Pendhidhikan ing Indonésia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki arupa bagéyan saka sèri
Pendhidhikan ing Indonésia
Tut Wuri Handayani.svg
Pendidikan anak usia dini

Taman kanak-kanak
Raudatul athfal
Klompok bermain

Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6)

Sekolah dhasar
Madrasah ibtidaiyah
Klompok belajar Paket A

Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9)

Sekolah menengah pertama
Madrasah tsanawiyah
Klompok belajar Paket B

Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12)

Sekolah menengah atas/kejuruan
Madrasah aliyah/kejuruan
Klompok belajar Paket C

Pendhidhikan dhuwur

Akadhemi
Institut
Perguruan tinggi
Politèknik
Sekolah dhuwur
Universitas

Pendhidhikan ing Indonésia iku sakabèhané pendhidhikan sing diselenggaraké ing Indonésia, sacara kastruktur utawa ora. Sacara kastruktur, pendhidhikan ing Indonésia dadi tanggung jawab Kamentrian Pendhidhikan Nasional Republik Indonésia (Kemdiknas), biyèn jenengé Departemen Pendhidhikan lan Kabudayan Republik Indonésia (Depdikbud). Ing Indonésia, kabèh pedunung wajib mèlu program wajib sinau pendhidhikan dhasar sajroning sangang taun, enem taun ing sekolah dhasar/madrasah ibtidaiyah lan telung taun ing sekolah menengah pertama/madrasah tsanawiyah. Saiki, pendhidhikan ing Indonésia diatur liwat Undhang-Undhang Nomer 20 Taun 2003 ngenani Sistem Pendhidhikan Nasional.

Pendhidhikan ing Indonésia kapérang jroning telung jalur utama, ya iku formal, nonformal, lan informal. Pendhidhikan uga dipérang djroning patang jenjang, ya iku anak usia dini, dhasar, menengah, lan dhuwur.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Walanda ngenalaké sistem pendhidhikan formal marang pedunung Hindhia-Walanda (cikal bakal Indonésia), senajan winates mung tumrap kalangan tinamtu. Sistem sing dikenalaké iku amèh padha karo struktur sing ana saiki, kanthi tataran ing ngisor iki:

Wiwit taun 1930-an, Walanda ngenalaké pendhidhikan formal winates kanggo provinsi-provinsi ing Hindhia Walanda.

Jenjang[sunting | sunting sumber]

Jenjang pendhidhikan iku arupa tahapan pendhidhikan sing ditetepaké adhedhasar tingkat perkembangan peserta dhidhik, tujuan sing arep digayuh, lan kamampuan sing dikembangaké.

Pendhidhikan anak usia dini[sunting | sunting sumber]

Ngacu marang Undhang-undhang Nomer 20 Taun 2003, Pasal 1 Butir 14 ngenani Sistem Pendhidhikan Nasional, Pendhidhikan anak usia dini (PAUD) iku sawijining upaya pembinaan sing ditujokaké marang bocahwiwit lair nganti umur enem taun liwat pawèwèh rangsangan pendhidhikan kanggo mbantu tuwuh lan kembangé jasmani lan rohani supaya bocah nduwèni kesiapan nalika mlebu ing pendhidhikan sabanjuré.

Pendhidhikan dhasar[sunting | sunting sumber]

Pendhidhikan dhasar minangka jenjang pendhidhikan wiwitan sajroning 9 (sangang) taun pisanan mangsa sekolah bocah-bocah sing dadi landhesan jenjang pendhidhikan menengah.

Pendhidhikan menengah[sunting | sunting sumber]

Pendhidhikan menengah minangka jenjang pendhidhikan lanjutan pendhidhikan dhasar.

Pendhidhikan dhuwur[sunting | sunting sumber]

Pendhidhikan dhuwur iku jenjang pendhidhikan sawisé pendhidhikan menengah sing nyakup program pendhidhikan diploma, sarjana, magister, dhoktor, lan spésialis sing diselenggarakaké déning pawiyatan luhur.

Klas Umur
Taman kanak-kanak
Klompok bermain 4
Klompok A 5
Klompok B 6
Sekolah dhasar
Klas 1 7
Klas 2 8
Klas 3 9
Klas 4 10
Klas 5 11
Klas 6 12
Sekolah menengah pertama
Klas 7 13
Klas 8 14
Klas 9 15
Sekolah menengah atas/kejuruan
Klas 10 16
Klas 11 17
Klas 12 18
Akadhemi/Institut/Politèknik/Sekolah dhuwur/Universitas
Sarjana manéka umur (jroning kurang luwih 4 taun)
Magister manéka umur (jroning kurang luwih 2 taun)
Dhoktor manéka umur (jroning kurang luwih 2 taun)

Jalur pendhidhikan[sunting | sunting sumber]

Jalur pendhidhikan iku wahana sing diliwati peserta dhidhik kanggo ngembangaké potènsi dhiri jroning sawiji prosès pendhidhikan sing sarujuk marang tujuan pendhidhikan.

Pendhidhikan formal[sunting | sunting sumber]

Pendhidhikan formal minangka pendhidhikan sing diselenggarakaké ing sekolah-sekolah umumé. Jalur pendhidhikan iki nduwèni jenjang pendhidhikan sing jelas, wiwit saka pendhidhikan dhasar, pendhidhikan menengah, nganti pendhidhikan dhuwur.

Pendhidhikan nonformal[sunting | sunting sumber]

Pendhidhikan nonformal paling akèh ana ing usia dini, sarta pendhidhikan dhasar, ya iku TPA, utawa Taman Pendhidhikan Al Quran,sing akèh ana ing saben mesjid lan Sekolah Minggu, sing ana ing gréja.

Saliyané iku, ana uga manéka kursus, antara liya kursus musik, bimbingan belajar lan sapanunggalané.

Pendhidhikan informal[sunting | sunting sumber]

Pendhidhikan informal adalah jalur pendhidhikan keluarga lan lingkungan berbentuk kegiatan belajar secara mandiri sing dilakukan secara sadar lan bertanggung jawab.

Kurikulum[sunting | sunting sumber]

Jinis èlmu Mata pelajaran Jenjang (kelas)
# Jeneng # Jeneng SD SMP SMA
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 (IPA) 12 (IPA) 11 (IPS) 12 (IPS)
1 Ilmu Pendhidhikan 1 Agama Centang ijo
2 Kewarganegaraan
3 Jasmani lan Kaséhatan
4 Teknologi Informatika lan Komunikasi
2 Ilmu Bahasa (lan Sastra) 1 Basa Indonésia Centang ijo
2 Basa Inggris
3 Basa Dhaérah
4 Basa Manca
3 Ilmu Alam 1 Matématika Centang ijo
2 Fisika Centang ijo Silang abang
3 Biologi
4 Kimia Silang abang Centang ijo
4 Ilmu Sosial 1 Sajarah Centang ijo
2 Geografi Centang ijo Silang abang Centang ijo
3 Ékonomi
4 Sosiologi Silang abang Centang ijo
5 Ilmu Seni (lan Budaya) 1 Seni Musik Centang ijo Silang abang
2 Seni Rupa
3 Seni Ketrampilan
4 Seni Tari
Jumlah mata pelajaran 13 16 13

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Cithakan:Sekolah ing Indonésia Cithakan:Pendhidhikan ing Asia Kidul-Wétan