Albertus Soegijapranata
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 63 dinten 162 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Mgr. Albertus Soegijapranata, SJ (Ejaan kang disempurnakaké: Albertus Sugiyapranata; lair 25 November 1896 - seda 22 Juli 1963 ing yuswa 66 tahun), luwih misuwur mawi jeneng lair Soegiya, yaiku Vikaris Apostolik Semarang, banjur dadi uskup agung.[1] Dheweke kuwi uskup asli saka Indonesia kang nomer siji lan misuwur amerga prinsipe kang pro-nasionalis, kang asring diwastani "100% Katolik, 100% Indonesia".[1][2]
Soegija lair ing Surakarta, Hindia-Belanda, saka kaluwarga abdi dalem lan garwane.[1] Kaluwarga muslim kuwi banjur pindah menyang kutha Yogyakarta rikala Soegija isih alit lan amerga diakoni anak kang pinter, tahun 1909 Soegija dijaluk dening Pr. Frans can Lith nggabung karo Kolese Xaverius, yaiku sekolah Yesuit ing Muntilan.[1] Ana ing kana Soegija dadi seneng marang agama Katolik lan dibaptis ing tanggal 24 Desember 1910.[1] Sawise lulus saka Xaverius ing tahun 1915 lan dadi guru ing kana setahun, Soegija sekolah meneh rong tahun ing Seminari ing Muntilan sadurunge mangkat menyang Belanda tahun 1919.[1] Dheweke nglakoni pendidikan calon biarawan ing Sarekat Yesus suwene rong tahun ing Grave.[1] Dheweke uga ngrampungake juniorate ing kana tahun 1923.[1] Sawise telung tahun sinau filsafat ing Kolese Berchamnn ing Oudenbosch, dheweke dikirim meneh ing Belanda supaya sekolah teologi ing Maastricht, lan ditahbihke ing tanggal 15 Agustus 1931.[1] Sawise iku Soegiya nambahake tembung "Pranata" ing jenenge.[1] Tahun 1993 Soegjapranata dikirim meneh menyang Hindia-Belanda supaya dadi pastor.[1]
Soegijapranata miwiti imane mawi vikaris paroki kanggo Pr. van Driessche ing Proki Kidul Loji, Yogyakarta, nanging disukani paroki dhewe sawise Gereja St. Yoseph ing bintaran kang dibukak ing tahun 1934.[2] Ana ing mangsa iki dheweke ngusahakake supaya bisa munggahake rasa kekatolikane masarakat katolik lan negesake prelune hubungan kang kuat antawise keluarga Katolik.[2] Tahun 1940 Soegijapranata dikonsekrasikan mawi vikaris apostolik lan Vikariat Apostolik Semarang, sing nembe diadhegake.[2] Senajan cacahe wong katolik saya akeh sawise dheweke dikonsekrasikake, Soegijapranata kudu ngadepi alangan.[2] Awal tahun 1942 Kekaisaran Jepang lungguhi Hindia-Belanda lan sasuwene kuwi gereja dikuwasani banjur pastor-pastor akeh sing dicekel utawa dipateni.[2] Soegijapranata bisa ucul saka kedadeyan iki lan ngentekake mangsa jajahan Jepang.[2]
Bab lan Paragraf |
Lakune Urip [sunting]
Soegija lahir tanggal 25 November 1896 ing Surakarta.[3] [1][2]Dheweke anak kalima, cacahe sedulure ana sanga, asma ramane Karijosoedarmo, yaiku abdi dalem ing Susuhunan Surakarta, lan ibune Soepiah.[3] Kulawarga kasebut kalebu kaluwarga muslim abangan, lan simbahe Soegija, Soepa yaiku kyai.[3] Jeneng Soegija dijupuk saka tembung sugih.[3] Kaluwarga kuwi banjur pindah menyang Ngaben, Yogyakarta.[3] Ana ing kana, Karijosoedarmo nduweni tugas mawa abdi dalem ing Ngayogyakarta Hadiningrat kangge Sultan Hamengkubuwana VII, lajeng garwane dados bakul ulam.[3] Kaluwarga Soegija kelebu kaluwarga kang ora nduwe lan kereb kurang mangan.[3] Soegija anak kang kendhel, seneng tukaran, pinter bal-balan lan uga wisuwur amerga pinter wiwit cilik. rikala dheweke isih cilik, Soegija pasa bareng karo ramane, miturut ajaran Islam.[3][2]
Soegija miwiti sekolah ing Sekolah Angka Loro ing sekitar Kraton. Ana ing kana, dheweke sinau maca lan nulis.[3] Dheweke banjur dipindahake menyang sekolah ing Wirogunan, Yogyakarta, cedhak karo Pakualam.[3] rikala tahun katelu dheweke miwiti sekolah ing Hollands Inlands School ing Lempuyangan. Ing njaba sekolahan dheweke sinau gamelan lan nembang bareng wong tuwane.[3] Sekitar 1909 Soegija dijaluk dening Pater Frans van Lith supaya gabung karo sekolah Yesuit ing Muntilan, 30 Kilometer saka Yogyakarta.[3]
Kolese Xaverius [sunting]
Tahun 1909 Soegija miwiti sinau ing Kolese Xaverius ing Muntilan, yaiku sekolah asrama kanggo calon guru.[1][3] Sakangkatane dheweke ana 54 murid.[3] Bocah-bosah kuwi nglakoni jadwal sing padhet.[3] Esuk-esuk dheweke kabeh kudu melu pelajaran, awane kanggo kagiyatan liya kaya nggarap kebon, lan dolanan sekak.[3] Bocah-bocah katolik uga diwajibake supaya sregep ndonga.[3] Senajan kolese kuwi ora ngewajibake muride dadi katolik, Soegija ngrasa diincim dening kanca-kancane.[3] Amerga kuwi, kerep ana tukaran.[3] Rikala Soegija sambat marang gurune, Pater L. Van Rijckevorsel yen pastor Belanda padha karo bakul Belanda ing kutha, yaiku mung mikirake dhuwit, romo kuwi ngwangsuli yen dheweke kabeh diupah lan mung ngarepake kang paling apik kanggo murid-muride.[3] Iki nggawe Soegija dadi luwih ngajeni para guru, lan rikala van Rijckevorsel ngandani murid liya yen Soegija ora kepengen dadi Katolik, bocah-bocah kuwi ora ngincim Soegija meneh.[3]
Tahun sabanjure Soegija njaluk supaya bisa melu pelajaran agama Katolik.[4] Miturut dheweke, iki supaya bisa nggunakake kabeh fasilitas sekolah.[4] Gurune, Pater Mertens, ngendika yen Soegija butuh izin saka wong tuwane sadurunge bisa nggabung.[4] Senajan wong tuwane ora ngrestoni, Soegija tetep diizinake melu pelajaran.[4] Soegija dadi seneng babagan Tritunggal, lan njaluk diterangake dening guru-guru kang ana ing kono.[4] Van Lith njupuk saka tulisane Thomas Aquinas, ewodene Mertens ngrembag Tritunggal adedhasar tulisane Agustinus saka Hippo.[4] Mertens duwe pamanggih yen manungsa ora dimaksud tenanan dadi Gusti, amerga kawruhe manungsa ana watesane.[4] Soegija kang saya suwe saya seneng njaluk supaya dibaptis, dheweke njupuk saka cerita Kristus lan para Dokter kanggo nuduhi kena apa dheweke ora merlokake restu saka wong tuwa.[4] Para romo nyarujuki lan Soegija dibaptis tanggal 24 Desember 1910, dheweke njupuk jeneng baptis Albertus, adedasar jeneng Albertus Magnus.[4] Rikala preinan Natal, Soegija nyeritakake iki marang kaluwargane.[4] Senajan bapak lan ibune bisa nampa lan menawa ngrestoni, nanging kaluwarga sing liyane ora gelem duwe urusan karo dheweke meneh.[4]
Soegija banjur nerusake anggone sinau ing Xaverius.[4] Miturut Pater G. Budi Subanar, dosen ilmu teologi ing Universitas Sanata Dharma, ana ing mangsa iki salah siji guru ngajarake Perintah kaping papat saka Sepulu Perintah Allah yaiku kudu ngurmati bapak lan ibu kandung lan kabeh mbah-mbahane, iki ngewenehi teges nasionalis marang siswa.[4] Ana ing kalodangan iki, Xaverius ditekani dening misionaris Kapusin kang nggawe Soegija mikir-mikir kanggo dadi pastor, kang banjur bisa ditampa dening wong tuwane.[4] Tahun 1915 Soegija lulus saka Xaverius, banjur dadi guru ing kana setahun.[4] Tahun 1916 deweke ing seminari Xaverius; ana rong bocah asli Jawa kang mlebu seminari tahun kuwi.[4] Soegia lulus tahun 1919, sawise sinau basa Perancis, Latin, Yunani lan sastra.[4]
Dhalan Pinuju Imamat [sunting]
Tahun 1919 Soegija lan murid liyane lunga marang Uden, Belanda kanggo neruske sinanune, dheweke kabeh mangkat saka Tanjung Priok ing Batavia.[5] Ing Uden soegija pelu setahun kanggo sinau basa Latin lan Yunani.[5] Dheweke lan kanca sekale kudu manut karo adate Belanda.[5] Ana ing tanggal 27 September 1920 Soegija miwiti mangsa novisiat supayane bisa nggabung marang Sarekat Yesus; kanca-kancane nembe miwiti tahun sabanjure.[5] Rikala nglakoni mansa novisiate ing Mariëndaal ing Grave, Soegija dipisah saka kapentingan donya lan kabeh wektune dianggo meditasi.[5] Dheweke ngrampungake novisiat ing tanggal 22 September 1922 lan didadekake anggota Yesuit; Soegija njupuk sumpah supaya ajeg ora dhuwe, murni lan taat.[5]
Sawise nggabung ing Sarekat Yesus Soegija prelu wektu setahun ing Mariëndaal mawa yuniorat. Wiwit tahun 1923 dheweke sinau filsafat ing Kolese Berchmann ing Oudenbosch. Ana ing mangsa iki dheweke nulis babagan agama Katolik.[5] Ana ing surat kang tanggale 11 Agustus 1923 dheweke nulis yen wong Jawa durung bisa mbedakake antarane wong Katolik lan Protestan, lan yen cara kang paling apik kanggo nambah cacahe wong Katolik yaiku karo kerja lan bukti kang nyata, dudu mung nyemayani.[5] Dheweke uga nerjemahake asile Kongres Ekaristi kaping 27, kang dianakake ing Amsterdam tahun 1924, kanggo majalah basa Jawa Swaratana; ana uga tulisane kang diamot ing St. Claverbond, Berichten uit Java.[5] Soegija lulus saka Berchmann tahun 1926, banjur siap-siap balik menyang Hindia-Belanda.[5]
Soegija tekan ing Muntilan September 1926 lan dadi guru agama, basa Jawa lan aljabar ing Kolese Xaverius.[5] Ora akeh kang dingerteni babagan Soegija dadi guru ing Muntilan.[5] Miturut sathetan saka sekolah, cara ngajar Soegija arep padha karo karo cara ngajar van Lith, yaiku njelasake konsep agama miturut istilah kang ana ing tradisi Jawa.[5] Soegija uga ngawasi kagiyatan gamelan.[5] Rikala ana ing Xaverius Soegija dadi redaktur Swaratama, kang akeh diwaca alumni Xaverius.[5] Mawa Redaktur dheweke nulis resensi babagan pirang-pirang topik, kelebu serangan marang paham komunisme lan mbahas kemiskinan.[5] Sawise rong tahun ing Xaverius, ing Agustus 1928 Soegija mbalik menyang Belanda lan sinau teologi ing Maastricht.[5] Dheweke uga lelungan rikala sinau.[5] Tanggal 3 September 1929 dheweke lan patang Yesuit keturunan Asia liya melu Pater Jenderal Wlodzimierz Ledóchowski ing pertemuan karo Paus Pius XI ing Vatikan, paus iku ngendika yen para Yesuit Asia kuwi bakal dadi tulang punggung kanggo agama Katolik ing negerine dhewe-dhewe.[5] Soegija didadekake diaken sasi Mei 1931 banjur ditasbihke dening Uskup Roermond Laurentius Schrijnen rikala 15 Agustus 1931, rikala isih dadi murid teologi.[5] Sawise ditasbihake, Soegija nambahake tembung pranata kang tegese donga utawa pangarep-arep ing mburi jenenge.[5] Dheweke ngrampunake pelajaran teologi tahun 1932 lan tahun 1933 nglakoni mangsa tersiat ing Drogen, Belgia.[5] Tahun iku dheweke nulis autobiografi, kang irah-irahane La Conversione di un Giavanese (Pertobatan Seorang Jawa); buku kasebut diterbitake ing basa Italia, Belanda lan Spanyol.[5]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m (id)Biografi Soegijapranata (dipunundhuh tanggal 19 Desember 2012)
- ^ a b c d e f g h i (id)Kanisius Media (dipunundhuh tanggal 19 Desember 2012)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (id)Sejarah Kompasiana (dipunundhuh tanggal 19 Desember 2012)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q (id)Romo Kanjeng MGR Soegijapranata (dipunundhuh tanggal 19 Desember 2012)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w (id)Kanjeng Romo dari Solo (dipunundhuh tanggal 19 Desember 2012)