Soetomo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Soetomo

Lair 8 Mei 1888
Flag of Belanda Ngandjoek, Jawa Timur, Hindia Belanda
Tilar donya 30 Mei 1938 (umur 49)
Flag of Belanda Soerabaja, Jawa Timur, Hindia Belanda
Kabangsan Flag of Belanda Hindia Belanda

Dr. Soetomo (lair ing Ngepeh, Nganjuk, 30 Juli 1888, séda ing Surabaya, 30 Mei 1938) iku tokoh sing mandégani Budi Utomo, organisasi pergerakan sing pisanan ana ing Indonésia.

Ing taun 1903, Soetomo sekolah kedokteran ing School tot Opleiding van Inlandsche Artsen (STOVIA), Jakarta. Bebarengan karo kanca-kancané seka STOVIA, Soetomo ngedegaké paguyuban kanthi aran Budi Utomo, ing taun 1908. Sawisé lulus ing tahun 1911, priyayi iki dadi dokter pamaréntah ing sawetara panggonan ing Jawa lan Sumatra. Ing taun 1917, Soetomo dhaup klawan sawijining perawat Walanda. Ing taun 1919-1923, Soetomo nerusaké studi kedokteran ing negara Walanda.

Ing taun 1924, Soetomo ngedegaké Indonesian Study Club ing Surabaya, ing taun 1930 ngedegaké Partai Bangsa Indonesia lan ing taun 1935 ngedegaké Parindra (Partai Indonesia Raya).

Ing kabudayan Jawa, Soetomo paring tetinggalan arupa kalawarta basa Jawa kanggo kampanye, yaiku Panjebar Semangat

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Soetomo&oldid=527254"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès