James Watt
| James Watt | |
|---|---|
Portrait of James Watt (1736-1819)
adidasar saka Carl Frederik von Breda |
|
| Miyos | 19 Januari 1736 Greenock, Renfrewshire, Scotland |
| Tilar donya | 25 Agustus 1819 (umur 83)[1] Handsworth, Birmingham, England |
| Dalem | Glasgow then Handsworth, Great Britain |
| Warga negara | United Kingdom |
| Kabangsan | Scottish |
| Bidhang | Mechanical engineer |
| Lembaga | University of Glasgow Boulton and Watt |
| Kaahlian | Improving the steam engine |
| Agama | Church of Scotland[2], later Deist[3] |
| Tapak asma |
|
James Watt (lair ing Greenock, Skotlandia, 19 Januari 1736 – tilar donya ing Birmingham, Inggris, 19 Agustus 1819 kanthi yuswa 83 taun) iku insinyur saka Skotlandia, Britania Raya. James Watt lair ing keluwarga kang ora mampu. Nalika cilik, James ora disekolahaké amarga kahanan James lemah. Sanajan ora sekolah, James tetep entuk ilmu saka Bapak ibuné ing omah. Nalika iku, James nduwèni kesenengan nggambar. Amarga wong tuwané ora mampu nukokaké kertas gambar, mula James nggambar ing tungku perapian. Saliyané seneng nggambar, James uga nduwèni kasenengan mbongkar dolanané kang saka kayu banjur dirakit maneh dadi bentuk liya. Saka iku, wong tuwané ngerti yèn James nduwèni bakat ing babagan mesin. Nalika umur limalas taun, James wis ngrampungaké maca buku filsafat alam kaping pindho. Saliyané iku, James nggawé piranti kang bisa ngréwangi gawéyan kang abot. Dhéwékè wis nggawé katrol, dhèrèk cilik, pompa, mbeneraké piranti kapal kang rusak, James uga seneng nyinauni babagan astronomi. Ing umuré kang semana, James wis nduwèni méja kerja dhéwé kanggo mergawé minangka pande wesi.[4]
Nalika umur wolulas taun, James mara menyang London kanggo merguru ing bèngkèl John Morgan ngenani mesin. Sawisé mudheng babagan mesin, James balik menyang Glasgow mbuka bèngkèl dhéwé. Amarga kapinterané, James bisa èntuk panggonan kanggo digawé bèngkèl ing Universitas Glasgow. Ing Universitas iku, James èntuk akèh kanca kanggo ngembangaké idené nggawé mesin uap. Sadurungé, wis ana Hero, ahli ilmu alam Yunani kang nduwèni ide iki. Ing taun 1764, James èntuk kasempatan mbeneraké mesin Newcomen. James Watt mulai katarik ngenani mesin uap amarga ndeleng mesin uap gawéyan Newcome sing kurang èfisièn. Banjur dhèwèké nganakaké sawetara pacoban & panelitèn. Wusanané kasil nyipta mesin uap pisanan sing èfisièn. Nyatané mesin uap iki minangka salah siji kakuwatan sing nyurung anané Revolusi Indhustri, khususé ing Britania lan Eropah. [5]Kanggo ngregani jasané, jeneng kulawargané yaiku watt banjur dipigunakaké minangka jeneng satuan daya, umpamané daya mesin lan daya listrik. James Watt tau kerja karo Dr. John Roebuck lan Matthew Bolton.
James nikah karo Margareth Miller lan nduwèni putra loro, yaiku James lan Greory. Ananging putra kang Greory séda ing taun 1804. James uga nduwèni kapinteran bisa gampang gaul mula nduwèni akèh kanca. Kanca-kancanè saka Inggris, kaya déné Dr. Priestly, panemu gas asam, Dr. Darwin lan Josiah Wedgwood. James Watt séda ing taun 1819 nalika yuswané wolongpuluh telu taun. James disarékaké ing Gereja Paroki Handsworth.[4]
Pranala jaba [sunting]
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ Although a number of otherwise reputable sources give his date of death as 19 August 1819, all contemporary accounts report him dying on 25 August and being buried on 2 September. The date 19 August originates from the biography The Life of James Watt (1858, p. 521) by James Patrick Muirhead. It draws its (supposed) legitimacy from the fact that Muirhead was a nephew of Watt and therefore should have been well-informed. In the Muirhead papers, the 25 August date is mentioned elsewhere. The latter date is also given in contemporary newspaper reports (for example, page 3 of The Times of 28 August) as well as by an abstract of and codicil to Watt's last will. (In the pertinent burial register of St. Mary’s Church (Birmingham-Handsworth) Watt's date of death is not mentioned.)
- ^ Carnegie, Andrew. James Watt. The Minerva Group, Inc.. p. 215. ISBN 0-89875-578-6, 9780898755787. http://www.jameswatt.info/andrew-carnegie/9-watt-in-old-age.html.
- ^ James Watt and the steam engine: the memorial volume prepared for the Committee of the Watt centenary commemoration at Birmingham 1919. Clarendon press. 1927. p. 78. "It is difficult to say anything as to Watt's religious belief, further than that he was a Deist."
- ^ a b (id)[Sihombing dan Dwiyana. 2006. Buku Pintar Tokoh Ternama. Pustaka Delapratasa. ISBN 979-8965-58-2]
- ^ (en)Dickenson, H. W. (1935). James Watt: Craftsman and Engineer. Cambridge University Press.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.