidul lan 2°31' nganti 30°8' Bujur wetan. Sisih lor wewatesan karo Kabupaten Pekalongan lan Kabupaten Batang, sisih wetan Kabupaten Wonosobo, sisih kidul Kabupaten Kebumen, sisih kulon Kabupaten Banyumas lan Kabupaten Purbalingga.[1]

[sunting] Pemerentahan

Kabupatèn Banjarnegara ketata saking 20 Kecamatan, 5 Kelurahan lan 273 désa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Banjarnegara yaiku:

[sunting] Pendhidhikan

Pendhidhikan formal TK utawa RA SD atau MI SMP utawa MTs SMA utawa MA SMK Perguruan tinggi Liya
Negri 3 657 95 10 4 0 0
Swasta 539 210 49 17 13 2 0
Total 542 867 144 27 17 2 0
Data sekolah ing Kabupatèn Banjarnegara
Sumber:[2]

[sunting] Plesiran

[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani

[sunting] Pranala Jaba

Bali menyang: Jawa Tengah

[sunting] Cathetan Suku

  1. (id)[1](diundhuh tanggal 5 April 2011)
  2. Data Pokok Pendidikan (DAPODIK) Wilayah Kabupatèn Banjarnegara (2010/2011)
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès