Oemar Said Tjokroaminoto
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Gambar:Cokroaminoto 1.jpg
Hadji Oemar Said Tjokroaminoto
Oemar Said Tjokroaminoto utawa Raden Hadji Oemar Said Tjokroaminoto (lair ing Ponorogo, Jawa Wetan, 6 Agustus 1882 – kapundhut ing Yogyakarta, 17 Desember 1934 nalika umur 52 taun) iku salah siji pimpinan organisasi Sarekat Islam (SI) ing Indonésia.
Tjokroaminoto iku anak nomer loro saka 12 sedulur saka bapak R.M. Tjokroamiseno. Mbah kakunge, R.M. Adipati Tjokronegoro, iku mantan bupati Ponorogo.
Dheweke iku salah siji pejuang pergerakan nasional. Dheweke nduweni murid sing jenenge Musso kang nduweni sifat sosialis/komunis, Soekarno kang nasionalis, lan Kartosuwiryo kang agamis.