Wangsa Sanjaya
Wangsa Sanjaya iku sawijining dinasti sing kuwasa ing Karajan Medang periode Jawa Tengah (utawa biasa disebut Karajan Mataram Kuna).
Bab lan Paragraf |
[sunting] Asal-Usul
Istilah Wangsa Sanjaya dikenalaké déning sejarawan Dr. Bosch jroning karangané kanthi irah-irahan Sriwijaya, de Sailendrawamsa en de Sanjayawamsa (1952). Disebutaké yèn ing Karajan Medang ana loro dinasti sing kuwasa, yaiku dinasti Sanjaya lan Sailendra.
Istilah Wangsa Sanjaya ngarujuk marang jeneng pendhiri Karajan Medang, yaiku Sanjaya sing mrintah watara taun 732. Dinasti iki nganut agama Hindhu aliran Siwa, lan kiblaté marang Kunjaradari ing tlatah India.
[sunting] Daftar Para Raja
Dhaptar para raja Medang sadurungé Dyah Balitung sing katulis jroning prasasti Mantyasih miturut teori Bosch yakuwi dhaptar para raja Wangsa Sanjaya, sekaligus uga silsilah kulawarga wiwit saka Sanjaya nganti Balitung.
Para raja kasebut yaiku:
- Sanjaya
- Rakai Panangkaran
- Rakai Panunggalan
- Rakai Warak
- Rakai Garung
- Rakai Pikatan
- Rakai Kayuwangi
- Rakai Watuhumalang
[sunting] Deleng uga
[sunting] Kapustakan
- Marwati Poesponegoro & Nugroho Notosusanto. 1990. Sejarah Nasional Indonesia Jilid II. Jakarta: Balai Pustaka
- Slamet Muljana. 2006. Sriwijaya (terbitan ulang 1960). Yogyakarta: LKIS