Usman Janatin
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sersan Dua Anumerta Usman Janatin bin H. Ali Hasan (lair ing Dukuh Tawangsari, Desa Jatisaba, Kecamatan Purbalingga, Kabupatén Purbalingga, Jawa Tengah, 18 Maret 1943 – kapundhut ing Singapura, 17 Oktober 1968 nalika umur 25 taun) iku salah siji anggota KKO (Korps Komando Operasi; saiki diarani Marinir) Indonésia kang dicekel ing Singapura nalika kedadean Konfrontasi karo Malaysia. Bebarengan karo anggota KKO liyane sing jenege Harun, dheweke diukum gantung dening pemerintah Singapura nalika Oktober 1968 amarga ditudhuh ndokok bom ing Singapura nalika tanggal 10 Maret 1965.
Usman Janatin disarekake ing TMP Kalibata, Jakarta.