Mohammad Hatta
|
Mohammad Hatta
|
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 18 Agustus 1945 – 1 Desember 1956 |
|
| Pejabat sadurungé | mboten wonten, jabatan enggal |
| Pengganti | Hamengkubuwana IX (jabatan lowong antawis 1956-1973) |
|
|
|
| Mangsa jabatan 29 Januari 1948 – 16 Januari 1950 |
|
| Pejabat sadurungé | Amir Sjarifoeddin |
| Pengganti | Abdul Halim |
|
Mentri Jaban Rangkah Indonesia ka-10
|
|
| Mangsa jabatan 20 Desember 1949 – 6 September 1950 |
|
| Pejabat sadurungé | Agus Salim |
| Pengganti | Mohammad Roem |
|
|
|
| Lair | 12 Agustus 1902 |
| Tilar donya | 14 Maret 1980 (umur 77)[1] Jakarta, Indonesia |
| Partai pulitik | Partai Nasional Indonésia |
| Pasangan | Rahmi Rachim |
| Agama | Islam |
| Tapak asma | |
Dr.(H.C.) Drs. H. Mohammad Hatta (lair ing Bukittinggi, 12 Agustus 1902 – tilar donya ing Jakarta, 14 Maret 1980 kanthi yuswa 77 taun) inggih menika salah sawijining pejuang, negarawan, lan pahlawan nasional wonten ing Indonésia.[2] Mohammad Hatta inggih dados wakil presidhèn sing kapisan wonten ing Indonesia.[3] Mohammad Hatta kagungan asma ingkang misuwur ing bebrayan inggih menika Bung Hatta,[4] nanging sejatosipun rumiyin asma alitipun inggih menika Mohammad Athar.[5] Bung Hatta menika misuwur dados Bapak Koperasi, lan asmanipun dipunginaaken dados nama bandar udara (bandara) internasional wonten ing Jakarta.
Bab lan Paragraf |
Kulawargi [sunting]
Bung Hatta miyos wonten ing Kampung Aur Tajungkang, Kutha Bukittinggi surya kaping 12 Agustus 1902.[5] Bung Hatta menika putra saking H. Mohammad Djamil (bapak) lan Siti Saleha (ibu).[5]
Bung Hatta dipunkagungi putra 3 (tiga) saking garwanipun ingkang asma Rahmi Hatta.[5] Putra sepisan dipunparingi asma Meutia Farida Hatta (21 Maret 1947), kaping kalih ingkang asma Gemala Rabi’ah Hatta (1953) lajeng ingkang kaping tiga asmanipun Halidah Nuriah Hatta (25 Januari 1956).[5]
Putrinipun asma Meutia Hatta njabat minangka Mentri Negara Pemberdayaan Perempuan jroning Kabinet Indonesia Bersatu pimpinan Presidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.
Pendhidhikan [sunting]
Pendhidhikan ing Indonesia [sunting]
Pendhidhikan Mohammad Hatta inggih menika sepisan HIS (sekolah dhasar bahasa Belanda kagem putra-putra pribumi).[6] Lan ugi Bung Hatta inggih pikantuk pendhidhikan dhasar ing Europese Largere School (ESL) ing Bukittingi (tamat 1916) lajeng Meer Vitgebreid Lagere Onderwijs (MULO) ing Padang (tamat 1919)).[7] dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011 Lan panjenenganipun ugi pados ilmu ugi nglajengaken pendhidhikan ing Handle Middlebare School (Sekolah Menengah Dagang) ing Jakarta lulus warsa 1921.[7]
Wiwit saking sekolah menengah pertama menika panjenenganipun sampun sregep nderek organisasi, sanesipun panjeneganipun inggih tiyang ingkang taat nglampahi ajaran agama Islam.[6] Nalika sekolah wonten ing Jakarta, panjeneganipun nglajengaken kegiatan kaliyan Jong Sumatranen Bond.[6] Panjenenganipun nalika semanten ugi asring wonten ing asrama Sekolah Tinggi Kedhokteran pepanggihan kaliyan kancanipun ingkang asma Bahder Djohan ingkang dados guru besar lan Rektor Universitas Indonesia.[6]
Pendhidhikan ing Luar Negeri [sunting]
Nalika Bung Hatta ndherek organisasi lan dados Bendahara Jong Sumatranen Bond ing Padang (1916-1919) ingkang kedah tanggel jawab lan ulet.[5] Panjenenganipun nglajengaken pendhidhikan perguruan tinggi Belanda mundhut ekonomi wonten ing Nederland Handelshogeschool di Rotterdam (tamat minangka gelar Drs, 1932).[5]
Lelabetan [sunting]
Aktif wonten Organisasi [sunting]
Mohammad Hatta ndhèrèk Indonesischee Vereniging, gerakan internasional (Liga Tegen Imperalisme,Tegen Koloniale Onderdrukking en voor Nationale Onafhankelijkheid-Liga menetang Imperialisme, Menentang Penindasan Kolonial Mendukung Kemerdekaan Indonesia).[6]
Mangsa Pandhudhuk Jepang [sunting]
Ing mangsa menika Bung Hatta dados tiyang wigatos ingkang nomer kalih(2) ing pemimpin Pusat Tenaga Rakyat (Putera,1942-1943), lajeng ing Jawa Hokokai (Himpunan Kebaktian Rakyat Jawa, 1943-1944).[6] Bung Hatta ugi ing Tyuo Sangi In (Dewan Pertimbangan Pusat, 1943-1944);ugi dados penasehat (sanyo) lan dados ketua dewan sanyo (1944-1945) ing departemen ekonomi. [6] Bung Hatta inggih dados anggota Panitia Penyelidik Adat-istiadat (1942), lan ingkang wigatos panjeneganipun ugi dados anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha kemerdekaan Indonesia (1945).[6]
Mangsa Revolusi [sunting]
Bung Hatta minangka salah sawijining tokoh saking prokamator kemerdekaan Indonesia.[6] Panjenenganipun dados tiyang ingkang wigatos nggantos pitung tembung ing Piagam Jakarta ingkang dipundadosaken Pambukaan UUD 1945:"dengan kewajiban menjalankan syari'at Islam bagi pemeluk-pemeluknya" dipungantos kaliyan "Ketuhanan Yang Maha Esa". [6]
Sipat Negarawan kagunganipun Bung Hatta [sunting]
Menawi bangsa India ngadhahi Mahatma Gandhi minangka bapak negarawan ingkang sedherhana, santun, bersahaja kagem rakyatipun, lajeng Indonesia ngadhahi Bung Hatta.[8] Salawas gesangipun, Bung Hatta kathah ngagem sipat santunipun dhumatheng sinten kemawon tiyangipun.[8] Menapa tiyangipun mungsuh menawi kanca.[8] Bung Hatta inggih sanget pakurmatanipun lan lajeng ngekanca ingkang raket kaliyan Bung Karno, minangka ing taun 1950-an tiyang kekalih menika boten saged makarya sesarengan malih babagan politik.[8] Panjenenganipun lengser saking jabatan Wakil Presidhèn ing taun 1956, amarga pasulayan kaliyan Presidhèn Soekarno.
Pahargiyan Bung Hatta [sunting]
Bung Hatta inggih dipuntunjuk dados tokoh HAM (Hak Asasi Manungsa).[9] Pahargiyan menika saking mengeti lelabetan Bung Hatta minangka bidang perlindungan uga penegakkan HAM.[9] Mengeti dinten HAM menika dhumawah surya kaping 10 Desember ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Bung Hatta.[10] Badan Penelitian lan Pengembangan HAM menika gadhah tujuan paring pangertosan malih bilih kula lan panjenegan sedaya minangka bangsa kedah mengeti lelabetanipun Bung Hatta kagem kepentinganipun bangsa ingkang salajengipun.[10]
Bung Hatta ugi dados Gelar Doktor Honoris Causa saking Universitas Gadjah Mada (1956), Universitas Hasanuddin (1973), lan Universitas Indonesia (1975).[5]
Panjenenganipun ugi nampi tanda jasa Bintang Republik saking Presiden Soeharto (15 Agustus 1972).[5]
Tilar donya [sunting]
Bung Hatta tilar donya surya kaping 14 Maret 1980 ing Jakarta.[5] Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Tanah Kusir, Jakarta.
Uga pirsani [sunting]
Rujukan [sunting]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b "Moh. Hatta" (in Indonesian). Profile of Vice Presidents. Secretary of Vice President of Republic of Indonesia. http://www.setwapres.go.id/profil-hatta.htm. Retrieved 2006-10-25.
- ^ (id)www.kaskus.us (dipunundhuh surya kaping 7 Juni 2011)
- ^ (id)kepustakaan-presiden.pnri.go.id (dipunundhuh surya kaping 7 Juni 2011)
- ^ (id)Profile Dr Mohammad Hatta (dipunundhuh surya kaping 4 Juni 2011)
- ^ a b c d e f g h i j (id)Biodata Mohammad Hatta (dipunundhuh surya kaping 29 Juli 2011).
- ^ a b c d e f g h i j (id) Noer,Deliar.2001.Membincangkan Tokoh-Tokoh Bangsa.Mizan Pustaka:Bandung hal 348
- ^ a b (id)id.shvoong.com
- ^ a b c d (id)orange.web.id(dipunundhuh surya kaping 14 Juli 2011)
- ^ a b (id)www.tribunnews.com (dipunundhuh surya kaping 18 Juli 2011)
- ^ a b (id)www.balitbangham.go.id(dipunundhuh surya kaping 18 Juli 2011)
Wacan terusan [sunting]
- Deliar Noer. 1990. Mohammad Hatta, Biografi Politik. Jakarta: LP3ES.
- Greta O. Wilson (ed.). 1978. Regents, reformers, and revolutionaries: Indonesian Voices of Colonial Days. Asian Studies at Hawaii, no 21. The University Press of Hawaii.
- George McTurnan Kahin. 1952. Nationalism and Revolution in Indonesia. Cornell University Press.
Pranala jaba [sunting]
- (id) Bung Hatta di TokohIndonesia.com
- (id) Menteri Luar Negeri Drs. Muhamad Hatta
- (id) Turun Gunung: Bung Hatta 11 Tahun di Belanda (20 September 1921 - 20 Juli 1932)
| Didhisiki déning: ora ana |
Wakil Presidhèn Républik Indonésia 1945-1956 |
Diganti déning: Sri Sultan Hamengkubuwana IX |
| Didhisiki déning: Amir Sjarifoeddin |
Perdhana Mentri Indonésia 1948–1950 |
Diganti déning: Abdul Halim |
| Didhisiki déning: Agus Salim |
Mentri Jaban Rangkah Indonesia 1949 - 1950 |
Diganti déning: Mohammad Roem |
|
||||||||||||||||
|
||||||||||||||||