Rodha
Rodha yaiku barang kang bentuké bunder lan nduwéni ruji (ana uga sawetara rodha sing tanpa ruji). [1]Rodha ngasilaké gerakan kanthi gesekan cilik kanthi cara muter. Rodha akèh digunakaké kanggo transportasi.[1] Istilah roda uga ditemokaké ing barang-barang kang bentuké lingkaran liyané, saliyané bentuké lingkaran lan bisa muter kayata kincir air.[1] Rodha kang sepisanan digawé ing Mésopotamia Kuno, nalika iku rodha dianggo tembikar ing taun 3000 SM.[1] Ana uga kang nemoké yèn rodha iku digawe ing Cina nalika taun 2000 SM.[1] Roda nduwéni ukuran lan bahan kang béda-béda. Gedhé ciliké rodha iki miturut gunané.[1] Rodha kanggo sepedha béda karo rodha kang kanggo montor.[1]
Rodha kreta Firaun [sunting]
Arkeolog kang jenengé Ron Wyatt ing akhir taun 1988 nemokaké rodha kreta tempur kuno ing dhasar Laut Merah. [2] Rodha iki dianggep rodha kreta tempur Firaun kang ambles ing segara nalika digunakaké kanggo ngajak Musa karo para pasukané nalika metu saka Mesir. [2] Saliyané nemokaké rodha kreta tempur kang ditarik nganggo jaran. [2]Wyatt karo anak buahé uga nemokaké balung-balung menungsa lan balung jaran ing panggonan kang padha. [2] Asil kang ditemokaké iki banjur diséléhaké ing museum kang dinduwéni Wyatt. [2] Balung-balung iki dianggep balung-balung utawa kerangka tentara Firaun kang ambles ing Laut Merah. [2]
Balung lan rodha kang ditemokaké iki banjur diuji ing Stockhlom University. [2]Ing kéné dingerténi yèn balung iki kasusun saka struktur lan zat-zat saka balung kang umuré wis 3500 taun kepungkur. [2] Lan miturut sejarah kadadéyan Firaun kang ngajak Musa lan anak buahé iku kadadéan ing wektu kang padha.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.