Amangkurat I

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sri Susuhunan Amangkurat Agung utawa dicekak Amangkurat I iku ratu Kasultanan Mataram kang mréntah taun 1646-1677. Panjenengané iku putra saka Sultan Agung Hanyokrokusumo. Panjenengané akèh ngalami pambrontakan ing sajeroning mangsa papréntahané. Panjenengané tilar donya sajeroning pelarian taun 1677 lan disarèkaké ing Tegalwangi (cedhak Tegal), saéngga misuwur uga kanthi jejuluk anumerta Sunan Tegalwangi utawa Sunan Tegalarum. Jeneng liyane yaiku Sunan Getek, amarga panjenengané ketaton nalika numpes pambrontakan Mas Alit, adhiné dhéwé.

Silsilah Amangkurat I[besut | besut sumber]

Jeneng asliné ya iku Radèn Mas Sayidin, putra Sultan Agung. Ibuné ya iku Ratu Wétan, putri Tumenggung Upasanta bupati Batang (tedhak turune Ki Juru Martani). Nalika mengku kalungguhan Adipati Anom panjenengané nganggo sesebatan Pangeran Arya Prabu Adi Mataram.

Kadidéné lumrahé ratu-ratu Mataram, Amangkurat I duwé loro permaisuri. Putri Pangeran Pekik saka Surabaya dadi Ratu Kulon kang nglairaké Radèn Mas Rahmat, tembé mburi dadi Amangkurat II. Déné putri kulawarga Kajoran dadi Ratu Wétan kang nglairaké Radèn Mas Drajat, tembé mburi dadi Pakubuwana I.

Wiwitan papréntahan[besut | besut sumber]

Ing taun 1645 panjenengané diangkat dadi ratu Mataram nggantèkaké ramané, lan olèh sesebutan Susuhunan Ing Alaga. Nalika dinobataké kanthi resmi taun 1646, panjenengané mawa sesebutan Amangkurat utawa Mangkurat, jangkepé Kanjeng Susuhunan Prabu Amangkurat Agung. Sajeroning basa Jawa tembung Amangku tegesé "mangku", lan tembung Rat kang tegesé "bumi", dadi Amangkurat tegesé "mangku bumi". Panjenengané dadi ratu kang kuwasa ing Mataram lan laladan-laladan andhahané, lan ing upacara panobatan mau kabèh anggota kulawarga krajan disumpah supaya prasetiya lan ngabekti marang panjenengané.

Amangkurat I olèh warisan Sultan Agung awujud wewengkon Mataram kang jembar banget. Sajeroning bab iki panjenengané matrapaké pepanceran utawa sistem papréntahan tunggal. Amangkurat I uga nyingkiraké tokoh-tokoh sepuh kang ora jumbuh karo pulitiké. Umpamané, Tumenggung Wiraguna lan Tumenggung Danupaya ing taun 1647 dikirim supaya ngrebut Blambangan kang wis dikuwasani déning Bali, nanging kaloroné diprejaya ing tengah dalan.

Ing taun 1647 kutha krajan Mataram dilih menyang Plèrèd. Pura anyar iki luwih akèh diyasa saka bata, déné pura lawas ing Kerta kagawé saka kayu. Pangalihan pura mau diwernani pambrontakan Radèn Mas Alit utawa Pangeran Danupoyo, rayiné Amangkurat I kang nentang panumpasan tokoh-tokoh sepuh. Pambrontakan iki olèh sengkuyungan saka para ulama nanging wusanané niwasaké Mas Alit. Amangkurat I ganti ngadhepi para ulama.

Sesambungan karo pihak liya[besut | besut sumber]

Amangkurat I duwé sesambungan karo VOC kang naté diperangi ramané. Ing taun 1646 panjenengané nganakaké prajanjèn, antarané liya pihak VOC diidinaké mbukak pos-pos dagang ing wewengkon Mataram, déné pihak Mataram diidinaké dagang menyang pulo-pulo liya kang dikuwasani déning VOC. Kaloro pihak uga silih mbébasaké tawanan. Prajanjèn mau déning Amangkurat I dianggep bukti takluk VOC marang kakuwasan Mataram. Nanging panjenengané banjur gela nalika VOC ngrebut Palembang taun 1659.

Memungsuhan antara Mataram lan Banten uga sansaya ndadra. Ing taun 1650 Cirebon didhapuk naklukaké Banten nanging ora kasil. Banjur taun 1652 Amangkurat I nglarang ngirim beras lan kayu menyang nagari iku.

Sawetara iku sesambungan dhiplomatik Mataram lan Makasar kang dipandhégani déning Sultan Agung wusanané rusak ing tangan putrané sawisé taun 1658. Amangkurat I nulak duta-duta Makasar lan njaluk supaya Sultan Hasanuddin rawuh dhéwé ing Jawa. Mesthi waé panyuwun iki ditulak.

Pasulayan karo pangeran pati[besut | besut sumber]

Amangkurat I uga sulaya karo putra mahkuthané, ya iku Radèn Mas Rahmat kang dadi Adipati Anom. Pasulayan iku jalaran anané warta yèn kalungguhan Adipati Anom bakal dilih marang Pangeran Singasari (putra Amangkurat I liyané).

Ing taun 1661 Mas Rahmat nglancaraké aksi kudhéta nanging ora kasil. Amangkurat I numpes kabèh panyengkuyung putrané iku. Suwaliké, Amangkurat I uga ora kasil sajeroning ngupadi ngracun Mas Rahmat taun 1663. Pasulayan sansaya ndadra taun 1668 nalika Mas Rahmat ngrebut calon selir ramané dhéwé kang asmané Rara Oyi.

Amangkurat I ngukum mati Pangeran Pekik, mertuané dhéwé, kang dituding wis nyulik Rara Oyi kanggo Mas Rahmat. Mas Rahmat dhéwé diampuni sawisé dipeksa mrejaya Rara Oyi nganggo tangané dhéwé.

Pambrontakan Trunajaya[besut | besut sumber]

Mas Rahmat kang wis dipecat saka kalungguhan Adipati Anom tetepungan karo Radèn Trunajaya, mantuné Panembahan Rama alias Radèn Kajoran taun 1670. Panembahan Rama ngusulaké supaya panjenengané ngragati Trunajaya ngayahi pambrontakan. Banjur Trunajaya diragati kanggo ngraman marang Amangkurat I.

Trunajaya lan punggawané uga dibiyantu déning para pejuang Makasar pimpinan Karaeng Galesong, ya iku tilas panyengkuyungé Sultan Hasanuddin kang diasoraké déning VOC ing taun 1668. Sadurungé, taun 1674 laskr Makasar iki tau nyuwun tanah kanggo gawé perkampungan, nanging ditulak déning Amangkurat I.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Babad Tanah Jawi, Mulai saka Nabi Adam Sampai Taun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya déning Raja-ratu Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  • Purwadi. 2007. Sajarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu


Kang sadurungé
{{{before}}}
{{{title}}}
{{{years}}}
Kang sawisé
{{{after}}}