Kasultanan Pajang
|
|||||||||||||||||||||||||||
Kasultanan Pajang iku salahsiji Kasultanan ing tlatah Jawa lan dibangun dening Jaka Tingkir. Sedurunge, dhaerah Pajang iki dadi bagéyan Kasultanan Demak ning wektu Demak dipimpin Arya Penangsang, Jaka Tingkir sing dibantu Adipati liyane kasil niwasaké Arya Penangsang. Jaka Tingkir banjur mindahaké pusat kakuwasan menyang Pajang. Miturut kabiasaan jaman mbiyèn, yèn pusat kakuwasan utawa kutharaja dipindah iku maknané nggawé karajan anyar yaiku Kasultanan Pajang. Dhaérah Demak dadi bagéyan Kasultanan Pajang (kadipatèn) lan dipasrahaké marang Arya Pangiri putra Sunan Prawata.
Sultan Hadiwijaya[sunting]
Jaka Tingkir dadi Sultan Pajang ing taun 1568 lan nyandhang gelar Sultan Hadiwijaya, kadipatèn-kadipatèn liyané sing sadurungé nggabung karo Demak dadi bagéyan Kasultanan Pajang.
Ing taun 1558, Sultan Hadiwijaya masrahaké dhaérah Mentaok (cedhak Kutha Gedhé - Yogyakarta) minangka bebungah kanggo Ki Ageng Pamanahan sing wis mbiyantu nyingkiraké Arya Penangsang lan mbiyantu mbangun Pajang. Dhaérah iki dadi cikal bakal Kasultanan Mataram.
Pajang ambruk[sunting]
Ing taun 1582 Sultan Hadiwijaya diganti dening putrané yaiku Pangeran Benawa ning disingkiraké dening keturunan Kasultanan Demak yaiku Arya Pangiri, Pangeran Benawa didadèkaké Adipati ing dhaérah Jipang. Ing taun 1587, Sutawijaya (putra Ki Ageng Pemanahan) sing nguasani dhaérah Mentaok misah saka Pajang lan mbangun Kasultanan Mataram. Koalisi Sutawijaya karo Pangeran Benawa pungkasané kasil ngalahaké Arya Pangiri, Sutawijaya banjur mindahaké pusat kakuwasan ing Mataram lan dadi Sultan pisanan ing Mataram.
Pajang saiki[sunting]
Saiki Pajang namung jenengé sawijining kalurahan ing kutha Surakarta waé. Ananging isih ana patilasané karaton Pajang.
|
Kasultanan Demak > Kasultanan Pajang lan Kasultanan Mataram |
|
|
|
|---|---|
|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |
|