Karajan Kalingga
Karajan Kalingga iku salah siji karajan tua ing Nusantara tegesé ing tlatah Jawa dhaerah Kecamatan Keling, Kabupaten Jepara saiki. Karajan iki wis ana ing taun 640 Masehi, Ratune sing musuwur yaiku Ratu Sima. Karajan iki nganut agama Hindu, dibangun dening keturunan karajan Kalingga sing ana ing negara bagian Orrisa (India) sing kalah perang lawan karajan sing dipimpin dening Maharaja Maurga (Asoka) Buddha, sekitar taun 200 SM. Putri Maharani Shima, PARWATI, daup karo putra mahkota Karajan Galuh sing asmané MANDIMINYAK, sing sabanjuré dadi raja ka-2 Karajan Galuh.
Maharani Shima nduwèni putra wayah asesilih SANAHA sing krama karo raja ka-3 saka Karajan Galuh, yaiku BRATASENAWA. Sanaha lan Bratasenawa kagungan putra asma SANJAYA sing tembé mburi dadi raja Karajan Sundha lan Karajan Galuh (723-732M).
Sawisé Maharani Shima séda ing taun 732M, Sanjaya nggantèkaké buyuté dadi raja Karajan KALINGGA LOR.
Kira-kira taun 732 M Wangsa Sanjaya ngowahi jeneng Kalingga dadi Mataram (Hindu). Sanjaya dadi raja pisanan Mataram (Hindu) sing ibukuthané dumunung ing Medang Kamulan. Kakuwasan ing Jawa Kulon dipasrahaké marang putrané saka TEJAKENCANA, yaiku TAMPERAN BARMAWIJAYA alias RAKEYAN PANARABAN.
Sabanjuré Raja Sanjaya palakrama karo Sudiwara puteri Dewasinga, Raja KALINGGA KIDUL utawa BUMI SAMBARA, lan apeputra RAKAI PANANGKARAN.
[sunting] Sumber
Salahsiji sumber sajarah karajan Kalingga yaiku saking sumber-sumber Cinten.
[sunting] Silsilah
Ora ana catetan sajarah pendiri karajan Kalingga.
- Ratu Sima
- Parwati
- Limwa utawa Gajayana (Karajan Kanjuruhan, Malang)
- Uttejana
- Anana
- Uttejana
Miturut Naskah Wangsakerta Parwati kawin karo salah siji putra mahkota karajan Galuh yaiku Sempakwaja.
|
Karajan Kalingga > Karajan Mataram Kuna |
|
|
|
|---|---|
|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |
|