Sepur modèl
Sepur modèl utawa kréta latu modèl (krama) utawa sepur miniatur iku modèl sepur ing skala modèl cilik. Sepur modèl iku sajinising hobi sing mbangun modèl-modèl sepur. Skala modèl iki ngamot lokomotif, wagon, trèm, ril, sinyal, dalan, gedhong, wahana liyané, figur-figur modèl, cahya lan diorama fitur-fitur alami kayata kali, wukir lan lebak.
Sepur modèl sing awal dhéwé diarani 'sepur karpèt' (basa Inggris carpet railways) lan muncul ing dasawarsa 1840-an. Sepur modèl iki diarani mengkono amerga ora mrelokaké ril kanggo ngglindhing. Sepur modèl mawa tenaga listrik wiwit muncul ing awal abad kaping 20. Nalika iku sepur-sepur modèl iki namung mèmper sacara kasar waé karo asliné. Sepur modèl jaman saiki rupané luwih réalistis. Para sutresna sepur modèl biasané ora namung kolèksi modèl-modèl sepur waé, nanging uga nggawé layout sepur-sepuran utawa diorama sing niru lokasi utawa periode sajroning sajarah pasepuran.
Ing Jerman ana organisasi modèl pasepuran sing nduwé jeneng NEM. Organisasi iki sing nemtokaké pamérangan jaman ing pasepuran ing taun 1968.
Bab lan Paragraf |
Skala [sunting]
Sepur modèl iku ana ing sawetara skala. Skala sing lumrah iku yaiku:
- Skala H0/HO utawa ukurané 1:87
- Skala TT utawa ukurané 1:120
- Skala N utawa ukurané 1:160
- Skala Z utawa ukurané 1:220
Skala H0 iku sing populèr dhéwé banjur skala N iku sing populèr nomer loro. Ing Indonésia sing populèr uga skala H0 lan N. Skala TT iku utamané populèr ing (manten) Jerman Wétan. Banjur skala Z iku utamané sing nggawé namung pabrik siji waé yaiku; Märklin.
Pamérangan miturut jaman [sunting]
NEM utawa lembaga para kolektor sepur modèl in Jerman, ing taun 1968 nemtokaké pamérangan jaman ing sepur modèl. Pamérangan jaman iki ing basa Jerman diarani Epoche.
- Jaman I: 1835 - 1925
- Jaman II: 1925 - 1945
- Jaman III: 1945- 1970
- Jaman IV: 1970 - 1990
- Jaman V: 1990 - 2006
- Jaman VI: 2006 lan sabanjuré
Tenaga sepur modèl [sunting]
Sepur modèl skala cilik biasané nganggo mesin tenaga dinamo listrik. Dinamo iki akèhé nganggo setrum arus padha (DC). Nanging uga ana sing nganggo mesin arus bolak-balik (AC). Saliyané iku ing skala sing radha gedhé, uga ana sing nganggo mesin bakar jero utawa mesin uwab. Saiki sing umum nganggo sistem arus bolak-balik (AC) iku namung Märklin waé ing skala H0. Senadyan mengkono uga akèh produsèn liya sing nggawé lokomotif kanggo sistémé Märklin.
Réferènsi [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (id) Situs wèb ngenani sepur modèl ing Indonésia (pranala mati diaksès tanggal 25 September 2011)
- (id) Situs wèb adhedhasar Wordpress ngenani sepur modèl ing Indonésia