Amir Hamzah
|
Amir Hamzah
|
|
![]() Amir Hamzah |
|
|
|
|
| Lair | 12 Februari 1911 Tanjung Pura |
|---|---|
| Kabangsan | Indonesia |
| Agama | Islam |
Tengku Amir Hamzah ingkang gadhah nama jangkep Tengku Amir Hamzah Pangèran Indera Putera (lair ing Tanjung Pura, Langkat, Sumatera wètan, 28 Februari 1911 – tilar donya ing Kuala Begumit, 20 Maret 1946 kanthi yuswa 35 taun) inggih menika sastrawan Indonèsia saking angkatan Pujangga Baru.[1] Amir Hamzah lair wonten ing lingkungan keluarga saking bangsawan Melayu (Kesultanan Langkat) lan berkècimpung wonten dunia sastra lan kabudayaan Melayu.[1] Amir Hamzah sekolah lan manggon wonten ing Pulau Jawa nalikanè pergerakan kemerdèkaan lan rasa kebangsaan Indonesia bangkit.[2] Amir Hamzah kathah nyinauni babagan kebudayaan modèrn, kebudayaan Jawa, lan kebudayaan Asia ingkang sanèsipun.[2] Wonten ing kumpulan sajak Buah Rindu (1941) ingkang dipunserat watawis taun 1928 ngantos taun 1935 saged dipuntingal perubahan lirik pantun lan syair Melayu tunuju sajak ingkang langkung modèrn.[3] Sareng kalihan Sutan Takdir Alisjahbana lan Armijn Pané Panjengenganipun ngedegaken majalah Pujangga Baru (1933), ingkang selajengipun dening H.B. Jassin dipunanggep dados tonggak jumenengipun angkatan sastrawan Pujangga Baru.[2] Kumpulan puisi karyaipun Amir Hamzah ingkang sanèsipun inggih menika Nyanyi Sunyi (1937), uga dipundadosaken kanggè bahan rujukan klasik kesusastraan Indonèsia.[3] Amir Hamzah ngadahi karya-karya terjemahan kadosta Setanggi Timur (1939), Bagawat Gita (1933), dan Syirul Asyar (tt.).[4] Amir Hamzah boten namung dados penyair ageng wonten zaman Pujangga Baru, ananging uga dados penyair ingkang kemampuanipun babagan bahasa Melayu-Indonesia ingkang dipunakui ngantos dumugi sakmenika.[3] Amir Hamzah tilar donya nalika Revolusi Sosial Sumatera Wètan ingkang wonten pesisir Sumatra iring wètan wonten awal taun nalikanipun Indonèsia merdèka.[5] Amir Hamzah Sèda wonten ing Kuala Begumit lan dipunsarekaken wonten pasarean Mesjid Azizi, Tanjung Pura, Langkat. Amir Hanzah sesampunipun sèda dipunangkat dados Pahlawan Nasional Indonesia.[5]
Pranala njawi [sunting]
Catethan Suku [sunting]
- ^ a b (id)www.tengkuamirhamzah.com
- ^ a b c (id)http://goodnewsfromindonesia.org
- ^ a b c (id)www.rajaalihaji.com
- ^ (id)www.hotel-deliriver.com
- ^ a b (id)www.thejakartaglobe.com
