Lokomotif

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lokomotif diesel hidrolik seri BB304

Lokomotif iku bagéan saka rangkean sepur sing nduwèni mesin kanggo ngobahaké sepur. Biasané lokomotif dumunung ing ngarep jroning sawijining rangkéan sepur. Operator saka lokomotif disebut masinis. Masinis nglakokaké sepur adhedhasar printah saka pusat pengendali perjalanan sepur liwat sinyal sing dumunung ing pinggir jalur ril sepur.

Bab lan Paragraf

[sunting] Jinis lokomotif miturut mesin

Lokomotif listrik duwèkané SS sing operasi ing Batavia nalika paro awal abad ka-20.

Miturut mesiné, lokomotif kapérang dadi

  1. Lokomotif uap.
  2. Lokomotif diesel mekanis
  3. Lokomotif diesel elektrik
  4. Lokomotif diesel hidrolik
  5. Lokomotif listrik

[sunting] Jenis lokomotif miturut rodhané

Gambar:Sumbuloko.jpg
Konfigurasi sumbu penggerak lokomotif

Jinis lokomotif miturut konfigurasi sumbu/ as roda lokomotif[1]:

  • 1. kodhe B maknané lokomotif kanthi 2 rodha penggerak utawa Bo-Bo
Tuladha Lokomotif Uap Taun 1898: Seri B Bristol
  • 2. kodhe C maknané lokomotif kanthi 3 rodha penggerak utawa Co-Co
Tuladha Lokomotif Uap Taun 1905: Seri C Birmingham
  • 3. kodhe BB maknané lokomotif mawa gandar 2 2 kanthi rodha penggerak ana 4 as roda utawa nduwèni 8 rodha
Tuladha Lokomotif Uap Taun 1920: Seri BB Manchester
  • 4. kodhe CC maknané lokomotif mawa gandar 3 3 dadi total penggeraké ana 6 as rodha utawa nduwèni 12 rodha .
Tuladha Lokomotif Uap Taun 1930: Seri CC Manchester
  • 5. kodhe D maknané lokomotif mawa gandar 4 loko jinis iki biasané mung nduwèni gandar tunggal saéngga total penggeraké ana 4 as rodha lan gunggung rodha ana 8.
Tuladha Lokomotif Uap Taun 1954: Seri D54 Krupp Liepzig

[sunting] Deleng uga

[sunting] Rujukan

  1. Arti Nomor Lokomotif Diesel [1]

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Cithakan:DaftarLokomotifIndonesia

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lokomotif&oldid=668582"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès