Kabupatèn Semarang
- Kanggo artikel ngenani Kutha Semarang, pirsani Kutha Semarang
|
|||
| Motto: "Dharmottama Satya Praja" |
|||
![]() |
|||
| Dina Dadi: | ... | ||
| Ibukutha: | Ungaran | ||
| Bupati: | H.Bambang Guritno | ||
| Wakil Bupati: | --- | ||
| Jembar - Total: |
981,95 km² |
||
| Kecamatan - Cacahe: |
18 Kecamatan |
||
| Pedunung - Total: - Kapadhetan: |
+/- 983.000 (2003) +/- 1.001 jiwa / km² |
||
| Suku Bangsa: | wong Jawa | ||
| Agama: | Kejawen, Islam, Protestan, Katulik, Hindu lan Buddha | ||
| Basa: | Basa Jawa lan Basa Indonesia | ||
Kabupatèn Semarang iku salah siji kabupatèn ing Jawa Tengah, lokasiné ing sisih lor, kutha Ungaran iku ibukutha kabupatèné, kutha-kutha liyané : ---, lan liya-liyané. Jembar wilayah Kabupatèn iki ± 981,95 km² utawa --- hèktar.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografis
Wates administrasi Kabupatèn yakuwi ing sisih lor wewatesan karro Kutha Semarang, lan Kabupatèn Demak. Sisih kidul wewatesan karo Kabupatèn Bayalali lan Kabupatèn Magelang, sisih wétan wewatesan karo Kabupatèn Bayalali lan Kabupatèn Grobogan. Sisih kulon wewatesan karo Kabupatèn Temanggung lan Kabupatèn Kendhal. Ing satengahé wilayah iki dumunung Kutha Salatiga. Rata-rata dhuwuré panggonan ing Kabupatèn Semarang 607 mèter sakdhuwuré lumahing segara. Dhaérah paling cendhèk yakuwi ing Désa Candireja Kecamatan Ungaran. Dhaérah paling dhuwur ing Desa Batur Kecamatan Getasan.
Ungaran, ibukutha kabupatèn iki, persis wewatesan karo Kutha Semarang. Bagéan wétan wilayah kabupatèn iki minangka dhataran dhuwur lan pagunungan. Kali gedhé sing mili yakuwi Kali Tuntang. Ing bagéan kulon wilayah arupa pagunungan, kanthi pucuké arupa Gunung Ungaran (2.050 mèter) ing tapelwates karo Kabupatèn Kendal, sarta Gunung Merbabu (3.141 mèter) ing sisih kidul-kulon.
Kabupatèn Semarang diliwati dalan negara sing ngubungaké Yogyakarta lan Surakarta karo Kutha Semarang utawa luwih dikenal minangka "JOGLO SEMAR". Angkutan umum antarkutha dilayani ngangggo montor bis, yakuwi saka terminal bus Sisemut (Ungaran), Bawèn, lan Ambarawa. Sawetara rute angkutan regional yaiku: Semarang-Solo, Semarang-Yogyakarta, lan Semarang-Purwakerta, déné rute angkutan lokal yaiku Semarang-Ambarawa lan Semarang-Salatiga, Salatiga - Ambarawa.
Bawèn minangka kutha persimpangan jalur tumuju Solo lan tumuju Yogyakarta utawa Purwakerta. Jalur sepur Semarang-Yogyakarta minangka salah siji sing paling tuwa ing Indonesia, nanging wektu iki wis ora operasi manèh, wiwit njeblugé Gunung Merapi sing ngrusak sebagéan jalur kasebut. Jalur liya sing saiki uga ora operasi yakuwi Ambarawa-Tuntang-Kedungjati. Ing Ambarawa ana Museum Kereta Api. Sepur uap nganggo rèl mawa untu saiki dipigunakaké minangka jalur wisata kanthi rute Ambarawa-Bedana, saliyané kuwi wis dikembangaké sepur wisata Ambarawa - Tuntang PP. nlusuri pinggir Rawapening.
Kutha Salatiga dumunung ing tengah-tengah wilayah Kabupatèn Semarang, yakuwi ing jalur utama Semarang-Solo.
[sunting] Pamaréntahan
Kabupatèn Semarang ketata jroning 18 kecamatan, --- kelurahan lan --- desa. Kecamatan-Kecamatan ing Kabupatèn Semarang yaiku:
- Ungaran Kulon 6 desa 5 kelurahan
- Ungaran Wétan 5 desa 5 kelurahan
- Bergas 9 desa 4 kelurahan
- Pringapus 8 desa 1 kelurahan
- Bawèn 10 desa 2 kelurahan
- Bringin 16 desa
- Tuntang 16 desa
- Pabelan 17 desa
- Bancak 9 desa
- Suruh 17 desa
- Susukan 13 desa
- Kaliwungu 11 desa
- Tengaran 15 desa
- Getasan 13 desa
- Banyubiru 10 desa
- Sumowono 16 desa
- Ambarawa 7 desa 9 kelurahan
- Jambu 11 desa
- Bandhungan 9 desa 1 kelurahan
Ing taun 2005, kecamatan Ungaran dimekaraké dadi loro, yakuwi dadi kecamatan Ungaran Barat, Semarang lan Ungaran Timur, Semarang.
| Taun | Asma Bupati |
| 1969-1979 | Drs. Iswarto |
| 1979-1985 | Ir. Soesmono Martosiswojo |
| 1985-1987 | Drs. Sardjono |
| 1987-1992 | Drs. Hartomo |
| 1992-1999 | Drs. Sudijatno |
| 1999-saiki | H. Bambang Guritno SE MM |
[sunting] Panganan lan Plesiran
- Candhi Gedhangsanga, Kecamatan Sumawana
- Museum Perjuangan Palagan Ambarawa lan Museum Kereta Api, Kecamatan Ambarawa
- Rawa Pening
- Agrowisata Tlaga
- Bèntèng Williem II
- Bukit Cinta
- Kopèng (Lereng Gunung Merbabu)
- Kopeng Tree Top - Adventure Park
[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani
[sunting] Pranala Jaba
|
||||||||||
|
||||||||||||||||||

