Jamal Mirdad
| Jamal Mirdad | |
|---|---|
![]() |
|
| Lair | Jamal Mirdad 7 Mei 1960 (umur 53) |
| Pagawéyan | aktor |
| Taun aktif | 1981-sekarang |
| Garwa | Lydia Kandou |
| Anak | Naysila Mirdad Kenang Kana Nana Mirdad Nathana Ghaza |
Jamal Mirdad (lair ing Kudus, Jawa Tengah, 7 Mei 1960; umur 53 taun[1] Jamal Mirdad yaiku salah sijiné penyanyi Indonésia.[2] Jamal Mirdad kalebu penyanyi kang senior ing Indonésia.[2] Saliyané nyanyi, Jamal Mirdad uga tau main film.[2] Film kang tau dibintangi Jamal Mirdad kayata film kang judhulé Ramadan dan Ramona. [2]Ing film iki, Jamal Mirdad akting karo bojone yaiku Lydia Kandou).[2] Pernikahané karo Lydia Kandou tau dadi kontroversi awit nalika nikah, Jamal lan Lydia beda kapitayan.[2] Lydia Kandou kang ngugemi agama Kristen déné Jamal MIrdad ngugemi agama Islam [2]Saka pernikahane karo Lydia Kandou, Jamal nduweni anak wedok kang cacahe loro yaiku Nana Mirdad lan Naysila Mirdad.[2] Leloroné nuruni bakat bapak ibuné lan padha-padha dadi artis.[2] Saiki Jamal Mirdad dadi anggota DPR (terpilih) 2009-2014 saka Partai Gerakan Indonesia Raya.[2] Jamal Mirdad wiwit kerja ing donyaning politik.[2]
Bab lan Paragraf |
Nikah béda agama [sunting]
Sanajan béda agama Jamal lan Lydia tetep nikah.[2] Sanajan ana UU Perkawinan 1974 pasal 2 ayat 1 kang ngalang-alangi Jamal lan Lydia bisa nikah kanthi sah. [2]Ananging Jamal lan Lydia nékad nikah.[2] Leloroné banjur berjuang mati-matian supaya statusé bisa disahaké kanthi sah déning Pengadilan Negeri.[2] Prastawa kang kadadéyan taun 1986 iki éntuk protès saka para agamawan lan masarakat. [2]Kamangka Jamal lan Lydia nalika iku lagi ing puncak karir. [2]Ananging kanthi diréwangi pengacara, pernikahan Jamal lan Lydia banjur bisa disahaké karo pengadilan nalika taun 1985.[2]
Diskografi [sunting]
Album Pop [sunting]
Album pop kang digawe Jamal Mirdad.[2]
- Hati Selembut Salju (1981)
- Madu dan Racun
- Hati Lebur Jadi Debu
- Hati Seorang Kawan Baru
- Hati Kecil Penuh Janji
- Rasa Cinta Bukan Dosa
- Antara Aku dan Dia
- Hati Seteguh Karang
- Jamilah
- Julaeha
- Mariam Soto
- Masih Adakah Cinta
- Dibalik Rindu Ada Dusta (Nathalia)
- Susan... Bukan Aku Merayu
- Amanda
- Cinta Anak Kampung
- Yang Penting Hepi
- Baru Lima Menit
- U..Lay..Lay
Album Dangdut [sunting]
Album dangdut kang digawe Jamal Mirdad.[2]
- Madunya Iblis
- Suminah
- Merasa Hokey
- Bujangan
- Goyang DPR
Filmografi [sunting]
Film kang dibintangi Jamal Mirdad.[2]
- AIDS Phobia (1986)
- Ramadan dan Ramona (1992)
- Kun Fayakuun (2008)
- Ranjang Tak Bertuan
- Isabella
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
