Sutoyo Siswomiharjo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sutoyo Siswomiharjo
Sutoyo Siswomiharjo

Pahlawan Revolusi

Lair 28 Agustus 1922
Flag of Indonesia.svg Kebumen, Jawa Tengah,Indonésia
Tilar donya 1 Oktober 1965 (umur 43)
Flag of Indonesia.svg Jakarta,Indonesia
Agama Islam

Sutoyo Siswomiharjo (28 Agustus 1922 - 1 Oktober 1965) kuwi sawijining jendral Angkatan Dharat Indonesia kang diculik lan diprejaya jroning pacoban kudéta déning Gerakan 30 September.

Bab lan Paragraf

Early life [sunting]

Sutoyo lair ing Kebumen, Jawa Tengah, ngrampungaké sekolah nalika jaman serbuan Jepang taun 1942, lan jroning mangsa pendhudhukan Jepang, Sutoyo sinau admininstrasi pemerintahan ing Jakarta[1]. He then worked as a government employee in Purworejo, but resigned in 1944[2].

Karir militer [sunting]

Sawisé Proklamasi kamardikan Indonesia taun 1945, Sutoyo mlebu dadi anggota Tentara Keamanan Rakyat (TKR) sèksi Polisi. Sèksi iki sabanjuré dadi Polisi Militer Indonesia. Ing sasi Juie 1946, Sutoyo diangkat dadi ajudané Kolonel Gatot Subroto, komandan Polisi Militer. Ing taun 1954 dadi Kepala Staf ing Markas Polisi Militer lan mengku jabatan iki nganti rong taun sabanjuré dadi Asisten Atase Pertahanan ing London. Sawisé Sekolah Staf lan Komando ing Bandung taun 1959 - 1960, Sutoyo diangkat dadi pejabat Oditur Milter Angkatan Dharat, lan saka pengalamané ing babagan hukum kuwi ing taun 1961 Sutoyo diangkat dadi Oditur Militer/Kepala Jeksa Militer[1][2][3]

Séda [sunting]

Ing wayah subuh tanggal 1 Oktober 1965, anggota Gerakan 30 September]] kang dipimpin déning Sersan Mayor Surono mlebu omahé Sutoyo ing Jalan Sumenep, Menteng, Jakarta Pusat liwat garasi ing sisih omah. Wong-wong mau meksa njaluk kunci, mlebu omah lan kandha yèn Sutoyo ditimbali déning Presidhèn Sukarno. Sutoyo banjur digawa menyang markas gerakan ing Lubang Buaya[4][5]. Ing panggonan iki Sutoyo diprejaya lan jasadé dibuwang menyang sumur tuwa. Jasadé kasil diketemokaké tanggal 4 Oktober lan sabanjuré disarèkaké kanthi pakurmatan ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, diunggahaké pangkat dadi Mayor Jendral lan dianugerahi gelar Pahlawan Revolusi[6].

Referensi [sunting]

  • Anderson, Benedict R O'G & McVey, Ruth (1971), A Preliminary Analysis of the October 1, 1965 Coup in Indonesia, Modern Indonesian project Southeast Asian Program, Cornell University, Ithaca, NY
  • Bachtiar, Harsja W. (1988), Siapa Dia?: Perwira Tinggi Tentara Nasional Indonesia Angkatan Darat (Who is S/He?: Senior Officers of the Indonesian Army), Penerbit Djambatan, Jakarta, ISBN 979-428-100-X
  • Mutiara Sumber Widya (publisher)(1999) Album Pahlawan Bangsa (Album of National Heroes), Jakarta
  • Sekretariat Negara Republik Indonesia (1975) 30 Tahun Indonesia Merdeka: Jilid 3 (1965-1973) (30 Years of Indonesian Independence: Volume 3 (1965-1973)
  • Secretariat Negara Republik Indonesia (1994) Gerakan 30 September Pemberontakan Partai Komunis Indonesia: Latar Belakang, Aksi dan Penumpasannya (The 30 September Movement/Communist Party of Indonesia: Bankground, Actions and its Annihilation) ISBN 979-08300-025
  • Sudarmanto, Y.B. (1996) Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf (The Footsteps of Heroes from Sultan Agung to Syekh Yusuf), Penerbit Grasindo, Jakarta ISBN 979-553-111-5

Cathetan [sunting]

  1. ^ a b Sudarmanto (1996)
  2. ^ a b Mutiara Sumber Widya (publisher)(1999)
  3. ^ Bachtiar (1988)
  4. ^ Sekretariat Negara Republik Indonesia (1994)
  5. ^ Anderson & McVey (1971)
  6. ^ Sekretariat Negara Republik Indonesia (1975)