Wahid Hasyim

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wahid Hasyim
Wahid Hasyim

Mangsa jabatan
2 September 1945 – 14 November 1945
Pejabat sadurungé Tidak ada, jabatan baru
Pengganti Rasjidi
Mangsa jabatan
6 September 1950 – 3 April 1952
Pejabat sadurungé Masjkur
Pengganti Fakih Usman

Lair 1 Juni 1914
Flag of Belanda Jombang, Jawa Timur, Hindia Belanda
Tilar donya 19 April 1953 (umur 38)
Flag of Indonésia Cimahi, Jawa Barat, Indonesia
Kabangsan Indonesia
Pasangan Solehah binti KH Bisri Syansuri
Anak KH. Abdurrahman Wahid
Aisyah Hamid Baidlowi
KH Solahuddin Wahid
dr. Umar Wahid, Sp.P
Lily Chodijah Wahid
Hasyim Wahid
Agama Islam

Wahid Hasyim utawa kang asring disebut Kiai Haji Abdul Wahid Hasyim (lair ing Jombang, Jawa Wetan, 1 Juni 1914 – seda ing Cimahi, Jawa Kulon, 19 April 1953 nalika yuswa 38 taun) iku salah siji pahlawan nasional Indonésia. Wahid Hasyim iku wong tuwane presidhèn nomer papat Indonésia, Abdurrahman Wahid. Dheweke iku putra pahlawan Hasyim Asy'arie. Wahid Hasyim disareke ing Tebuireng, Jombang.[1] Dheweke uga dadi salah sijine perumus Pancasila lan Menteri Agama ing telu kabinet (Kabinet Hatta, Kabinet Natsir, lan Kabinet Sukiman).

Mantan Ketuwa Tanfidiyyah PBNU (1948) lan Pimpinan nomer loro Pesantren Tebuireng (1947 – 1950) iku reformis ing babagan pendhidhikan ing pesantren lan pendhihikan Islam Indonésia. Dheweke misuwur minangka sing ngedekake IAIN (saiki dadi UIN).[2]

[sunting] Lakune

Ing taun 1939, Nahdatul Ulama (NU) malih dadi MIAI (Majelis Islam A'la Indonésia), salah siji partai lan organisasi Islam ing jaman penjajahan Belanda. Nalika Jepang nguasai Indonésia ing tanggal 24 Oktober 1943, dheweke ditunjuk dadi Ketua Majelis Syuro Muslimin Indonésia (Masyumi), gantine MIAI. Dheweke uga melu ngadekake barisan Hizbullah, kang bantu perjuangan wong Islam ndadekake merdeka. Saliyane ing politik, taun 1944 dheweke ngedekake Sekolah Tinggi Islam ing Jakarta. Nyedhaki dina kamardhekan taun 1945 dheweke dadi BPUPKI lan PPKI.

[sunting] Cathetan Suku

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wahid_Hasyim&oldid=677133"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès