Sepur

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sepur ing Argentina.
Sepur ing Stasiun Gambir.

Sepur utawa kréta api[1] utawa kréta latu (krama) iku sawijine sarana transportasi arupa tetumpakan kanthi tenaga gerak, sing ngglindhing ana ing sadhuwuring ril. Sepur minangka alat transportasi massal iku umumé dumadi saka lokomotif lan rangkéan gerbong. Rangkéan gerbong kasebut ukurané rilatif amba saéngga bisa ngamot penumpang utawa barang sing akèh. Amarga sipaté minangka angkutan massal kasebut, sawetara nagara ngupaya mupangataké sacara maksimal minangka alat transportasi utama angkutan dharat, kanggo ing sajroning kutha, antarkutha, utawa antarnegara.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Sajarah sepur kayadéné sajarah alat transportasi umumé sing diwiwiti kanthi panemuan rodha. Wiwitané ditepungi kréta jaran sing mung dumadi saka siji kréta (rangkéan), banjur digawé kréta jaran sing narik luwih saka siji rangkéan sarta lumaku ing jalur tartamtu sing kagawé saka wesi (ril sepur) lan dijenengaké sepur. Iki dipigunakaké mligi ing dhaérah pertambangan, papan anané lori sing dirangké lan ditarik nganggo jaran.

Sawisé James Watt nemokaké mesin uap, Nicolas Cugnot gawé kendharaan roda telu kanthi bahan bakar uap. Wong-wong nyebut kendharaan iku minangka jaran wesi. Banjur Richard Trevithick gawé mesin lokomotif sing dirangké nganggo kréta lan dituduhaké marang masarakat umum. George Stephenson nyampurnakaké lokomotif sing menang ing lomba balap lokomotif lan dipigunakaké ing jalur Liverpool - Manchester. Wektu iku lokomotif uap sing dipigunakaké mawa konstruksi walang. Panyampurnan banjur dianakaké supaya ngasilaké lokomotif uap sing luwih èfèktif, kanthi daya gedhé, lan bisa narik kréta luwih akèh.

Panemon listrik déning Michael Faraday agawé sawetara panemon alat listrik sing diiloni panemon motor listrik. Motor listrik banjur dipigunakaké kanggo gawé trèm listrik sing dadi cikal bakal sepur listrik. Banjur Rudolf Diesel munculaké sepur mawa mesin diesel sing luwih nduwèni tenaga lan luwih èfisièn tinimbang lokomotif uap. Sairing karo ngrembakane tèknologi listrik lan magnèt sing luwih maju, banjur digawé sepur magnèt sing nduwèni kacepetan sadhuwuré kacepetan sepur biasa. Jepang jroning dékadé 1960-an ngoperasèkaké KA Super Ekspress Shinkanzen kanthi rute Tokyo-Osaka sing wusanané dikembangaké manèh saéngga nggayuh amèh kabèh tlatah Jepang. Prancis banjur ngoperasèkaké sepur kanthi jeneng TGV.

Jinis-jinis sepur[sunting | sunting sumber]

Miturut propulsi (tenaga penggerak)[sunting | sunting sumber]

  1. Sepur uwab
  2. Sepur diesel
  3. Sepur rèl listrik

Miturut ril[sunting | sunting sumber]

Sepur ril konvensional[sunting | sunting sumber]

Sepur konvensional ing Stasiun Jakarta Kota

Sepur ril konvensional iku sepur sing umum ditemoni. Migunakaké ril sing dumadi saka loro watang wesi sing ditata ing sadhuwuré bantalan. Ing dhaérah tinamtu kanthi béda èlevasi sing curam, dipigunakaké ril mawa gerigi sing dipasang ing tengah tengah ril kasebut sarta migunakaké lokomotif khusus sing duwé rodha gigi.

Sepur monoril[sunting | sunting sumber]

Sepur monoril (sepur ril tunggal) iku sepur sing jaluré ora kaya jalur sepur sing biasa. Ril sepur iki mung dumadi saka siji watang wesi. Amarga èfisièn, biasané dipigunakaké minangka alat transportasi kutha utamané ing kutha-kutha metropolitan donya lan dirancang mèmper dalan layang.

Miturut papan lintasané[sunting | sunting sumber]

Sepur ing lumahing bumi (surface)[sunting | sunting sumber]

Sepur sing lintasané ing lumahing bumi iki mlaku ing lumahing lemah. Umumé jinis sepur iki sing kerep ditemoni ing sadéngah papan. Biaya pembangunané paling murah dibandhing karo sing mlaku ing sangisoring lemah utawa jinis sing layang. Ing Indonésia, jinis lintasan dhuwur lemah iki dibangun sadurungé Perang Donya II.

Sepur layang (elevated)[sunting | sunting sumber]

Sepur layang mlaku ing dhuwur, bab iki diangkah kanggo ngindhari persilangan sabidang, supaya ora perlu ana lawang perlintasan sepur. Biaya sing diperlokaké watara kaping teluné biaya mbangun sepur biasa jroning jarak sing padha.

Sepur ngisor lemah (subway)[sunting | sunting sumber]

Sepur ngisor lemah iku sepur sing lumaku ing sangisoring lemah (subway). Sepur jenis iki dibangun kanthi mbangun terowongan-terowongan ing ngisor lemah minangka jalur sepur. Umumé dipigunakaké ing kutha kutha gedhé (metropolitan) kaya New York, Tokyo, Paris, London, Seoul lan Moskwa. Saliyane kuwi uga dipigunakaké jroning skala luwih cilik ing dhaérah tambang. Biaya sing diwetokaké larang banget, amarga kerep nembus 20m ing sangisoring lemah, kali - bangunan utawa dalan, yaiku watara kaping pituné sepur biasa.

Miturut panganggonan[sunting | sunting sumber]

  1. Sepur penumpang
  2. Sepur barang

Album[sunting | sunting sumber]

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Miturut bausastrané Poerwadarminta.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sepur&oldid=826641"