Tjilik Riwut
|
Tjilik Riwut
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 30 Juni 1958 – Februari 1967 |
|
| Pejabat sadurungé | R.T.A. Milono |
| Pengganti | Reinout Sylvanus |
|
|
|
| Agama | Katolik[1] |
Tjilik Riwut (lair ing Kasongan, Katingan, Kalimantan Tengah, 2 Februari 1918 – kapundhut ing Banjarmasin, Kalimantan Kidul, 17 Agustus 1987 nalika yuswa 69 taun) iku salah siji Pahlawan Nasional Indoésia lan uga Gubernur Kalimantan Tengah.[2] Dheweke kapundhut amarga penyakit hepatitis utawa liver nalika umur 69 taun, disarekake ing makam Pahlawan Sanaman Lampang, Palangka Raya Kalimantan Tengah.[2]
Tjilik Riwut asring nyebut awake kaya dene "orang hutan" amarga lair lan gedhe ing Kalimantan, kang nalika semono alase isih kebak.[3] Dheweke uga dai pecinta alam, iku katon nalika dheweke nalika isih cilik tau mubeng pulo Kalimantan kanthi cara mlaku, numpak rakit, lan prau.[3]
Tjilik Riwut iku salah sisji anak Dhayak kang dadi KNIP. Anggone dheweke berjuang ora mung bates merjuangake sukune, nanging merjuangake bangsa Indonésia.[3] Dheweke kanugrahan gelar Pahlawan Nasional Indonésia nalika taun 1998.[3]
Bubar sekolah ing Jawa, Tjilik Riwut banjur diterjunake menyang Kalimantan minangka pelaksana misi Pamrentahan Republik Indonésia.[2] Anggone nglakoni misi iku dheweke diterjunake bareng karo Harry Aryadi Sumantri, Iskandar, Sersan Mayor Kosasih, F. M. Suyoto, Bahrie, J. Bitak, C. Williem, Imanuel, Mika Amirudin, Ali Akbar, M. Dahlan, J. H. Darius, dan Marawi.[2]
Rombongan iki nduweni tugas ndadekake siji ssuwara warga dhayak kanggo melu berjuang ing kamardhikan.[2] Rombongan iku mlebu-mlebu ing pedhalaman kanggo nglakoni tugas saka pamrentahan ing wektu iku.[2]
