Agus Salim

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Presiden Sukarno kalihan Agus Salim wonten tahanan Belanda, 1949.
Agus Salim

Mangsa jabatan
3 Juli 1947 – 20 Desember 1949
Pejabat sadurungé Sutan Syahrir
Pengganti Mohammad Roem

Lair 8 Oktober 1884
Flag of Belanda Koto Gadang, Agam, Sumatra Kulon, Hindhia-Walanda
Tilar donya 4 November 1954 (umur 70)
Flag of Indonésia Jakarta, Indonesia
Kabangsan Indonesia
Profèsi Jurnalis, Diplomat
Agama Islam

Agus Salim utawi Haji Agus Salim (kanthi nama lair Mashudul Haq (ateges "pembéla kebenaran"); lair ing Koto Gadang, Agam, Sumatra Kulon, Hindhia-Walanda, 8 Oktober 1884 – tilar donya ing Jakarta, Indonésia, 4 November 1954 kanthi yuswa 70 taun) inggih menika salah satunggal péjuang kemerdékaan Indonesia.[1]Agus Salim lair saking pasangan Angku Sutan Mohammad Salim kalihan Siti Zainab.[2] Bapakipun inggih menika kapala jaksa wonten ing Pengadilan Tinggi Riau.[3]Pendidikan dasaripun dipuntempuh wonten ing Europeesche Lagere School (ELS), sekolah khusus kanggé laré-laré éropa.[2] Saksampunipun lulus saking ELS Agus Salim nglajengaken sekolah dateng Hoogere Burgerschool (HBS) wonten ing Batavia. [2]Nalika lulus Agus Salim saged dados lulusan ingkang paling saé ing HBS se-Hindia Belanda.[4]Saksampunipun lulus saking HBS Salim lajeng makarya dados penerjemah lan mbiyantu notaris wonten ing satunggaling kongsi pertambangan ing Indragiri. [1]Nalika taun 1906, Salim tindak menyang Jeddah, Arab Saudi kanggé makarya wonten ing Konsulat Belanda. [4]Wiwit taun 1915 Agus Salim lajeng dados rédaktur 2 wonten ing Harian Neratja. [2]Boten dangu, Agus Salim lajeng dipunangkat dados Ketua Rédaksi.[3] Agus Salim lajeng palakrama kalihan Zaénatun Nahar lan dipunkaruniai 8 lare.[3]Kegiatanipun wonten bidang jurnalistik ndadosaken Agus Salim dados Pemimpin Harian Hindia Baroé wonten ing Jakarta.[4] Selajengipun Agus Salim ngadegaken Surat kabar Fadjar Asia. [4]Selanjengipun Agus Salim dados Redaktur wonten Harian Moéstika ing Yogyakarta lan mbikak kantor Advies en Informatie Bureau Penerangan Oemoem (AIPO). [5]Sesarengan kalihan menika lajeng Agus Salim mlebet wonten ing dunia dunia politik minangka pandheganipun Sarekat Islam.[4]

[sunting] Karyanipun Agus Salim

Karya-karya ingkang sampun dipundamel dening Agus Salim inggih menika

  1. Riwayat Kedatangan Islam di Indonesia.[6]
  2. Dari Hal Ilmu Quran.[6]
  3. Muhammad voor en na de Hijrah.[6]
  4. Gods Laatste Boodschap.[6]
  5. Jejak Langkah Haji Agus Salim (Kumpulan karyanipun Agus Salim ingkang dipunkompilasi kolèganipun, Oktober 1954).[6]
  6. Menjinakkan Perempuan Garang (terjemahan saking The Taming of the Shrew karyaipun Shakespeare)[6]
  7. Cerita Mowgli Anak Didikan Rimba (terjemahan saking The Jungle Book karyanipun Rudyard Kipling)[6]
  8. Sejarah Dunia (karyanipun E. Molt)[6]

[sunting] Karir Politik

Wonten ing taun 1915, Salim gabung kalihan Sarèkat Islam (SI), lan dados pemimpin kalih ing di SI saksampunipun H.O.S. Tjokroaminoto.[4] Peranipun Agus Salim nalika perjuangan kemerdèkaan RI kadosta:

[sunting] Cathetan Suku


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Agus_Salim&oldid=672913"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès