Paris
Paris adalah ibu kutha Prancis lan uga minangka ibu kutha région Île-de-France, kang dhaérahé nyakup kutha Paris sarta dhaérah pinggirané. Kutha iki nduwé pedhunung 2.144.700 jiwa (2005). Éwadéné dhaérah metropolitan Paris utawa Paris Raya duwèni pedunung 11.174.743 jiwa (1999). Paris minangka kutha paling padhet ing Uni Eropah lan kutha metropolitan paling gedhé kaloro ing Eropah (sawisé Moskwa, setara karo London), lan uga kutha metropolitan mawa pedunung paling akèh ka-20 ing donya.
Dhaérah Paris Metropolitan Raya, kanthi total PDB kang luwih dhuwur tinimbang Brasil utawa Rusia ing taun 2003, kuwi punjer kauangan lan bisnis paling gedhé ing Eropah (kalebu London), nampung luwih saka 30% populasi pegawé kantoran, lan uga luwih saka 40% saka kantor pusat perusahaan-perusahaan Prancis, kanthi distrik bisnis paling gedhé ing Eropah (La Défense) lan pasar bursa paling gedhé kaloro ing Eropa (Euronext).
Misuwur minangka 'Kutha abyor déning cahya lampu' (la Ville Lumière), Paris dadi tujuan wisata kawentar wiwit jaman biyèn. Kutha iki dikenal bab arsitektur wangunané kang éndah, pangaturan kutha lan dalan-dalan gedhéné, lan uga kolèksi museum-museumé. Dibangun ing pinggir kali Seine, kutha iki dipérang dadi rong bagéan: Pinggir Tengen mangalor lan Pinggir Kiwa yang luwih cilik mangidul.
Sdurungé, Paris minangka ibu kutha karajaan kang koloniné paling akèh ing limang bawana, wektu iki Paris isih disebut minangka pusat donya basa Prancis lan njaga posisi kang kuwat ing donya minangka tuan rumah markas besar OECD lan UNESCO. Bab iki, dijangkepi karo anané kagiatan keuangan, bisnis, politik, lan wisata, wis ndadèkaké Paris minangka salah siji rangkaian transportasi utama ing donya. New York, London, Tokyo, lan Paris sering disebut minangka papat kutha utama paling gedhé ing donya.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Paris dumunung ing saubengé Kali Seine, kalebu loro puloné Île Saint-Louis lan Île de la Cité, kang dadi bagéan paling tuwa kutha iki. Paris dumunung ing tlatah kang warata kanthi elevasi paling cendhèk 35 meter saka lumahing segara. Salyané kuwi, ing Paris uga ana sawetara bukit, kang paling dhuwur yakuwi Montmartre kang dhuwuré 130 meter. Paris nyakup tlatah kang jembaré 86,9 km². Yèn ditambah manèh karo loro taman, yakuwi Bois de Boulogne lan Bois de Vincennes kang dilebokaké dadi wilayah Paris ing taun 1929, jembaré dadi 105,4 km²
Paris duwèni iklim segara, dipengaruhi déning Arus Atlantik Lor, saéngga suhu ing kutha iki ora tau dhuwur utawa endhèk banget. Suhu rata-rata taunan Paris paling dhuwur 15 °C, paling endhèk 7 °C. Suhu paling dhuwur kang naté kacathet yakuwi 40,4 °C ing tanggal 28 Juli 1948 déné kang paling endhèk yakuwi -23,9 °C ing tanggal 10 Desember 1879. Pungkasan iki, Paris ngalami cuaca ekstrim kayadéné anané Gelombang Panas Eropah 2003 lan Gelombang Dingin Eropah 2006
Demografi [sunting]
| Perkembangan demografi Paris antara 1801 sampai 1926 | |||
| 1801 | 1851 | 1881 | 1926 |
| 547.800 | 1.053.000 | 2.240.000 | 2.871.000 |
Ana ing sensus taun 1999, pedunung Paris (ora kalebu pinggiran) cacahé 2.125.246 jiwa lan gunggung cacahing pedunung ing dhaérah metropolitan ana 11.174.743 jiwa. Angka mau durung tekan titik puncak kayadéné taun 1921 yaiku 2,9 yuta jiwa. Pedunung uga wiwit gèsèr menyang dhaérah pinggiran sarta dhaérah kutha Paris dhéwé luwih akèh dianggo perkantoran dibandingaké pemukiman.
Objek turisme ing Paris [sunting]
Kutha Paris minangka kutha turisme. Yutan turis teka ing kutha iki kanggo nikmati suasana khas kutha sarta citrané minangka salah siji pusat seni modèren. Kutha iki uga duwé akèh museum kanthi kolèksi wigati. Ing ngisor iki sawetara obyek turisme utama ing Paris:
- Menara Eiffel
- l'Arc de Triomphe
- Champs Elysée
- Katedral Hati Kudus Montmartre
- Museum Louvre
- Museum Orsay
- Katedral Notre Dame
- Kabaret Moulin Rouge
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]
Pirsani pandhuan wisata Paris ing Wikivoyage
- (en) Situs resmi
- (en) Situs resmi pariwisata
- (en) Paris Vacation
- (en) FromParis - Image Bank
- Apartment Info Paris