Gunung Ungaran

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Ungaran
Dhuwur 2.050 meter (6.726 kaki)[1]
Lokasi Jawa, Indonesia
Jinis stratovolcano
Umur batuan Holocene

Gunung Ungaran iku sawijining gunung sing dumunung ing pulo Jawa, Indonesia. Gunung iki dhuwuré 2.050 meter. Gunung Ungaran nduwèni kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan alas Ericaceous utawa alas gunung.

Ing èrèng-èrènging gunung iki ana situs arkeologi arupa Candhi Gedhongsongo. Saliyané patilasan arkeologi ana uga sawetara grojogan (curug) ing antarané: Curug Semirang lan Curug Lawe. Uga ana guwa, sing misuwur kanthi jeneng Guwa Jepang. Guwa iki dumunung 200 meter sadurungé pucuk gunung, yakuwi ing saubengé perkampungan Promasan (perkampungan para pametik teh).

[sunting] Deleng uga

[sunting] Referensi

  1. Ungaran. Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. URL diaksès tanggal 2006-12-26

[sunting] Pranala jaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Ungaran&oldid=428106"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès