Kartini

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Radèn Ajoe Kartini
Miyos Jepara, 21 April 1879
Séda Rembang, 13 September 1904
Jabatan Cithakan:Bendera Indonésia Pahlawan Nasional R.I.
Garwa Radèn Adipati Djajadiningrat

Radèn Adjeng Kartini utawi langkung leres Radèn Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 utawi 28 Rabiul Akhir taun Jawi 1806-Rembang, 17 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendhidhikan Jawi. Radèn Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Sanajan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala semanten poligami punika limrah lan dipun-anggep biyasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun boten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.

Radèn Adjeng Kartini punika satunggaling putri saking kulawarga Bupati Jepara ingkang dipunparingi tenger Kartini. Tanggal samangké déning bangsa Indonésia dipunpéngeti dados dinten Kartini. Kartini punika laré ingkang nomer gangsal saking Bupati Jepara. Déné pambajengipun, R.M.Sasraningrat, panegakipun R.M.Sasrabuana, panengahipun R.A.Cakradisasra, lan semendhinipun R.M.Sasrakartana. Radèn Ajeng Kartini punika pejuang émansipasi wanita Indonésia. Panjenenganipun ingkang sampun ngupadaya supados drajadipun wanita saged sami kaliyan priya.

Nalika jaman samanten, tiyang èstri boten kepareng sekolah kados déné priya. Manawi sampun ngancik yuswa rumaja lan dipun-anggep patut dhaup, tiyang wadon lajeng dipun-pingit. Dipun-pingit tegesipun boten pareng medal saking griya supados saged dipun-wulang katrampilan-katrampilan ngenani padamelanipun wong wadon saéngga saged dados garwa ingkang saé. Adat kados makaten sampun limrah lan turun-tumurun ing jaman samanten. R.A.Kartini ugi dipun-pingit déning tiyang sepuhipun. Sejatosipun Kartini kepéngin uwal, boten kersa dipun-pingit, nanging piyambakipun boten saged. Ing salebeting pingitan, Kartini asring ngirim layang marang kanca-kancanipun saéngga kawruhipun ugi nambah.

Sinaosa dipun-pingit Kartini ugi tansah sregep sinau kanthi buku-buku ingkang dipunbektakaken kancanipun, Nyonya Abendanon.

Saksampunipun dipingit, nalika tanggal 8 November 1903 R.A.Kartini dipundhaupaken kaliyan Radèn Adipati Jayadiningrat. Sinaosa sampun dhaup, pangudinipun Kartini boten mandheg malah sangśaya adreng anggènipun ngangkat drajadipun kaum wanita. Gegayuhanipun dipun-sengkuyung déning garwane. Piyambakipun ngadhegake sekolah kanggé para putri ingkang kepéngin ngudi ngèlmu. Nalika tanggal 17 September 1904 antawisipun sekawan dinten saking anggènipun patutan, Ibu Kartini kapundhut ngarsaning Gusti. Nanging, sedanipun kala wau boten ateges purnaning perjuangan émansipasi wanita. Perjuangan émansipasi wanita terus dilakoni saéngga dinten samangké wanita saged ucul saking jiretan adat pingit. Wanita nduwé hak padha kaya priya. Wanita bisa sekolah lan ngudi ngèlmu ing pawiyatan luhur kaya déné priya.

Babad slira[besut | besut sumber]

RM Sosroningrat, bapanipun Kartini

Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara.[1] Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih.[2]

Nami "Kartini" sarta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung punika asalipun saking basa Sangskreta kṛta ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".

Sanajan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah ing satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara.[3] Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Nanging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit.

Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah njurung piyambakipun.

Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun gadhah garwa tiga.[4]. Kanggé Kartini bab punika wujud satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa boten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipunparingi panjurung kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn Rembang, ing satunggiling yasan ingkang dinten punika dipun-ginakaken minangka Gedhung Pramuka.

Putra kapisan lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawatawis dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sanèsipun. Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini".

Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.

Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Présidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mèi 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.

Serat-serat[besut | besut sumber]

Gambar Kartini kaliyan garwanipun R.M. Djojohadiningrat.
Komplèks pasaréan R.A. Kartini
Pasaréyan R.A. Kartini ing Bulu

Sasampunipun Kartini séda, Mr. J.H. Abendanon ngempalaken lan ndamel buku saking kempalan serat-serat ingkang naté dipunkintunaken déning R.A Kartini dhumateng para réncangipun ing Éropah. Abendanon wekdal punika mengku kalungguhan minangka Mantri Kabudayan, Agama, lan Karajinan Hindhia-Walandi. Buku punika lajeng dipunparingi sesirah Door Duisternis tot Licht ingkang tegesipun Rampung peteng, sumilak padhang. Buku kempalan serat Kartini punika dipunterbitaken ing taun 1911. Buku punika dipuncithak kaping gangsal, lan ing cithakan ingkang pungkasan wonten tambahan serat Kartini. Ing salebeting basa Inggris, serat-serat Kartini ugi naté dipunterjemahaken déning Agnes L. Symmers.

Terbitipun serat-serat Kartini, satunggiling pawèstri pribumi, sanget narik kawigatosan masarakat Walanda, lan pamikiran-pamikiran Kartini wiwit ngéwahi pandhangan masarakat Walanda dhumateng pawèstri pribumi ing Jawi. Pamikiran-pamikiran Kartini ingkang kasokaken ing serat-seratipun ugi dados inspirasi kanggé tokoh-tokoh kebangkitan nasional Indonésia.[5]

Pamikiran[besut | besut sumber]

Ing serat-serat Kartini kaserat pamikiran-pamikiranipun prakawis kondhisi sosial wekdal samanten, mliginipun prakawis kondhisi pawéstri pribumi. Sapérangan ageng serat-seratipun isinipun keluhan lan gugatan khususipun ingkang gegandhéngan kaliyan budaya ing Jawi ingkang dipun-sawang minangka rerendheting kemajengan pawèstri. Panjenenganipun péngin wanita gadhah kabébasan nuntut ngèlmu lan sinau. Kartini nyerat gagasan lan gegayuhanipun, kados kaserat: Zelf-ontwikkeling lan Zelf-onderricht, Zelf-vertrouwen lan Zelf-werkzaamheid lan ugi Solidariteit. Sedaya punika adhedhasar Religieusiteit, Wijsheid en Schoonheid (inggih punika Katuhanan, Kawicaksanan, lan Kaéndahan), dipuntambah kaliyan Humanitarianisme (pari kamanungsan) lan Nasionalisme (tresna marang praja).

Serat-serat Kartini isinipun ugi pangajeng-ajengipun kanggé pikantuk pitulungan saking njawi. Ing wekdal pitepangan kaliyan Estelle "Stella" Zeehandelaar, Kartini ndungkap pepénginan supados saged kados kaum mudha Éropah. Panjenenganipun nggambaraken kasangsaran pawèstri Jawi amargi kungkungan adat, inggih punika boten saged bébas lenggah ing bangku sekolah, kedah dipun-pingit, dipunpalakrami kaliyan priyantun ingkang boten kaloka, lan kedah purun dipun-madu.

Pandhangan-pandhangan kritis sanès ingkang dipun-dungkap Kartini ing serat-seratipun punika kritik dhumateng agamanipun. Panjenenganipun nangletaken witèkna ngapa kitab suci kedah dipunlafalaken lan dipunapalaken tanpa dipunwajibaken kanggé dipunpahami. Panjenenganipun ndungkap ugi prakawis pandhangan: donya bakal langkung tentrem manawi boten wonten agami ingkang asring dados alesan manungsa kanggé sulaya, pepisah, lan silih nyakiti. "... Agami kedah njagi kita tinimbang ndamel dosa, nanging pinten kathahipun dosa dipundamel tiyang atas nama agami punika ..."

Kartini ugi nangletaken prakawis agami ingkang dipundadosaken pangleresan dhumateng kaum priyantun kanggé poligami. Kanggénipun Kartini, sampun cekap kasangsaran ingkang dipun-alami déning pawéstri Jawi, ingkang donyanipun namung wewates témbok griya lan sumadiya ugi kanggé dipun-madu. Ing bab awal punika.

Serat-serat Kartini kathah ndungkap prakawis alangan-alangan ingkang kedah dipunadhepi nalika gadhah gegayuhan dados pawèstri Jawi ingkang langkung majeng. Kartini gadhah rama ingkang kagolong majeng amargi sampun nyekolahaken putri-putrinipun éwadéné namung dumugi yuswa 12 taun, tetep kémawon konten kanggé dumugi ing mrika katutup.

Kartini tresna sanget dhumateng ingkang rama. Nanging nyatanipun, tresnanipun dhumateng ingkang rama kasebat ugi ing pungkasanipun dados alangan ageng kanggé mujudaken gegayuhanipun. Ingkang rama, ing serat, ugi dipun-dungkap bilih panjenenganipun tresna sanget dhumateng Kartini. Panjenenganipun dipunsebataken pungkasanipun ngidinaken Kartini sinau dados guru ing Batawi, éwadéné sadèrèngipun boten ngidinaken Kartini kanggé nglajengaken studi ing Walanda utawi kanggé mlebet sekolah kadhokteran ing Batawi.

Pepénginan Kartini kanggé nglajengaken studi-mliginipun ing Éropah panci dipun-dungkap ing serat-seratipun. Sapérangan réncang penanipun nyengkuyung lan ngupados mujudaken pepénginan Kartini wau. Nalika pungkasanipun Kartini mbatalaken pepénginan ingkang mèh mawujud kasebat, kadungkap wontenipun kuciwaning réncang-réncang penanipun. Niyat lan rencana kanggé sinau ing Walanda kasebat pungkasanipun malih ing Batawi kémawon sasampunipun dipun-wejang déning Nyonya Abendanon bilih punika ingkang paling becik kanggé Kartini lan rayinipun Rukmini.

Salajengipun, ing tengah taun 1903 nalika Kartini yuswa kirang langkung 24 taun, niyatan kanggé nglajengaken studi dados guru ing Batawi ugi pupus. Ing satunggaling serat dhumateng Nyonya Abendanon, Kartini ndungkap boten gadhah niyat malih amargi piyambakipun sampun badhé palakrama. "... Singkat lan cekak kémawon, bilih kula boten badhé migunakaken kesempatan punika malih, amargi kula sampun badhé palakrama ..." Kamangka ing wekdal punika pihak dhépartemèn pangajaran Walanda sampun mbikak kasempatan kanggé Kartini lan Rukmini sinau ing Batawi.

Nalika badhé palakrama, wonten éwahan panilaian Kartini prakawis adat Jawi. Piyambakipun dados langkung tolèran. Panjenenganipun nganggep palakrama badhé mbeta kauntungan piyambak ing salebeting mujudaken gegayuhanipun ngadegaken sekolah kanggé para pawèstri bumiputra wekdal punika. Ing serat-seratipun, Kartini nyebataken bilih ingkang garwa boten namung nyengkuyung gegayuhanipun kanggé nuwuhakén ukiran Jepara lan sekolah kanggé pawèstri bumiputra kémawon, nanging ugi dipunsebataken supados Kartini saged nyerat satunggaling buku.

Kartini lan agami[besut | besut sumber]

Wonten satunggal prakawis menarik bab Kartini ingkang arang dikemukakan dhumateng publik. Ing serat ingkang dipun-kintun déning R.A.Kartini tanggal 27 Oktober 1902 dhumateng nyonya R.M.Abendanon-Mandri kados ingkang dipun-amot ing buku Door Duisternis to Licht,

Pertalan serat punika mawi basa Indonésia éjaan lami kados makaten:

"Saja ada satoe Botjah-Boedha, maka itoe ada mendjadi satoe alesan mengapa saja kini tiada memakan barang berdjiwa.

Ketika saja masih anak-anak, saja telah dapat sakit keras, dhokter-dhokter tidak bisa menolong, mereka poetoes asah.

Waktoe itoe, seorang Tionghoa (seorang hoekoeman dengan siapa kita masih anak-anak soeka bersahabatan) tawarkan dirinja boeat menolong saja. Saja poenja orang toea menoeroet dan saja betoel-betoel djadi semboeh.

Apa jang usada dari orang-orang terpeladjar tidak mampoe, djoestroe obat-tachajoel jang menolongnja. Ia menolong saja dengan tjoema-tjoema, saja disoeroe minoem aboe dari hioswa jang dibakar sebagi sembah-bakti padha satoe Tepekong Tionghoa. Lantaran minoem obat itoe saja djadi anaknja Orang Soetji itoe, Santikkong Welahan.

Pada kira-kira satoe tahoen jang laloe saja mengoenjoengi Orang Soetji itoe. Ia ada hanja satoe Patoeng Emas jang ketjil dan siyang malam dilipoeti asep hio. Bilamana ada berdjangkit wabah penjakit heibat, patoeng ketjil ini digotong-gotong kesana-sini dengan pake oepatjara boeat oesir pengaroeh djahat dari iblis-iblis."

Buku[besut | besut sumber]

Wonten ngandap punika kapacak sawatawis irah-irahan buku ingkang wigatos prakawis utawi déning Kartini. Sasampunipun serat-serat Kartini dipunterbitaken déning Abendanon, kathah pertalan saha buku-buku komentar ingkang dipunserat prakawis Kartini.

Habis Gelap Terbitlah Terang[besut | besut sumber]

Taun 1922, déning Sekawan Sedhèrèk, Door Duisternis Tot Licht dipuncawisaken ing basa Malayu kanthi sesirah Habis Gelap Terbitlah Terang; Boeah Pikiran. Buku punika dipunterbitaken déning Balai Pustaka. Armijn Pane, salah satunggaling sastrawan pelopor Pujangga Baru, kacathet minangka salah satunggaling panerjemah serat-serat Kartini dhateng Habis Gelap Terbitlah Terang. Panjenenganipun ugi dipunsebat-sebat minangka Sekawan Sedhèrèk.

Samak buku Habis Gelap Terbitalah Terang anggitan Armijn Pane

Taun 1938, buku Habis Gelap Terbitlah Terang dipunterbitaken malih ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku pertalan saking Door Duisternis Tot Licht. Buku pertalan Armijn Pane punika dipuncithak kaping sewelas. Sasanèsipun punika, serat-serat Kartini ugi naté dipunterjemahaken dhateng basa Jawi lan basa Sundha. Armijn Pane nyawisaken serat-serat Kartini ing format ingkang bènten kaliyan buku-buku sadèrèngipun. Panjenenganipun milah kempalan serat-serat kasebat dados gangsal bab pembahasan. Pambagéan kasebat panjenenganipun lampahi kanggé nedahaken wontenipun tahapan utawi éwahing sikap lan pamikiran Kartini salaminipun korespondénsi. Ing buku versi énggal kasebat, Armijn Pane ugi nyiutaken cacahing serat Kartini. Namung wonten 87 serat Kartini ing "Habis Gelap Terbitlah Terang". Panyebab boten dipunamotipun sadaya serat ingkang wonten ing buku acuan Door Duisternis Tot Licht, inggih punika wontenipun kamèmperan ing sapérangan serat. Alesan sanès inggih punika kanggé njagi lampahing cariyos supados kados roman. Miturut Armijn Pane, serat-serat Kartini saged dipunwaos minangka satunggaling roman kagesangan pawéstri. Punika ugi ingkang dados salah satunggaling panjlasan alesan serat-serat kasebat dipun-wilah dados gangsal bab pambahasan.

Surat-surat Kartini, Renungan Tentang dan Untuk Bangsanya[besut | besut sumber]

Serat-serat Kartini ugi dipunterjemahaken déning Sulastin Sutrisno. Mula bukanipun Sulastin nerjemahaken Door Duisternis Tot Licht ing Universitas Leiden, Walanda, nalika piyambakipun nglajengaken studi ing babagan sastra taun 1972. Salah satunggaling dhosèn pambimbing ing Leiden nyuwun dhumateng Sulastin supados nerjemahaken buku kempalan serat Kartini wau. Pangangkahipun sang dhosèn inggih punika supados Sulastin saged nguwaosi basa Walandi kanthi cekap sampurna. Salajengipun, taun 1979, mios malih satunggaling buku kanthi isi pertalan Sulastin Sutrisno vérsi jangkep Door Duisternis Tot Licht.

Buku kempalan serat vérsi Sulastin Sutrisno mios kanthi sesirah Serat-serat Kartini, Renungan Perkawis lan Kanggé Bangsanipun (basa Indonésia: Surat-surat Kartini, Renungan Tentang dan Untuk Bangsanya). Miturut Sulastin, sesirah pertalan kedahipun miturut vèrsi basa Walandi, inggih punika: "Serat-serat Kartini, Renungan Perkawis, lan Kanggé Bangsa Jawi". Sulastin nganggep, sanadyan kaserat Jawi, nanging ingkang dipunkersakaken déning Kartini saleresipun inggih punika kamajengan sadaya bangsa Indonésia.

Buku pertalan Sulastin malah kepéngin nyawisaken kanthi jangkep serat-serat Kartini ingkang wonten ing Door Duisternis Tot Licht. Sasanèsipun dipunterbitaken ing Serat-serat Kartini, Renungan Perkawis lan Kanggé Bangsanipun, pertalan Sulastin Sutrisno ugi dipun-ginakaken wonten ing buku Kartini, Serat-serat dhumateng Ny RM Abendanon-Mandri lan Garwanipun.

Letters from Kartini, An Indonésian Feminist 1900-1904[besut | besut sumber]

Buku ingkang terbit ing taun 2008 nanging sayektinipun disertasi saking taun 1993, punika isinipun pertalan serat-serat Kartini inggih punika Letters from Kartini, An Indonésian Feminist 1900-1904. Penerjemahipun inggih punika Joost Coté. Piyambakipun boten namung nerjemahaken serat-serat ingkang wonten ing salebeting Door Duisternis Tot Licht versi Abendanon. Joost Coté ugi nerjemahaken sadaya serat asli Kartini dhumateng Ny Abendanon-Mandri, ingkang nembé kapanggih. Wonten buku pertalan Joost Coté, saged pinanggih serat-serat ingkang kagolong sensitif lan boten wonten ing salebetipun Door Duisternis Tot Licht versi Abendanon. Miturut Joost Coté, sadaya perjuangan lan panyandhetan dhumateng Kartini sampun wekdalipun dipun-bikak.

Buku Letters from Kartini, An Indonésian Feminist 1900-1904 ngamot 108 serat-serat Kartini dhumateng Ny Rosa Manuela Abendanon-Mandri lan garwanipun JH Abendanon. Kalebet ugi 46 serat ingkang dipun-damel déning Roekmini, Kardinah, Kartinah, lan Soematrie.

Panggil Aku Kartini Saja[besut | besut sumber]

Samak buku

Sanèsipun wujud kempalan serat, waosan ingkang langkung munjer dhumateng pamikiran Kartini ugi naté dipunterbitaken. Salah satunggilipun inggih punika Panggil Aku Kartini Saja karya Pramoedya Ananta Toer. Buku Panggil Aku Kartini Saja katingalipun wujud kasil ngempalaken data saking sawatawis sumber déning Pramoedya.

Buku anggitan Pramoedya punika ningali Kartini saking "cara ningali saking kiwa" (basa Indonésia: sudut pandang ilèn kiri). Buku punika dipun-bikak mawi pamedharan prakawis Perang Dipanagara utawi Perang Jawi saha dipun-tindhesipun tiyang Jawi mawi Cultuurstelsel utawi sistém "tanempeksa" ingkang kawonten déning sistém kolonialisme saha imperialisme ingkang nyekupung para kaum "kapitalis". Dados Kartini ing buku punika uga dados simbul "perjuangan kelas sosial".

Kartini Surat-surat kepada Ny RM Abendanon-Mandri dan suaminya[besut | besut sumber]

Pungkasan taun 1987, Sulastin Sutrisno maringi gambaran énggal bab Kartini langkung bukunipun Kartini Surat-surat kepada Ny RM Abendanon-Mandri dan suaminya. Gambaran sadèrèngipun langkung kathah kawangun saking kempalan serat ingkang dipunserat dhumateng Abendanon, lan dipunterbitaken minangka Door Duisternis Tot Licht. Wonten ing buku énggal punika, Kartini dipunwujudaken minangka pejuang émansipasi. Ing salebeting kempalan punika, serat-serat Kartini tansah dipun-punggel pérangan wiwitan lan pungkasan. Kamangka, pérangan punika nedahaken kamesraan Kartini dhumateng Abendanon. Kathah bab sanès ingkang dipunmunculaken malih déning Sulastin Sutrisno.

Aku Mau...[besut | besut sumber]

Satunggiling buku kempalan serat dhumateng Stella Zeehandelaar kalamangsa 1899-1903 dipunterbitaken kanggé mèngeti 100 taun wafatipun Kartini. Isinipun nedahaken wajah sanès saking Kartini. Koleksi serat Kartini punika dipunkempalaken déning Dr Joost Coté, lajeng dipunterjemahaken kanthi irah-irahan Aku Mau... Feminisme dan Nasionalisme. Surat-surat Kartini kepada Stella Zeehandelaar 1899-1903.

"Aku Mau..." punika motonipun Kartini. Ungkapan ingkang namung sapenggal punika saged makili sosok ingkang boten naté katingal nanging tansah dados bahan wicanten. Kartini gadhah pamikiran ingkang wiyar, ing antawisipun bab sosial, budaya, agama, ugi bab korupsi.

Kontroversi[besut | besut sumber]

Wonten sawatawis priyantun ingkang mangu-mangu bab leres utawi botenipun serat-serat Kartini. Wonten ingkang nganggep yèn J.H. Abendanon, Mantri Kebudayaan, Agama, lan Kerajinan wekdal punika, ngrékayasa serat-serat Kartini. Kasujanan punika muncul awit buku Kartini terbit wekdal papréntahan kolonial Walandi nembé ngayahi pulitik etis ing Hindia Walandi, lan Abendanon kalebet ingkang gadhah kepentingan lan njurung pulitik etis. Ngantos sapriki sabagéan ageng naskah asli serat inggih dèrèng dipunsumurupi kawontenanipun. Miturut swargi Sulastin Sutrisno, tapak katurunan J.H. Abendanon inggih sesah dipun-lacak déning Pamaréntah Walandi.

Panetepan tanggal klairan Kartini minangka dinten ageng (riyadi) ugi dados dhiskusi. Péhak ingkang kirang sarujuk, ngusulaken supados boten namung mahargya Dinten Kartini kémawon, nanging ugi mahargya sakantenan kaliyan Dinten Ibu wonten ing tanggal 22 Dhésèmber. Alesanipun inggih punika supados boten pilih kasih kaliyan pahlawan-pahlawan wanita Indonésia sanèsipun, amargi taksih wonten pahlawan wanita sanès ingkang boten kawon kaliyan Kartini kados ta Dewi Sartika lan sanèsipun.[6] Miturut pamanggih punika, tlatah perjuangan Kartini namung wonten ing Jepara lan Rembang kémawon, Kartini ugi boten naté manggul sanjata nglawan panjajah. Ugi taksih wonten sawatawis alesan sanèsipun.

Éwodéné ingkang sarujuk malah mratélakaken yèn Kartini boten namung minangka tokoh émansipasi wanita ingkang ngangkat drajat kaum wanita Indonésia kémawon, nanging minangka tokoh nasional ingkang tegesipun, kanthi ide lan gagasan pembaruanipun kasebat panjenenganipun sampun berjuang kanggé kepentingan bangsanipun. Cara pikiripun ugi sampun nglingkup perjuangan nasional.

Kartini ing budaya (inter)nasional lan populèr[besut | besut sumber]

Pamulyan marang Kartini[besut | besut sumber]

Kartini ing arta Rp. 10.000 wedalan taun 1985

Sasanèsipun dados Pahlawan Nasional R.I., Kartini dipunpèngeti warni-warni caranipun. Piyambakipun naté diagem ing arta Rupiah Indonésia kaping kalih. Ingkang sepindhah wonten ing taun 1952 lan ingkang kaping kalih wonten ing taun 1985.

Lajeng ing mèh sadaya kitha ing Tanah Jawa lan Indonésia kanthi umum mesthi wonten margi ingkang kawastanan "Jalan Kartini".

Malahan ing nagari Walandi wonten bebungah pamaréntah Walandi anami Kartini prijs. Kartini wonten ing Walandi tansah dipun-ugemi minangka satunggiling pejuang émansipasi ing Hindia-Walandi wiwit jaman rumiyin ngantos sapriki. Pamaréntah laladan gemeente Den Haag ing taun 2007 malah nyawisaken Kartini prijs tumrap sawenèh tiyang utawi organisasi ing Den Haag, ingkang berjuang ing babagan émansipasi ala Kartini rumiyin. Sayektinipun Kartini prijs utawi "Bebungah Kartini" punika sampun ditetepaken déning satunggiling komisi. Kartini prijs punika kajengipun kanggé para tokoh wanita manca ingkang saged émansipasi.[7] Kartini prijs taun 2007 punika dipunanugrahaken dhumateng satunggiling wanita Maroko ingkang anami Rahma El Hamdaoui, ingkang berjuang mbéla émansipasi ing Schilderswijk, Den Haag.[8]

Film Kartini[besut | besut sumber]

Ing taun 1984 dipundamel filem asirah R.A. Kartini ingkang dipunsutradarani Sjumandjaja. Para paraga ing filem punika antawisipun Jenny Rachman (Kartini), Nani Widjaya, Bambang Hermanto, lan Adi Kurdi. Film ingkang dipunsutradarani tokoh wedalan Moskwa punika astamiwa amergi migunakaken tigang basa: basa Jawi, basa Walandi, saha basa Malayu/Indonésia.

Prangko Kartini[besut | besut sumber]

Minangka salah satunggilipun pamulyan dhumateng R.A. Kartini saking pamaréntah nagari Indonésia ugi naté dipunwujudaken wujud gambar prangko. Prangko ingkang gadhah nominal aregi satunggal atus rupiah punika dipunwedalaken taun 1979, kanggé mèngeti tanggap warsa kaping satunggal atus dinten kalairan R.A. Kartini ing taun 1879. Wonten ing latar wingking prangko punika kagambaraken rupi-rupi kagiyatan wanita Indonésia, ing antawisipun wonten ing babagan kasenian (angklung) sarta panampilan ngagem busana nasional lan busana modhèren, kanggé nggambaraken kamajengan ingkang dados panggayuhipun R.A. Kartini lan para wanita sanèsipun.

Ugi mangga kapurih dipunpriksani[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Pramoedya (2003:44, 47)
  2. Hudiono, Esthi Susanti; Bodjawati, Seruni (2019). Perempuan-Perempuan Menggugat (Literasi Rupa Sejarah Perempuan Indonésia). Yogyakarta: Media Pressindo bekerjasama dengan Komunitas Inklusi Sosial dan Perdamaian Indonésia. kc. 49–53. ISBN 978-623-7254-10-2.
  3. Miturut Pramoedya punika boten leres, sayektinipun wonten sekolah sanès malih, sekolah Malayu ingkang dipun-bikak ing taun 1849, lajeng sekolah punika dipun-tutup ing taun 1899.
  4. Answer.com: Biography: Raden Ajeng Kartini
  5. "TokohIndonésia.com: Raden Ajeng Kartini (1879-1904) Pejuang Kemajuan Wanita". Diarsip saka sing asli ing 2010-06-09. Dibukak ing 2008-03-02.
  6. J. Taylor, Kartini in her historical context (BKI 1989)
  7. http://zbs.denhaag.nl/internet?oid=81791[pranala mati permanèn] Ing basa Walanda
  8. http://www.denhaag.nl/smartsite.html?id=55075 Situs wèb resmi gemeente Den Haag.

Sumber[besut | besut sumber]

  • Jean Gelman Taylor, 1989, 'Kartini in her historical context', ing Bijdragen tot de taal-, land-en volkenkunde, ISSN 0006-2294, 145:295-307
  • Pramoedya Ananta Toer, 2003, Panggil Aku Kartini Saja. Jakarta:Lentera Dipantara ISBN 979-97312-11-6

Pranala njawi[besut | besut sumber]