Rudolf Diesel
| Rudolf Diesel | |
|---|---|
| Lair | 18 Maret, 1858 Paris, Prancis |
| Tilar donya | 29 September 1913 (umur 55) Selat Inggris |
| Kabangsan | Jerman |
| Pagawéyan | Insinyur, panemu, pengusaha |
| Employer | Sulzer, Linde, MAN AG |
| Dikawruhi amarga | Nemokaké mesin diesel |
| Anak | Rudolf Jr, Heddy, lan Eugen |
| Wong tuwa | Theodor Diesel, Elise Diesel |
| Bebungah | Elliott Cresson Medal (1901) |
Rudolf Diesel (lair ing Paris, Prancis, 18 Maret 1858 – tilar donya 30 September 1913 kanthi yuswa 55 taun) iku sawijining panemu Jerman, misuwur amarga panemuané, mesin diesel. Panjenengané lair ing Paris lan tilar donya sacara misterius ing kapal fery jroning laku menyang Inggris.
Diesel ngembangaké gagasan sawijining mesin pamicu komprèsi ing dekade akir abad ka-19 lan nampa hak patèn kanggo alat kasebut tanggal 23 Februari 1893. Panjenengané mbangun prototipe sing duwé fungsi ing awal taun 1897 nalika nyambut gawé ing pabrik MAN ing Augsburg.
Mesin Diesel iki banjur dijenengi kanggo ngurmati jasané. Asliné, jeneng mesin iki "mesin lenga".
Biografi [sunting]
Rudolf Diesel lair kanthi jeneng jangkep Rudolf Christian Karl Diesel saka keluwarga pangrajin kulit Jerman. Wiwit cilik, panjenengané ditepungi minangka wong sing jenius. Watara umur 20 taun, nalika taun 1870, Diesel nampa bebungah medhali perunggu saka Société Pour L'Instruction Elémentaire, saka sapérangan karya èlmiahé sing moncèr. Nanging, ing taun sing padha, keluwarga Diesel kepeksa kudu ninggalaké Paris amarga kawicaksanan anyar pamaréntah Prancis wektu iku ngenani para imigran asing. Bapakné Diesel gagal éntuk idin netep ing Prancis. Keluwarga iki mangkat lan pindhah menyang London, Inggris. Mung sadhéla ing kana, Rudolf banjur mangkat dhéwé menyang Augsburg, Jerman, kanggo nerusaké sekolah lan manggon bebarengan paklik an buliké ing kana sing uga mulang minangka guruné ing Gewerbsschule. Ora suwé sabanjuré Perang Jerman-Prancis njeblug.
Nalika taun 1872, Rudolf wiwit ditepungi lan diakoni minangka calon mékanik andhel. Panjenengané ngrampungaké sekolahé ing Gewerbsschule minangka salah siji lulusan paling apik, banjur nerusaké menyang Univèrsitas Tèknik (Institut Politèknik) Muenchen. Perang Jerman-Prancis rampung lan kanggo sepisanané panjenengané bisa kumpul lan ketemu manèh karo keluwargané ing Paris.
Émané, Rudolf ora bisa mèlu ujian akir kasarjanané nalika taun 1879 amarga nandhang lara demam berdarah. Nanging sakwéné kuliah ing Muenchen, panjenengané ngukir akèh prèstasi cemerlang, antara liya, nalika taun 1878, bebarengan profesoré, kasil ngrancang sawijining cithak biru mesin uap kanthi èfisiènsi paling dhuwur sing tau ana nganti wektu iku. Panjenengané uga wiwit nulis sapérangan makalah lan diterbitaké kanggo umum.