Adenan Kapau Gani

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Adnan Kapau Gani (asma jangkep Dr. Adnan Kapau Gani) (lair ing Palembayan, Agam, Sumatra Kulon, 16 September 1905 – tilar donya ing Palembang, Sumatra Kidul, 23 Desember 1968 kanthi yuswa 63 taun) iku sawijining dokter, pemeran Indonésia lan Wakil Perdhana Mentri ing mangsa Pamaréntahan Amir Sjarifuddin.

[sunting] Perdamelan

Sawisé lulus saka STOVIA panjenengané uga njabat ing anggota Konstituante Indonésia nalik lembaga iki pisanan madeg. Bajur uga dadi Gubernur Militèr Sumatra Kidul ing periode mangsa revolusi paprangan Agresi Militèr Walanda uga dadi salah sijiné anggota delegasi Perundingan Linggarjati ing taun 1946[1].

Ing Pamarèntahan Indonésia, uga asring njabat kursi mentri . Gani Misuwur ing mangsa Kabinèt Sjahrir III yaiku dadi Mentri Ekonomi. Ing Mangsa pamaréntahan Amir Sjarifuddin (3 Juli 1947 - 29 Januari 1948), panjenengané njabat dadi wakil perdhana mentri ngrangkep uga dadi Mentri Kemakmuran.

Ing tanggal 9 November 2007, almarhum Mayjen TNI Gani dianugerahi gelar pahlawan nasional déning Presiden Susilo Bambang Yudhoyono[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. "Biodata AK Gani", Kepustakaan Presiden RI, diakses 31 Januari 2009
  2. "Masyarakat Sumsel Bangga A.K. Gani Sebagai Pahlawan", DetikCom, 9 November 2007



Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Adenan_Kapau_Gani&oldid=527424"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès