Taman kanak-kanak
| Artikel iki arupa bagéyan saka sèri Pendhidhikan ing Indonésia |
|
| Pendidikan anak usia dini | |
|---|---|
|
Taman kanak-kanak |
|
| Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6) | |
| Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9) | |
|
Sekolah menengah pertama |
|
| Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12) | |
|
Sekolah menengah atas/kejuruan |
|
| Pendhidhikan dhuwur | |
|
Akadhemi |
|
Taman kanak-kanak utawa dicekak TK iku jenjang pendhidhikan anak usia dhini (ya iku umur 6 taun utawa sangisoré) jroning wangun pendhidhikan formal. Kurikulum TK diutamakaké marang pawèwèh rangsangan pendhidhikan kanggo mbantu tuwuhing jasmani lan rohani supaya bocah nduwèni kesiapan kanggo mlebu pendhidhikan luwih dhuwur.
Suwéné sinau ing TK biasané gumantung marang tingkat kacerdhasan sing dideleng saka rapor saben semèster. Sacara umum supaya lulus saka tingkat program ing TK jroning 2 (rong) taun, ya iku:
- TK 0 (nol) cilik (TK cilik) jroning 1 (setaun)
- TK 0 (nol) gedhé (TK gedhé) jroning 1 (setaun)
Umur rata-rata minimal bocah bisa sinau ing taman kanak-kanak antara 4-5 taun déné umur rata-rata lulus saka TK watara 6-7 taun. Sawisé lulus saka TK, utawa pendhidhikan sekolah lan pendhidhikan njaban sekolah liyané sing sadrajad, murid banjur nerusaké menyang jenjang pendhidhikan luwih dhuwur, ya iku Sekolah Dhasar utawa sing sadrajad.
Ing Indonésia, bocah ora diwajibaké mèlu pendhidhikan ing jenjang TK.
Pambelajaran ing TK [sunting]
Ing pedhidhikan TK, siswa diwènèhi kasempatan sinau lan diwènèhi kurikulum pambelajaran sing sarujuk karo umur saben tingkatan. Siswa diajari ngenani bab-bab ing ngisor iki:
- Agama,
- Budi basa,
- Ètunt-ètungan,
- Maca (ngenal aksara lan éjaan),
- Nembang,
- Sosialisasi jroning lingkungan kulawarga lan kanca-kanca dolanan, lan
- Manéka keterampilan liyané.