Yos Sudarso
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Laksamana Madya Yosaphat Soedarso utawa kang luwih terkenal kanti nama Yos Sudarso (lair ing Salatiga, Jawa Tengah, 24 Nopember 1925 – kapundhut ing Laut Aru, 13 Januari 1962 nalika umur 36 taun) iku salah siji pahlawan nasional Indonésia. Dheweke gugur ing ndhuwur KRI Macan Tutul ing sajerone perang Laut Aru mungsuh Walanda nalika jaman kampanye Trikora. Kanggo ngenang jasane, namane digunakake kanggom jeneng KRI lan jeneng pulo.
Kapundhute Yos Sudarso disebabke perang antarane kapal motor torpedho duwekane Angkatan Laut Indonésia mungsuh Walanda. Kapal Indonésia kang lagi ana ing tengah ndalan menyang pante kidul Belanda Nugini saka kepulowan Aru.