Abdul Harris Nasution
|
Abdul Harris Nasution
|
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 1966 – 1967 |
|
| Pejabat sadurungé | Chaerul Saleh |
| Mangsa jabatan 1967 – 1972 |
|
| Pengganti | Idham Chalid |
|
|
|
| Mangsa jabatan 10 Juli 1959 – 22 Februari 1966 |
|
| Pejabat sadurungé | Djoeanda Kartawidjaja |
| Pengganti | Sarbini |
|
|
|
| Lair | 3 Desember 1918 |
| Tilar donya | 5 September 2000 (umur 81) |
| Kabangsan | Indonesia |
| Partai pulitik | Non partai |
| Pasangan | Johanna Sunarti[1] |
| Anak | Hendrianti Saharah, Ade Irma Suryani[1] |
| Profèsi | Tentara |
| Agama | Islam |
Abdul Harris Nasution (Kotanopan, Sumatra Lor, 3 Desember 1918 – Jakarta, 6 September 2000) kuwi sawijining pahlawan nasional Indonesia minangka salah siji tokoh sing dadi sasaran jroning prastawa Gerakan 30 September, nanging sing dadi korban yakuwi putriné Ade Irma Suryani Nasution.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karir Militer
Nasution dikenal minangka ahli perang gerilya. Pak Nas mangkono sebutané dikenal uga minangka penggagas dwifungsi ABRI. Orde Baru wis nafsiraké konsèp dwifungsi kuwi minangka peran ganda militèr sing represif lan eksesif. Saliyané konsèp dwifungsi ABRI, Pak Nas uga dikenal minangka panata dhasar perang gerilya. Gagasan perang gerilya dijlèntrèhaké jroning bukuné sing fenomenal, Strategy of Guerrilla Warfare. Saliyané diterjemahaké menyang sawetara basa manca, karya kuwi dadi buku wajib ing akademi militer sawetara negara, klebu sekolah elite militer dunia, West Point, Amérika Sarékat.
Taun 1940, nalika Walanda mbukak sekolah perwira cadangan kanggo para pemuda Indonesia, Pak Nas mèlu ndaftar, sabanjuré dadi pembantu lètnan ing kutha Surabaya. Taun 1942, Pak Nas ngalami pertempuran pisanan wektu nglawan Jepang ing Surabaya. Sawisé kakalahan Jepang ing Perang Donya II, Nasution bebarengan karo para pemuda eks-PETA ngadegaké Badan Keamanan Rakyat. Sasi Maret 1946, pak Nas diangkat dadi Panglima Divisi III/Priangan. Mei 1946, panjenengané dilantik déning Presidhèn Soekarno minangka Panglima Divisi Siliwangi. Sasi Februari 1948, pak Nas dadi Wakil Panglima Besar TNI (wong nomer loro sawisé Jendral Soedirman). Sawisé kuwi jabatan "Wapangsar" dibusak lan pak Nas banjur dadi Kepala Staf Operasi Markas Besar Angkatan Perang RI. Ing pungkasan taun 1949, pak Nas diangkat dadi Kepala Staf TNI Angkatan Dharat.
[sunting] Gelar
Tanggal 5 Oktober 1997, pas pèngetan Dina ABRI, Nasution dianugerahi pangkat Jendral Besar bintang lima. Nasution séda ing RS Gatot Soebroto tanggal 6 September 2000 lan disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.
[sunting] Pranala jaba
- (id) Wawancara Jenderal (Purn) AH Nasution: "Kalau Tak Ada Keadilan Sosial, Siapa Pun Bisa Membuat Aksi"
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b Biography of Johanna Nasution, 1981 Ramon Magsaysay Award for Public Service, Magsaysay Awardees Digital Collection.
| Didhisiki déning: G.P.H. Djatikoesoemo |
Kepala Staf TNI Angkatan Darat 1949-1952 |
Diganti déning: Bambang Soegeng |
| Didhisiki déning: Bambang Oetoyo |
Kepala Staf TNI Angkatan Darat 1955-1962 |
Diganti déning: Ahmad Yani |