Madrasah tsanawiyah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki arupa bagéyan saka sèri
Pendhidhikan ing Indonésia
Tut Wuri Handayani.svg
Pendidikan anak usia dini

Taman kanak-kanak
Raudatul athfal
Klompok bermain

Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6)

Sekolah dhasar
Madrasah ibtidaiyah
Klompok belajar Paket A

Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9)

Sekolah menengah pertama
Madrasah tsanawiyah
Klompok belajar Paket B

Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12)

Sekolah menengah atas/kejuruan
Madrasah aliyah/kejuruan
Klompok belajar Paket C

Pendhidhikan dhuwur

Akadhemi
Institut
Perguruan tinggi
Politèknik
Sekolah dhuwur
Universitas

Madrasah tsanawiyah (dicekak MTs) iku jenjang dhasar jroning pendhidhikan formal ing Indonésia, sadrajad karo sekolah menengah pertama, sing dikelola déning Departemen Agama. Pendhidhikan madrasah tsanawiyah ditempuh jroning wektu 3 taun, wiwit kelas 7 nganti kelas 9.

Murid kelas 9 diwajibaké mèlu Ujian Nasional (biyèn Ebtanas) siing mrebawani marang kalulusan siswa. Lulusan MTs bisa nerusaké pendhidhikan menyang madrasah aliyah utawa sekolah menengah atas/sekolah menengah kejuruan.

Kurikulum madrasah tsanawiyah padha karo kurikulum sekolah menengah pertama, mung ing MTs ana porsi luwih akèh ngenani pendhidhikan agama Islam, upamané mata pelajaran Basa Arab, Al Qur'an-Hadits, Fiqih, Aqidah Akhlaq, lan Sajarah Kabudayan Islam.

Pelajar madrasah tsanawiyah umumé umur 13-15 taun. Ing Indonesia, saben warga negara umur 7-15 taun wajib mèlu pendhidhikan dasar, yakuwi sekolah dhasar (utawa sadrajad) 6 taun lan sekolah menengah pertama (utawa sadrajad) 3 taun.

Deleng uga[sunting]