Suprijadi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Suprijadi (lair ing Trenggalék, Jawa Wetan, 13 April 1923 – kapundhut ing Semarang, Jawa Tengah, 4 Juni 2009) iku salah siji pahlawan nasional Indonésia. Dheweke uga dadi pimpinan pasukan Pembela Tanah Air (PETA) kang mbrontak marang Jepang ing Blitar nalika Februari 1945. Dheweke didadekake menteri keamanan rakyat nalika kabinet pisanan Indonésia, Kabinet Presidensial. Nanging diganti dening Soeljadikoesoemo nalika 20 Oktober 1945 amarga Suprijadi ora tau katon. Kepriye Suprijadi lan ing ngendi kapundhute isih dadi misteri.

Sabubare lulus ELS (satingkat SD), Suprijadi nerusake ing MULO (pada SMP), banjur mlebu Sekolah Pamong Praja ing Magelang nganti Jepang tekan ing Indonésia. Nalika jaman Jepang, Suprijadi mlebu SMA. Sawise iku, dheweke melu Latihan Pemuda (Seinendoyo) ing Tangerang.

Nalika sasi Oktober 1943, Jepang gawe Tentara Pembela Tanah Air (PETA). PETA dibentuk kanti tujuan kanggo menehi latian militer marang para pemuda Indonésia. Para pemuda kang wis melu PETA banjur digunakake mbantu Jepang lawan Sekutu.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Suprijadi&oldid=535153"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès