Politèknik
| Artikel iki arupa bagéyan saka sèri Pendhidhikan ing Indonésia |
|
| Pendidikan anak usia dini | |
|---|---|
| Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6) | |
| Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9) | |
|
Sekolah menengah pertama |
|
| Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12) | |
|
Sekolah menengah atas/kejuruan |
|
| Pendhidhikan dhuwur | |
|
Akadhemi |
|
Politèknik utawa kerep dipadhakaké karo institut tèknologi iku jeneng sing dianggo ing institusi pendhidhikan sing mènèhi manéka jinis sesebutan lan kerep beroperasi ing tataran sing béda-béda jroning sistem pendhidhikan. Politèknik bisa minangka institusi pendhidhikan dhuwur lan tèknik lanjutan sarta panelitèn èlmiah misuwur ing donya utawa pendhidhikan vokasi profèsional, sing nduwèni spésialiasi jroning babagan èlmu kawruh, tèknik, lan tèknologi utawa jurusan-jurusan tèknis sing béda jinis. Istilah kasebut uga bisa ngarujuk marang sekolah pendhidhikan menengah sing fokus marang pelatihan vokasional.
Istilah politèknik asal saka basa Yunani πολύ (polú utawa polý) sing tegesé "akèh" lan τεχνικός (tekhnikós) sing tegesé "seni". Istilah institut tèknologi, kanggo bagéané, kerep dicekak IT; istilah iki béda karo istilah tèknologi informasi.
Senadyan istilah politèknik lan institut tèknologi minangka sinonim, préferènsi panggunaané béda antara siji negara lan sijiné.
Politèknik ing Indonésia [sunting]
Politèknik jroning pendhidhikan ing Indonésia iku salah siji wangun pawiyatan luhur saliyané akadhemi, institut, sekolah tinggi, lan universitas. Politèknik nyelenggarakaké pendhidhikan vokasi ing bidang kawruh mligi.[1][2]
Jroning posisiné minangka paguron dhuwur, politèknik dadi bagéan saka sistem pendhidhikan nasional sing tujuané nyiapaké mahasiswa dadi anggota masyarakat sing nduwèni kamampuan profèsional sing bisa matrapaké, ngembangaké, lan nyebar èlmu kawruh lan tèknologi sarta ngupayakaké panggunaané kanggo ningkataké taraf kauripan masyarakat lan kasajahtran umat manungsa sarta kabudayan nasional.
Politèknik minangka pendhidhikan profèsional sing diarahaké marang kesiapan panrapan keahlian tinamtu. Kanggo nggayuh angkah kasebut, politèknik mènèhi pengalaman sinau lan latihan sing cukup kanggo mbentuk kemampuan profèsional di bidang èlmu kawruh lan tèknologi.[3]