Mohammad Husni Thamrin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Mohammad Husni Thamrin (lair ing Sawah Besar, Jakarta, 16 Februari 1894 – kapundhut ing Jakarta, 11 Januari 1941 nalika yuswa 46 taun) iku salah siji Pahlawan Nasional Indonésia. Bapake M.H. Thamrin iku wong Belandha kaliyan ibu saking Betawi. Wiwit alit dheweke dimong dening paklik saka ibune, dadi jenenge ora ana basa Belandane.

Dheweke dikenal minangka tokoh Betawi kang dadi anggota Dewan Rakyat ing Hindia Belanda (Volksraad), minangka wakil saking Inlanders. Wiwit 1935 dheweke dadi anggota Volksraad saka Parindra. Dheweke uga dadi salah siji tokoh ing babagan bal-balan ing Indonesia. Dheweke tau nyumbang 2000 Gulden ing taun 1932 kanggo ngedekeake lapangan bal-balan kanggo warga Hindia Belanda (Indonésia) kang pisannan ing Petojo, Jakarta (Batavia).



Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès