Kabupatèn Jepara

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kabupatèn Jepara
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦼꦥꦫ
logo
Lambang Jepara
Motto: "Trus Karyo Tataning Bumi"
Semboyan: The World Carving Centre
Slogan: The Beauty of Java
Julukan: Kutha Ukir, Scheveningen van Java, Bhumi Kartini
Locator kabupaten jepara.gif
Dina Dadi: 10 April
Ibukutha: Jepara
Bupati: H. Hendro Martojo. MM
Wakil Bupati: H. Ali Irfan Mukhtar.BA
Jembar
 - Total:

1.004,16 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

16 Kecamatan
Pedhunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 1 yuta
+/- --- / km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonesia
web: www.jeparakab.go.id

Kabupatèn Jepara (basa Jawa: Hanacaraka ꦗꦼꦥꦫ) iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasiné ing sisih wétan, kutha Jepara iku ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Jembar wilayah Kabupatèn iki ± 1.004,16 km² utawa --- hèktar. Kabupatèn Jepara uga diarani karo jeneng "Kabupatèn Jepanten".

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Jeneng Jepara asal saka tembung Ujung Para, Ujung Mara lan Jumpara sing sabanjuré owah dadi Jepara, sing maknané sawijining papan panggon para pedagang sing dol-tinuku menyang dhaérah-dhaérah liya. Miturut buku “Sejarah Baru Dinasti Tang (618-906 M)”yèn ing taun 674 M, musafir Tionghoa I-Tsing tau teka ing negeri Holing utawa Kaling utawa Kalingga sing uga disebut Jawa utawa Japa lan dipercaya dunungé ing Keling, kawasan wétan Jepara saiki. Tlatah mau dipimpin déning raja wanita ajejuluk Ratu Shima sing dikenal tegas.

Miturut panulis Portugis Tome Pires jroning bukuné “Suma Oriental”, Jepara lagi dikenal ing abad kaping-15 (1470 M) minangka bandar dedagangan cilik sing didunungi déning 90-100 wong lan dipimpin déning Aryo Timur lan ana ing sangisoré pamaréntahan Demak. Sabanjuré Aryo Timur diganti déning putrané sing asmané Pati Unus (1507-1521). Pati Unus nyoba mbangun Jepara dadi kutha niaga.

Geografis[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Jepara dumunung ing pantai lor sisih wétan Jawa Tengah, saéngga ing sisih kulon lan lor kabupatèn iki diwatesi déning segara. Pérangan wétan wilayah kabupatèn iki arupa tlatah pagunungan.

Wilayah Kabupatèn Jepara uga nyakup Kapuloan Karimunjawa, yakuwi gugusan pulo-pulo ing Segara Jawa. Pulo sing paling gedhé yakuwi Pulo Karimunjawa lan Pulo Kemujan. Sebagéan gedhé wilayah Karimunjawa dilindhungi jroning Cagar Alam Segara Karimunjawa. Panyebrangan menyang kapuloan iki dilayani déning kapal ferry sing budhal saka Pelabuhan Jepara. Karimunjawa uga ana lapangan terbang sing bisa didharati pesawat asal saka Semarang.

Pamaréntahan[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Jepara ketata jroning 16 kecamatan, 16 kelurahan lan 178 desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Jepara yaiku:


Tokoh-tokoh Jepara[sunting | sunting sumber]

Tokoh politik[sunting | sunting sumber]

Tokoh agama[sunting | sunting sumber]

Tokoh wanita[sunting | sunting sumber]

Tokoh selebriti[sunting | sunting sumber]

Tokoh olahraga[sunting | sunting sumber]

Pariwisata[sunting | sunting sumber]

Wisata Alam[sunting | sunting sumber]

Wisata Sejarah[sunting | sunting sumber]

Wisata cagar budaya[sunting | sunting sumber]

Wisata Religi (Ziarah)[sunting | sunting sumber]

  • Cirosomo (Makam Para Adipati/Bupati yang pernah memimpin Jepara dan keluarga besar R.A Kartini), ing Sendang
  • Makam Sultan Hadiri (Sunan Hadirin) dan Ratu Kalinyamat serta Raden Abdul Jalil (Sunan Jepara), ing Mantingan
  • Makam Syeh Siti Jenar, ing Kelet
  • Makam Habib Sodiq (Yek Nde), ing Kriyan
  • Makam Mbah Roboyo, ing Robayan
  • Makam Datuk Gunardi, ing Singorojo
  • Makam Habib Ali, ing Mayong
  • Makam Ronggo Kusumo, ing Manyargading
  • Makam Syeh Abu Bakar, ing Pulau Panjang
  • Makam Pangeran Syarif dan Mbah Jenggolo, ing Saripan
  • Makam Ki Gede, ing Bangsri
  • Makam Syeh Amir Hasan (Sunan Nyamplungan), ing Karimunjawa

Wisata Keluarga[sunting | sunting sumber]

Wisata Belanja[sunting | sunting sumber]

Perayaan[sunting | sunting sumber]

Seni budaya[sunting | sunting sumber]

Di kabupaten Jepara terdapat berbagai jenis kesenian, yaitu:

Jenis kesenian tradisional Samroh, Gambus, dan Angguk, semuanya bernafaskan Islam. Jenis kesenian tradisional lainnya adalah dagelan, emprak, ketropak, ludruk, kentrung, keroncong,dan prasah. Melalui beberapa kesenian tradisional ini, pemerintah menggunakannya untuk menyampaikan pesan kepada masyarakat misalnya mengenai pembangunan dan keluarga berencana.

Kuliner Khas Jepara[sunting | sunting sumber]

Panganan[sunting | sunting sumber]

Panganan Khas Jepara:

  • Pindang Serani
  • Singit
  • Semur Jepara
  • Opor Panggang = Opor ayam sing sabanjure dipanggang, banjur disajike kanthi tambahan sawetara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah esuk.
  • Pecel Ikan Laut Panggang = iwak segara bakar kanthi bumbu sambel santen klapa.
  • Semur Jepara = digawe saking daging , garam, merica bubuk, pala bubuk, kecap manis, minyak kanggo menumis, lsp.
  • Sayur Pepaya Jepara = masakan iki biasane disajikan ing waktu siang, Sayur Pepaya Jepara bahan utamane saking Kates enom sing dicampur santen, kluwek, lsp.
  • Sayur Asem Jepara = Sayur asem asal Jepara iki pancen mirip karo sayur asem saking Jakarta, Sayur Asem Jepara ora koyo sayur asem asal Jawa Tengah sing cenderung bening.
  • Gule Petih Jepara = Digawe saking daging wedus sing lembut lan campuran rempah-rempah, gule petih jepara iki cocok dipangan ing dina hari raya lebaran utawa idul adha.
  • Laksa Jepara = digawe saking daging pithik, urang jerbung, kaldu pithik, santan, sereh, godong jeruk, uyah, lsp.
  • Rempah Jepara = digawe saking rempahan tahu ingkang dicampur endog utawi rempahan daging iwak ingkang di campur kelapa parutan.
  • Sate Sapi Jepara = adalah sate ingkang gunake daging Sapi sing di campur karo bumbu-bumbu khas Jepara.
  • Bakso Ikan Ekor Kuning (Bakso Karimunjawa) = Biasane Bakso gunake daging sapi. tapi ing Jepara Bakso menggunakan daging ikan ekor kuning.
  • Sayur Betik = Panganan asal Jepara iki menggunakan kates enom lan daging tetelan dadi bahan utamane.
  • Kelan Antep = Digawe saking daging tanpa lemak, laos, godong salam, bawang abang, bawang puteh, cabai abang, asam jawa, gula pasir, dll
  • Sayur Keluak Ayam = menika digawe saking daging pithik, kluwak, lsp..
  • Kagape kambing = Kagape kambing gampang ditemuni waktu hari raya Idul Adha, sebabe Kagape Kambing menika panganan khas Jepara waktu Idhul Adha.
  • Siomay Tongkol = Bahan-bahane yaiku tepung, daging iwak tongkol, banyu, dll
  • Tongseng Cumi = Tongseng biasane gunake daging wedus, sapi, atau kerbau. Tapi ing Jepara ngangge daging Cumi-cumi mula diwenehi jeneng Tongseng Cumi.
  • Horok-Horok = digawe saking tepung sagu ingkang dikukus.
  • Sate Kikil = Sate kikil utawa disebut sate cecek yaiku sing biasane kanggo lawuh mangan Horok-horok.
  • Bontosan = adonan krupuk iwak tenggiri awangun glondongan lan wis dikukus.
  • Kuluban = urap-urap nganggo nangka anom, kacang panjang lan godhong kacang anom, taugé mentah, lan woh peté, disajèkaké mentahan.
  • Horok-horok = panganan iki digawé saka bahan baku sagu.
  • Latuh/Lato = sajinis suket segara.
  • Tempong (blenyik) = iwak teri mentah sing digaringaké.

Jajanan[sunting | sunting sumber]

Jajanan Khas Jepara:

  • Rondo Royal = tapé gorèng sing dibuntel glepung.
  • Turuk Binthol = beras ketan dicampur kacang tolo, trus digodog nganti mateng, di taburi kelapa parut.
  • Klenyem = ketéla parut gorèng isi gula abang.
  • Kenyol = ketéla parut dibuntel godhong gedhang lan tengahé diisi gula abang, cara masak dikukus.
  • Nogosari = glepung dibuntel godhong gedhang lan tengahé diisi gedhang mateng, cara masak dikukus.
  • Moto Belong = ketéla parut dibuntel godhong gedhang lan tengahé diisi gedhang, cara masak dikukus, lan disajèkaké arupa diiris-ieis rada miring.
  • Hoyok-Hoyok = Panganan iki jenenge Hoyok-hoyok atawa uga disebut Oyol-Oyol digawe saking tepung tapioka di campur air lan ketela, ditambahi parutan kelapa. Hoyok-hoyok iku versi manis saking Horok-Horok.
  • Poci = tepung saka ketan sing dibuntel godhong gedhang lan diwangun kerucut diisi campuran klapa parut lan gula abang.

Ombenan[sunting | sunting sumber]

Ombenan Khas Jepara:

  • Sutet = Susu Telor Tegangan Tinggi
  • Adon-adon Coro = ombènan jahé santen kanthi irisan klapa bakar.
  • Wedang Horok-Horok = Horok-horok uga saget dadi ombenan, yaiku Wedang Horok-Horok disajikan anget-anget ing cuaca adem lan uga isa disajikan karo es batu ing cuaca sing panas.
  • Es Gempol = ombènan santen lan gempol (bal saka glepung beras), biasa disajèkaké legi, asin, anget utawa adhem.
  • Es Pleret = ombènan santen lan pleret (glepung beras) mèmper gempol.
  • Dawet Jepara = kagawé saka bahan-bahan glepung sagu, gula abang asli, santen klapa.
  • Kopi Dapur Kuat = Kopi dapur kuat gampang ditemuake ing warung kopi daerah kecamatan Keling. Kopi dapur Kuwat menika campuran bubuk Kopi saking daerah kopi unggul yaiku damarwulan, Tempur, Kunir, Watuaji. Sehingga kopi sing dihasilake saking racikan menika nikmat banget lan istimewa.
  • Kopi Tempur = Kopi Tempur menika kopi ingkang dadosipun saking wiji kopi saking desa Tempur, tanpa campuran saking kopi desa liyane.

Oleh-oleh[sunting | sunting sumber]

Oleh-oleh Khas Jepara:

  • Kacang Oven
  • Kacang Jepara = Kacang tanah yang masih ada kulitnya alias belum di kupas kulitnya, di sangrai dengan pasir putih sampai warna kulit kacang menjadi kehitaman.
  • Trasi Jepara.
  • Durèn Petruk (Durio Zybethinus Kultivar Petruk)
  • Jeruk Jepara (Limnocitrus Littoralis (miq) Swingle).
  • Gerèh Iwak Teri = Iwak teri sing digawé asin, akèh-akèhé saka pulo karimunjawa.


Potensi[sunting | sunting sumber]

Jepara dikenal minangka kota ukir, amarga akèh tinemu sentra kerajinan ukiran kayu sing misuwur tekan manca negara. Kerajinan mèbel lan ukir iki kasebar warata mèh kabèh kecamatan lan sentra perdagangané ana ing wilayah Ngabul, Senenan, Tahunan, Pekeng, Kalongan lan Pemuda. Saliyané iku, Jepara minangka kutha kelairan pahlawan wanita Indonésia R.A. Kartini.

Potensi Kabupaten Jepara :* Industri Mebel Ukir Jepara. Industri iki kasebar ing tlatah Jepara, kajaba Kecamatan Karimun Jawa

Komoditas Ekspor[sunting | sunting sumber]

Kabupatèn Jepara gadhahi komoditas ekspor, yaiku:

  • Produk Mebel Ukir Jepara, Industri iki kesebar ombo ing arep setiap kecamatan ing Kabupatèn Jepara, kecuali Kecamatan Karimunjawa
  • Kerajinan Mainan Anak-anak, saking Karanganyar
  • Kerajinan Tenun Ikat Troso, saking Troso
  • Seni Relief, saking Senenan
  • Kerajinan Patung Macan Kurung, saking Mulyoharjo
  • Kerajinan Anyaman Bambu, saking Kendengsidialit dan Sidigede
  • Kerajian Rotan, saking Telukwetan


Priksani Ugi[sunting | sunting sumber]

Pranala Jaba[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Saudara Swalayan
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kabupatèn_Jepara&oldid=887534"