Sekolah dhasar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki arupa bagéyan saka sèri
Pendhidhikan ing Indonésia
Pendidikan anak usia dini

Taman kanak-kanak
Raudatul athfal
Klompok bermain

Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6)

Sekolah dhasar
Madrasah ibtidaiyah
Klompok belajar Paket A

Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9)

Sekolah menengah pertama
Madrasah tsanawiyah
Klompok belajar Paket B

Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12)

Sekolah menengah atas/kejuruan
Madrasah aliyah/kejuruan
Klompok belajar Paket C

Pendhidhikan dhuwur

Akadhemi
Institut

Perguruan tinggi

Politèknik
Sekolah dhuwur
Universitas

Murid SD
Sekolah dhasar Peringgit

Sekolah dhasar (dicekak SD;Basa Inggris:Elementary School) iku jenjang paling dhasar sajeroning pendhidhikan formal ing Indonésia. Sekolah dhasar ditempuh ing dalem 6 taun, wiwit saka klas 1 nganti klas 6. Saiki murid klas 6 diwajibak mèlu Ujian Nasional (biyèn Ebtanas) sing mengaruhi kalulusan siswa. Lulusan sekolah dhasar bisa nerusaké pendhidhikan menyang sekolah menengah kapisan (utawa sadrajat).

Pelajar sekolah dhasar lumrahé umur 7-12 taun. Ing Indonésia, saben warga nagara umur 7-15 taun wajib mèlu pendhidhikan dhasar, yaiku sekolah dhasar (utawa sadrajat) 6 taun lan sekolah menengah kapisan (utawa sadrajat) 3 taun.

Sekolah dhasar diadani déning pamaréntah utawa swasta. Wiwit lumakuné otonomi laladan ing taun 2001, pengelolaan sekolah dhasar nagari (SDN) ing Indonésia sing sadurungé ana sangisoré Departemen Pendhidhikan Nasional, saiki dadi tanggung jawab pamaréntah laladan kabupatèn/kutha. Déné Departemen Pendhidhikan Nasional mung dadi regulator sajeroning babagan baku nasional pendhidhikan. Sacara struktural, sekolah dhasar nagari minangka unit pelaksana teknis dinas pendhidhikan kabupatèn/kutha.

Sajarah[besut | besut sumber]

Ing jaman panjajahan Walanda, sekolah menengah tingkat atas diarani Europeesche Lagere School (ELS). Sawisé iku, ing mangsa panjajahan Jepang, ingaran Sekolah Dhasar (SD).

Sawisé Indonésia mardika, SD owah dadi Sekolah Dhasar (SD) ing tanggal 13 Maret 1946.

Budaya[besut | besut sumber]

  • Sekolah dhasar nagari ing Indonésia lumrahé migunakaké sragam putih abang kanggo dina-dina biyasa, sragam coklat kanggo pramuka/dina tinamtu, lan ing sekolah-sekolah tinamtu migunakaké sragam putih-putih kanggo upacara gendéra.
  • Upacara gendéra ditindakaké saben dina Senin ésuk sadurungé diwiwiti wulangan.

Kurikulum SD[besut | besut sumber]

  1. Agama
  2. Kewarganagaraan
  3. Jasmani lan Keséhatan
  4. Teknologi Informatika lan Komunikasi
  5. Basa Indonésia
  6. Basa Inggris
  7. Basa Laladan
  8. Basa Asing
  9. Matematika
  10. Widya Alam
  11. Sajarah
  12. Widya Sosial
  13. Seni Budaya lan Keterampilan

Pengelolaan[besut | besut sumber]

Pendhidhikan dhasar di Indonésia padha dhasarnya dibedakan menjadi dua yaiku yang dikelola déning pamaréntah biasanya ingaran Sekolah Dhasar Negeri dan Madrasah Ibtidaiyah Negeri sedang yang kedua dikelola déning masarakat biasanya ingaran Sekolah Dhasar Swasta dan Madrasah Ibtidaiyah Swasta. SD dibawah lingkup Depdiknas sedang MI dibawah lingkup Depag. disamping itu ada pula sekolah dhasar dibawah lingkup Depdiknas berciri kas agama dengan sebutan Sekolah Dhasar Islam utawa Sekolah Dhasar Kristen,dll.

Permasalahan[besut | besut sumber]

Amerga letak géografis Indonésia, dadi masalah sing gedhé dhéwé yaiku pemerataan guru ing laladan-laladan kang terpencil. Parahe manèh, déné pamaréntah nyebutna manawa akèh guru sing wis diangkat dadi PNS, nanging isih akèh uga guru kang durung kaangkat dadi PNS. Ditambah manèh ana uga guru sing digaji namung +Rp. 100.000,-sesasi.

Deleng uga[besut | besut sumber]