Kasultanan Mataram
|
|||||||||||||||||||||||||||||||
Kasultanan Mataram diadegaké déning Sutawijaya, putra Ki Ageng Pamanahan taun 1586. Sadurungé, kasultanan iki dadi bagian kakuasaan Kasultanan Pajang ning ing taun 1582, Sutawijaya wiwit misahke dhaerah kakuasaane saka Pajang.
Bab lan Paragraf |
Sajarah pangadegan [sunting]
Koalisi antarane Jaka Tingkir, Ki Ageng Pamanahan, Sutawijaya, Ki Penjawi lan liyane kasil newasake Arya Penangsang (Sultan Demak taun 1546—1561). Ki Ageng Pamanahan banjur entuk kuasa neng dhaerah Mentaok (cedhak Kutha Gedhe, Yogyakarta). Dhaerah alas iki dibabad Ki Ageng Pamanahan malah brasil dibangun dadi dhaerah pertanian sing subur. Taun 1575 Ki Ageng Pamanahan seda, putrane yaiku Sutawijaya nerusake mbangun Mentaok dibantu Ki Juru Mertani nganti akhire dadi dhaerah kakuasaan sing lumayan kuat lan ngerobah jeneng dhaerahe dadi Mataram ning tetep dadi bageyan kakuasaan Kasultanan Pajang. Taun 1582 akhire kedadeyan perang antara Pajang lawan Mataram, panguasa Pajang wektu iku yaiku Arya Pangiri. Sutawijaya sing dibantu Pangeran Benawa kasil ngasorke lan nguasai Pajang. Kraton Pajang dipindah menyang Mataram lan Sutawijaya jumeneng nata sing kapisan Mataram nganti taun 1601. Sutawijaya nyandang gelar Panembahan Senapati.
Raja-raja [sunting]
- Ki Gedhé Pamanahan
- Panembahan Senapati
- Prabu Hanyakrawati
- Adipati Martaputra
- Sultan Agung
- Amangkurat I
- Amangkurat II
- Amangkurat III
- Pakubuwana I
Akhir Mataram [sunting]
Kasultanan Mataram bubar liwat Perjanjian Giyanti sing mecah Mataram dadi 2 yaiku Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Yogyakarta.
Uga pirsani [sunting]
|
Kasultanan Pajang > Kasultanan Mataram > Kasultanan Yogyakarta lan Kasunanan Surakarta |
|
|
|
|---|---|
|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |
|