Gunung Merbabu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Ambox content.png
Artikel iki perlu dikembangaké supaya bisa nyukupi kriteria minangka èntri Wikipedia.
Panjenengan bisa mbiyantu ngembangaké artikel iki. Yèn ora dikembangaké, artikel iki bakal dibusak.
Merbabu
MerbabuSawah.jpg
Dunungé Bayalali, Magelang (Jawa Tengah),
Kutha cedhaké
Negara Indonésia
Tipe stratovolcano
nJeblug pungkasan 1797
Dhuwuré 3.145 m (10.630 sikil)
Koordinat 7,5° LS lan 110,4° BT


Gunung Merbabu (uga disebut Damalung) kuwi sawijining gunung geni tipe Strato (deleng Gunung geni) kang dumunung sacara geografis ing koordinat 7,5° LS lan 110,4° BT. [1]Sacara administratif gunung iki dumunung ing wewengkon Kabupaten Magelang ing lereng sisih wétan lan Kabupatèn Bayalali ing lereng sisih kulon, Propinsi Jawa Tengah. [1]

Gunung iki tau njeblug ing taun 1560 lan 1797.[1] Dilaporaké uga ing taun 1570 tau njeblug, nanging durung dikonfirmasi dèning panelitèn sabanjuré.[1] Pucuk gunung Merbabu dumunung ing elevasi 3.145 meter sadhuwuring segara.[1]

Gunung Merbabu duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Atas, alas Montane, lan hutan Ericaceous utawa alas gunung.[1] Dhuwuré Gunung Merbabu yaiku 3.142 m dpl.[2] Gunung Merbabu kalebu gunung api kang tuwa.[2] Lokasi Gunung Merbabu ana ing sebelahé Gunung Merapi.[2]

Gunung Merbabu nduwéni 3 tipe ekosistem alas.[1] Ekosistem iki yaiku ekosistem hutan hujan tropis musim pengunungan bawah (1.000 - 1.500 m dpl), ekosistem hutan hujan tropis musim pegunungan tinggi (1.500 - 2.400 m dpl), lan ekosistem hutan tropis musim sub-alpin (2.400 - 3.142 m dpl).[1]

Merbabu kalebu gunung volcano kang manggon ing Jawa Tengah.[3] Ing Gunung Merbabu akéh turis-turis saka Indonésia lan saka manca negara kang biyasané munggah gunung iki.[3]

Bab lan Paragraf

[sunting] Asal Tembung

Gunung merbabu manggon ing puncak kenthéng sanga.[4] Gunung Merbabu asalé saka tembung meru kang tegese gunung lan babu kang tegese wong wadon.[4] Gunung iki dikenal kanthi jeneng gunung tidur sanajan sabenere nduwni 5 kawah.[4] Kawah-kawah mau yaiku kawah Condrodimuko, kawah Kombang, Kendang, Rebab, dan kawah Sambernyowo.[4]

Ing Gunung Merbabu ana rong puncak yaiku puncak Syarif kang dhuwuré 3119 meter lan puncak Kenteng Songo kang dhuwuré 3142 méter.[4] Puncak Gunung Merbabu bisa diparani saka Cunthel, Thekelan, (Kopèng / Salatiga) Wekas (Kaponan / Magelang) utawa saka selo (Boyolali).[4] Nalika muncak lewat jalur Utara (Wekas, Cunthel, Thekelan) lan mudhun lewat jalur selatan (Selo) bakal nemoni pemandangan kang éndah.[4]

Akeh gunung ing sakupengé Gunung Merbabu yaiku Gn. Merapi, Gn.Telomoyo, Gn.Ungaran.[4] Gunung Merbabu iki mbentuk dérétan garis gunung berapi marak utara Merapi- Merbabu - Telomoyo - Ungaran.[4]

Nalika munggah utawa muncak ing Gunung Merbabu kudu lewat jalur kang wis ditemtokaké.[5] Gunung Merbabu nduwéni alas kang dianggep liar awit isih ana kéwan-kéwan ganas kang mangan menungsa kayata macan. [5]


[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f g h (id)merbabunationalpark.org(dipunundhuh tanggal 27 Mei 2011)
  2. a b c (id)[khatulistiwa.info/gunung/39-gunung-merbabu.html khatulistiwa.info](dipunundhuh tanggal 27 Mei 2011)
  3. a b (en)theincrediblejava.com(dipunundhuh tanggal 28 Mei 2011)
  4. a b c d e f g h i (id)id.merbabu.com(dipunundhuh tanggal 28 Mei 2011)
  5. a b (id)detiknews.com(dipunundhuh tanggal 28 Mei 2011)

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Merbabu&oldid=660039"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès