Pujangga
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Sastrawan)
Pujangga iku sawijining wong sing pinter ing babagan basa utawa kasusastran.[1] Utawa uga pujangga iku wong sing pinter nganggit-anggit, yaiku ngarang utawa ngracik, kasusastran utawa basa amarga olèh wahyu.[1] Para pujangga iku wis ana saka wiwitaning jaman, ing mèh kabèh budaya, lan ngripta karya-karya sastra awujud puisi (geguritan utawa tembang) mawa kwalitas sing séjé-séjé.[2]
Ètimologi [sunting]
Tembung pujangga iku varian saka tembung bujangga.[3] Ing basa Jawa Kuna, tembung bujangga iki katulis bhujangga lan kajupuk saka basa Sangskreta.[4] Ing jaman Jawa Kuna, bhujangga iki tegesé para brahmana anom utawa siswané para brahmana.[4]
Réferènsi [sunting]
- ^ a b Kamus Basa Jawa (Kanisius 2001), léma pujangga
- ^ Orban, Clara Elizabeth (1997). The Culture of Fragments: Word and Images in Futurism and Surrealism. Rodopi. p. 3. ISBN 90-420-0111-9. http://books.google.com/books?id=KbCVyt6MWg0C.
- ^ Kamus Basa Jawa (Kanisius 2001), ing léma 'bujangga'.
- ^ a b Kamus Jawa Kuna - Indonesia, (Gramedia 1995), ing léma bhujangga.