Cik Di Tiro

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Teungku Chik di Tiro)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Teungku Chik di Tiro

Teungku Chik Di Tiro Muhammad Saman
Lair 1836
Flag of the Aceh Sultanate.svg Tiro, Pidie, Kesultanan Aceh
Tilar donya Januari 1891
Flag of the Aceh Sultanate.svg Aneuk Galong, Kesultanan Aceh
Dikawruhi amarga Pahlawan Nasional Indonesia
Agama Islam

Teungku Chik di Tiro (Basa Acèh, tegese Imam ulama ing daerah Tiro) utawa kang nduweni asma jangkep Muhammad Saman (Tiro, Pidie, 1836Aneuk Galong, Januari 1891), iku salah siji pahlawan nasional saka Acèh.[1] Teungku Muhammad Saman iku putra saka Teungku Syekh Ubaidillah.[1] Biyunge yaiku Siti Aisyah, putri Teungku Syekh Abdussalam Muda Tiro.[1] Dheweke lair taun 1836, ngepasi karo taun 1251 Hijriah ana ing Dayah Jrueng kenegerian Cumbok Lam Lo, Tiro, daerah saka Pidie, Aceh.[1] Cik di Tiro gedhe ana ing kaluwarga kang agamane kuat.[1] Nalika Cik Di Tiro munggah kaji ana ing Mekkah, Dheweke terus nyinauni babagan ngelmu agamane.[1] Sakliyane kuwi Cik Di Tiro uga nemoni pimpinan-pimpinan Islam kang ana ing Mekkah.[2] Merga kuwi Cik Di Tiro bisa ngerti piye para pejuang islam kang ana ing mekkah anggone meragi imperialisme lan kolonialisme.[2] Nganggo ajaran kang diyakini, Muhammad Saman bisa ngorbanaké apa waé kang diduwèni yaiku harta bandha, kalungguhan, apadéné nyawa kanggo ngadegake agama lan bangsa.[2] Keyakinan iki dibuktèkaké karo apa kang ana ing kasunyatan, kang sakwisé kuwi dikenal kanthi jeneng Perang Sabil.[2] Sakwisé nglakokaké Perang Sabil, siji mbaka siji bèntèng Belanda bisa direbut.[2] Sakliyane benteng-benteng uga wilayah kang saksuwene iki dikuasai dening Belanda bisa direbut.[2] Ana ing sasi Mei taun 1881, pasukan Muhammad Saman bisa ngrebut benteng Belanda Lam Baro, Aneuk Galong lan liya-liyane.[2] Belanda ngrasa kewalahan lan pungkasane banjur nganggo cara kang ora bener yaiku ngirim panganan kang sakdurunge wis diwenehi racun.[2] Tanpa Rasa culika Cik Di Tiro banjur mangan panganan kang ana mau.[2] Sakwise mangan panganan mau banjur Muhammad Saman mati ana ing sasi Januari 1891 ing benteng Aneuk Galong.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f (id)www.indonesiaindonesia.com (Dipuntingali tanggal 1 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j (id)plik-u.com (Dipuntingali tanggal 1 Juni 2011)


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Cik_Di_Tiro&oldid=648120"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès